Friday, April 13, 2018

IKHLAS NGAMAL


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan  nambahi taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun taqwa. Nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan hanebihi sadaya pepacuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi pangertosan punika bilih taqwa kedah dipunwujudaken kanthi kalih perkawis, nuhoni pranatanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan hanebihi sadaya awisan-awisan-Ipun.
Pramila boten saged dipunaturaken: “Aku wis ngedegaké shalat”, sasampunipun lajeng tumindak maksiyat. “Aku wis nindakaké haji”, hananging sasampunipun wangsul saking Tanah Suci tasih remen kedholiman. Kanthi ringkes bilih komitmen taqwa punika, komitmen nindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan sesarengan ugi komitmen nilar sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap panggesangan kita. Mugi kita tansah pinaringan gesang begya mulya wiwit ing alam donya punika ngatos bénjang sowan ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Ѐstunipun  ngamal kanthi ikhlas punika mujudaken kuwajiban ingkang langkung wajib, tha’at ingkang langkung sahé, lan mujudaken dhasar/pokok tumrap sadaya ngamal. Manawi ngamal punika boten dipunkanthѐni ikhlas pramila ngamal punika boten gina lan boten wonten ganjaranipun ing donya lan ing akhirat. Malah kapara kalebet perkawis ingkang syirik, lan ngicalaken sadaya ngamal, kados dipun-ngendikakaken satunggalipun hadits qudsiy, Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika:
مَنْ عَمِلَ عَمَلاً أَشْرَكَ مَعِيْ فِيْهِ غَيْرِى تَرَكْتُهُ وَشِرْكَهُ. (رواه أحمد).
Tegesipun: “Sapa wongé ngamal, ana ing kono dhѐwѐké nyekuthokaké Ingsun marang saliyané Ingsun nalikané ngamal, mula Ingsun bakal ninggalaké ngamal iku lan anggoné nyekuthokaké”. (HR. Ahmad).
Ayat Al-Qur’an ingkang nunggal makna, Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi dhawuh wonten ing surat Al-Kahfi [18], ayat 110 makaten:
قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌ مِثْلُكُمْ يُوحَىٰ إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۖ فَمَنْ كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا.
Tegesipun: “Dhawuha sira!: “Sejatiné ingsun iki mung sawijiné manungsa kaya déné sira kabѐh kang kawahyokaké marang ingsun: “Yѐn sabeneré Pengéran ira kabѐh iku hiya mung Pengѐran Kang Maha Tunggal”. Sapa wongé kepéngin bisa sapatemon karo Pengérané, mula hiya dhѐwѐké nglakoni ngamal kang shalih lan aja nganti dhѐwѐké nyekuthokaké sapa wahé ing sajroné ngibadah marang Pengérané”. (QS. Al-Kahfi [18]: 110).
Kanthi ayat Al-Qur’an lan Hadits kasebat paring syari’at bilih ngamal shalih punika kedah dipunsaranani kanthi ikhlas, nyuwijѐkaken ngamal punika dipuntindakaken hanamung karana Allah Subhanahu wa Ta’ala, boten riya’, lan pados popularitas.
Allah Subhanahu wa Ta’ala ngétang ngamal kawula-Nipun punika jumbuh kaliyan niyat lan kaikhlasanipun nalika nindakaken amal. Allah Subhanahu wa Ta’ala Maha Mirsani punapa ingkang ghaib lan ingkang kasat mripat. Sadaya ngamalipun tiyang dipuncathet boten wonten ingkang cѐwѐt satunggal kéwala, lan bénjang badhé kaparingaken minangka tanggeljawabipun wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Prayogi ngamal shalih punika dipunrahasiaaken, jalaran piwales ganjaran punika saking Gusti Allah Dzat Ingkang Mangertosi sadaya ingkang dipunrahasiaaken. Kajawi, dipundhohiraken ngamal kasebat paring kamaslahatan, kados shadaqah lan zakat, ing pangajab tiyang sanѐs niru ngamal ingkang sami.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Ing wusana, sumangga kita ngamal shalih kanthi ikhlas hanamung pados ridha lan barokahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Poma dipoma ngatos-atos, nyuwun pangreksa dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala saking tumindak riya’, ingkang riya’ makaten badhé ngicalaken sadaya ngamal.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 050318, 17.40)=-

No comments:

Post a Comment