Wednesday, July 13, 2016

URIP IKU MUNG MAMPIR NGOMBÉ




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya ngalam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken. Dzat ingkang paring rizki dhumateng kita sami. Dzat ingkang paring sakit lan paring obat amprih saged pinaringan saras. Dzat ingkang paring sandhang lan pangan ingkang murakapi. Dzat ingkang ngatur rina lan dalu; rina kanggé ngupados sandhang pangan lan dalu kanggé saré utawi istirahat.
Sholawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah SwT. nerangaken bilih satunggal dinten akhirat punika sami kaliyan sèwu dinten ing ngalam donya (1 dinten akhirat = 1000 tahun donya). Kados dipunsebataken Allah SwT. wonten ing Al-Qur’anul Karim:
وَإِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَأَلْفِ سَنَةٍ مِمَّا تَعُدُّونَ
“Sejatiné mangsa sedina ing ngersané Allah iku kaya déné sèwu tahun saka tahun-tahun kang sira étung.” (QS. Al Hajj [22]: 47).
Gegayutan kaliyan katerangan Allah SwT. punika Rasulullah saw. ugi paring dhawuh, makaten:
يَدْخُلُ فُقَرَاءُ الْمُؤْمِنِينَ الْجَنَّةَ قَبْلَ الأَغْنِيَاءِ بِنِصْفِ يَوْمٍ خَمْسِ مِائَةِ عَامٍ
“Wong iman kang miskin bakal mlebu Suwarga sadurungé wong-wong sugih, yaiku luwih dhisik ½ (setengah) dina kang padha 500 (gangsal atus) tahun.” (HR. Ibnu Majah no. 4122 lan Tirmidzi no. 2353. Al-Hafizh Abu Thohir ngendikakaken bilih sanad hadits punika hasan).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hadits kasebat nedahaken bilih setengah dinten ing akhirat sami kaliyan 500 tahun ing ngalam donya. Utawi 1 (satunggal) dinten akhirat sami kaliyan 1000 (sèwu) dinten ing donya.
Rasulullah saw. ugi paring sanépa bilih gesang ing ngalam donya punika kados déné musyafir; tiyang késah utawi mlancong. Rasulullah saw. ugi paring sanépa bilih tiyang gesang ing ngalam donya punika kados tiyang  ingkang tiyang BORO. Ingkang suraosipun bilih tiyang gesang ing ngalam donya punika namung sakedhap sanget, boten dangu lan sakedhap badhé wangsul dhateng papan asalipun malih. Lan  manawi tiyang Jawi ngendika makaten: “URIP IKU MUNG MAMPIR NGOMBÉ”.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Salajengipun, sumangga kita étang sesarengan manawi 1000 tahun ing donya = 1 dinten ing akhirat. 1 dinten akhirat  = 24 jam akhirat. 12 jam akhirat = 500 tahun ing donya. 6 jam akhirat = 250 tahun ing donya. 3 jam akhirat = 125 tahun ing donya. 1,5 jam akhirat = 62,5 tahun ing donya.
Manawi umur kita 63 tahun, lajeng kita ginakaken kanggé saré utawi istirahat 8 jam; (1/3 x 24 jam = 8 jam). Pramila wekdal ingkang kita ginakaken saré utawi istirahat 21 tahun. Salajengipun manawi umur / gesang kita 63 tahun dipunkirangi 21 tahun, gesang kita ing ngalam donya punika namung 42 tahun, utawi 1 (satunggal) jam ing akhirat; 42 tahun donya = 1 jam akhirat.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Salajengipun gegayutan kaliyan ngibadah ingkang wigatos lan ingkang utami, inggih punika ngibadah shalat. Manawi saben dinten kita nindakaken shalat wajib 5 (gangsal) wekdal, lan saumpami satunggal wekdal kanggé shalat betah wekdal 5 (gangsal) menit, Gunggungipun wekdal kanggé shalat kita 25 (selangkung) menit, inggih punika 5 wekdal x 5 menit = 25 menit.
1 (satunggal) dinten, kita shalat 25 (selangkung) menit, 1 (satunggal) minggu = 175 menit, 1 (satunggal) wulan = 700 menit, 1 (satunggal) tahun = 140 jam.
Dados kita ngibadah shalat madhep sowan dhumateng Allah SwT. namung betah wekdal 25 (selangkung) menit kémawon. Salajengipun menawi kita étang kanti matematika kita shalat salaminipun kita gesang ing ngalam donya manawi umur kita 63 tahun, namung betah wekdal 292 dinten utawi  9  wulan.
Étangan cara matematika makaten. Tiyang gesang ing ngalam donya punika rata-rata 63 tahun. Wekdal baligh rata-rata 13 tahun. Pramila gesang kita ing ngalam donya kanggé shalat namung 50 tahun ;  umur 63 tahun –  wekdal baligh 13 tahun = 50 tahun. Salajengipun, 50 tahun x 140 jam = 7000 jam. Lajeng 7000 jam = 9 wulan.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Manawi kita dipunparingi umur 63 tahun, lan kita sregep shalat 5 wekdal tanpa mandheg, lajeng kita étang kanthi matematika donya saged dipunsimpulaken bilih umur 63 tahun punika namung betah wekdal 9 (sangang) wulan ingkang kanggé ngibadah shalat madhep dhumateng Allah SwT.
اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ.
Émanipun boten sakedhik tiyang anggènipun hangginakaken wekdal ingkang dipunparingaken Allah Ta’ala punika namung kanggé tumindak ingkang boten manfa’at, ingkang handadosaken gesang sangsara, umpaminipun kanggé ghibah; nyatur tiyang sanès, nyolong barangipun liyan, dhahar lan ngujuk haram, ngrisak pager ayu / selingkuh.
نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ ذَالِكَ.
Awit saking punka, sumangga kita sesarengan tata-tata siyaga ing dhiri, ngathah-ngathahaken ngibadah, istighfar, lan nyambut damel ingkang sahé kanggé sangu gesang kita ing akhirat, lan siyaga dhiri ngadhepi sakarortul maut ingkang sanget hanggegirisi.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
1 (satunggal) dinten akhirat sami kaliyan 1000 (sèwu) dinten ing ngalam donya. Manawi umur kita 63 (suwidak tiga) tahun ing ngalam donya, punika ateges gesang kita punika hanamung 1½ jam ngalam akhirat.
Awit saking punika, sumangga sesarengan kita manfa’ataken wekdal sakedhik punika kanggé tumindak ingkang sahé, kanti lelambaran dhèrèk dhawuhipun Allah SwT. lan Rasulullah saw, ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah.
Pancèn kasinggihan bilih gesang ing ngalam donya punika namung mampir ngombé; “URIP IKU MUNG MAMPIR NGOMÉ.” Ing wusana kita pungkasi khutbah ing dinten Jum’ah punika kanti kita gatosaken sesarengan dhawuhipun Allah SwT. wonten ing kitab Al-Qur’an surat Al-‘Asr [103] ayat 1-3:
ÎŽóÇyèø9$#ur ÇÊÈ   ¨bÎ) z`»|¡SM}$# Å"s9 AŽô£äz ÇËÈ   žwÎ) tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä (#qè=ÏJtãur ÏM»ysÎ=»¢Á9$# (#öq|¹#uqs?ur Èd,ysø9$$Î/ (#öq|¹#uqs?ur ÎŽö9¢Á9$$Î/ ÇÌÈ  
1. Dhemi wektu. 2. Satemené manungsa iku yekti ana ing srajoné kapitunan, 3. Kajaba wong-wong kang iman lan nglakoni ngamal shalèh lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa hanaati ing  kabaneran lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa hanetepi ing kesabaran.”
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 160616, 10.20)=-

2 comments:

  1. terimakasih sekali,sy pake untuk kutbah jumat di mesjid saya....smg mendapat balasan dari Alloh Swt

    ReplyDelete