Friday, April 13, 2018

NGGINAKAKEN BANDHA MITURUT SYARIAT ISLAM


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للَّهِ حَقَّ حَمْدِهِ, وَالسُّكْرُ لِلَّهِ حَقَّ شُكْرِهِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, , وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَنَيِيَّ يَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَهُ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’ah rahimani wa rahimakkmullah,
Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhumateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kureping langit. Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad salallahu ‘alaihi wasalam, kulawarga lan para shahabatipun, sumrambah dhumateng kita sadaya, amin. Raosipun kita getun manawi sapungkuripun kita nindakaken shalat Jum’atan punika lajeng boten tambah iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Awit saking punika sumangga sesarengan budidaya amrih iman lan taqwa kita samsaya ngrembaka  kanthi sregeb lan nambahi anggèn kita ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Ngathah-ngathahaken bandha punika boten dipunawisi  déning agama kita; Islam,  namung kémawon kedah dipuntindakaken kanthi cara ingkang leres lan boten ngrèmèhaken kuwajiban-kuwajiban sanèsipun. Kajawi punika kedah dipunsadhari lan dipunmangertosi bilih bandha punika sanès tujuwan (al-Ghayyah), ananging bandha punika mujudaken sarana (al-Wasilah). Minangka sarana, pramila bandha kedah dipun-ginakaken jumbuh kaliyan fungsinipun, kados dhawuh pangandikanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kasebat wonten ing Al-Qur’an surat At-Taubat [9] ayat 34:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ كَثِيرًا مِنَ الْأَحْبَارِ وَالرُّهْبَانِ لَيَأْكُلُونَ أَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ وَيَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۗ وَالَّذِينَ يَكْنِزُونَ الذَّهَبَ وَالْفِضَّةَ وَلَا يُنْفِقُونَهَا فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَبَشِّرْهُمْ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ
“Hé wong-wong kang padha iman kabèh!, satemené akèh-akèhé Pandhita Yahudi lan Rahib Nasrani iku bener-bener padha mangan bandhané manungsa kanthi dalan kang batil, lan dhèwèké kabèh padha ngalang-ngalangi (manungsa) saka dalan Allah. Lan wong-wong kang padha nyimpen emas lan pérak lan ora padha nafkahaké marang dalan Allah, mula dhawuhna marang dhèwèké kabèh (yèn dhèwèké kabèh bakal nampa) siksa kang lara”. (QS. At-Taubat [9]:34).
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Wonten ing madyaning masyarakat sakiwa tengen kita asring manggihi satunggaling tiyang éngkang pinter pados arta, sahingga piyambakipun dados tiyang ingkang sugih bandha, ananging piyambakipun boten mangertos kados pundi caranipun ngginakaken bandhanipun. Ing wasana pungkasanipun bandha kasebat dipunblanjakaken kanggé perkawis ingkang boten manfa’at lan migunani, malah kepara bekta pangaribawa awon ingkang boten dipunleresaken déning agami. Tiyang kados makaten punika kalebet tiyang ingkang boten syukur. Jalaran hakékat syukur punika boten ngginakaken nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala  kanggé perkawis ingkang dipunsaru déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Agami Islam paring tuntunan gegayutan kaliyan bandha; kadhawuhan pados lan ngginakaken bandha kanthi margi ingkang leres. Tiyang Islam kedah sregep makarya nyambut damel boten wegah-wegahan amrih cekap kabetahanipun, lan saged dados sarana nyaket dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Anggènipun makarya minangka wekdal kanggé nengga wekdal shalat. Jalaran shalat mujudaken sakaning agami.  Manawi shalatipun tiyang punika tertib lan teratur, pramila badhé tertib lan teratur ugi ngamal-ngamal sanèsipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Bandha punika èstunipun minangka titipan lan anugrahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados kasebat ing Al-Qur’an surat Al-Hadid [57] ayat 7 Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh;
آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَأَنْفِقُوا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُسْتَخْلَفِينَ فِيهِ ۖ فَالَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَأَنْفَقُوا لَهُمْ أَجْرٌ كَبِيرٌ
“Padha imana sira kabèh marang Allah lan Rasul-É lan padha blanjakna sadhéngah saking bandha ira kabéh kang Allah wus ndadèkaké sira kabèh bisa nguwasani. Mula wong-wong kang padha iman ing antarané sira kabèh  lan blanjakaké (sadhéngah) saking bandhané, merkolèh ganjaran kang gedhé”. (QS. Al-Hadid [57]:7).
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Kajawi tiyang punika dipunparingi hak kanggé nyekapi kabetahanipun, pramila tiyang ugi kadhawuhan nindakaken kuwajiban-kuwajiban gegayutan kaliyan bandhanipun ingkang dados hakipun tiyang sanès. Jalaran wonten ing salebeting badha punika wonten hakipun Allah tumrap para fakir miskin lan dhu’afa’ arupi sedekah lan zakat. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh kasebat wonten ing Al-Qur’an surat  Al-Ma’aarij [70]: 24-25;
وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَعْلُومٌ, (24) لِلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ (25)
Tegesipun:  “lan wong-wong kang ana ing sajroné bandhané cumawis bagian kang wus dèn temtokaké, [24]. kanggo wong (miskin) kang njejaluk lan wong kang ora duwé apa-apa (kang ora gelem njejaluk)”. [25]. (QS. Al-Ma’aarij [70]: 24-25).
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Kita mangertos lan yakin bilih zakat punika minangka kuwajiban ingkang linangkung wigatos, jalaran zakat kasebat minangka rukun Islam. Ananging kasunyatanipun taksih kathah tiyang Islam ingkang dèrèng nindakaken zakat kanthi tertib, displin, lan konsekuwèn. Mbok menawi kémawon ingkang ndadosaken boten tertib lan boten konsekuwèn bayar zakat punika jalaran saking cupeting pangertosan gegayutan kaliyan zakat. Kathah tiyang ingkang nggadhahi pamanggih bilih zakat punika namung zakat fitrah. Kamangka kajawi zakat fitrah punika taksih  wonten malih zakat, arupi zakat emas, pérak, arta, kéwan, dagangan, lan taneman ingkang sacara hukum sami kaliyan zakat fitrah. Mbok bilih kèmawon wonten tiyang ingkang badhé zakat ananging boten mangertos kados pundi caranipun lan dhateng sinten zakat punika dipunaturaken. Kanthi punika dadosaken perkawis ingkang wigatos tumrap para Ustadz/Da’i paring sesuluh lan pangertosan zakat dhateng masyarakat.
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Miturut  ajaran syari’at agami Islam, saben tiyang ingkang kiat lan sehat dipunwajibaken nyekapi kabetahanipun, lan boten nggantungaken kabetahanipun dhateng tiyang sanés. Awit saking punika Islam ngawisi ngemis nyuwun ngathung lumahing tangan njagakaken peparingipun tiyang sanès, kajawi pancèn kapeksa. Ngemis punika minangka satunggaling pilihan (alternatif) ingkang pungkasan. Boten sakedhik tiyang ingkang sampun mbanting tulang, meres tenaga ananging tetep kémawon dèrèng saged hanyekapi kabetahan gesangipun. Tumrap tiyang ingkang sèkèng (dhu’afa’) punika dados tanggeljawabipun para aghniya’ kanggé nglajengaken gesangipun.
Tumrap para aghniya’ ugi kadhawuhan ngathah-ngathahaken sedhekah kanthi ngutamèkaken kaum kerabat, tangga-tangganipun lan sanès-sanèsipun ingkang langkung betahaken. Remen sedhekah punika kalebet pendamelan ingkang mulya lan bakhil punika pendamelan ingkang cacat lan ina. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِينَ يَبْخَلُونَ بِمَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ هُوَ خَيْرًا لَهُمْ ۖ بَلْ هُوَ شَرٌّ لَهُمْ ۖ سَيُطَوَّقُونَ مَا بَخِلُوا بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ وَلِلَّهِ مِيرَاثُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
“Babar pisan aja nganti wong-wong kang padha medhiti bandha kang wus kaparingaké déning Allah marang dhèwèké kabèh saka kanugrahan-É iku padha ngira yèn kamedhitan iku apik tumrap dhèwèké kabèh. Sejatiné kamedhitan iku ala tumrap dhèwèké kabèh. Bandha kang dimedhiti déning dhèwèké  kabèh iku bakal dikalungaké ana ing guluné mbésuk  ing dina Kiyamat. Lan hiya namung kagungané Allah wahé, sakabèhané warisan (kang ana) ing langit lan bumi. Lan Allah mirsani apa kang sira kabèh padha nglakoni”.  (QS. Ali Imran [3]:180).
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Makaten khutbah ing siyang punika ingkang saged kula aturaken. Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah paring hidayah lan taufiq dhumateng kita, sahingga kita tansah dipunkanthi dhateng margi igkang leres. Sregep nyambut damel pikantuk rezeki  lan bandha cekap kanggé nyekapi kabetahan, lan boten katalumpèn ngedalaken sedekah lan zakat. Pungkasanipun kita saged gesang begja mulya ing donya lan ing akhirat.  Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 201217. 10.52)=-

No comments:

Post a Comment