Friday, April 13, 2018

MЀSEM PUNIKA SEDEKAH


أَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدُ لِّلهِ القَوِيِّ المَتِينِ، سُبْحَانَهُ خَلَقَ الإِنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيمٍ، وَهَدَاهُ لِلْمَنْهَجِ القَوِيمِ، وَسَنَّ شَرَائِعَ فِيهَا القُوَّةُ وَالتَّمْكِينُ، بِحِكْمَتِهِ نُؤْمِنُ، وَبِقُدْرَتِهِ نُوقِنُ، عَلَيْهِ نَتَوَكَّلُ، وَإِيَّاهُ نَستَعِينُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَريْمِ: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

Ayyuhal muslimuun hafidzakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Kathah hadits ingkang nerangaken lan dhawuh dhumateng kita umat Islam supados ngathah-ngathahaken utawi gampil mѐsem, jalaran tiyang mѐsem punika dados sedekah.
Ing antawisipun dhawuhipun Rasululah shallallahu ‘alaihi wa sallam makaten:

(تَبَسُّمُكَ فِي وَجْهِ أَخِيكَ صَدَقَةٌ (رواه الترمذى

“Ѐsemmu ana sangarepé sedulurmu iku sedekah”. (HR. Tirmidzi).
Hadits sanѐs ingkang nunggal makna Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi dhawuh:
لَا تَحْقِرَنَّ مِنَ الْمَعْرُوفِ شَيْئًا، وَلَوْ أَنْ تَلْقَى أَخَاكَ بِوَجْهٍ طَلْقٍ.
“Sira aja nganti ngrѐmѐhaké suwijining kabecikan, sanajan mung kanthi wajah / rahi kang  sumringah nalika ketemu sedulurmu”. (HR. Muslim no 2626).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Nalika kita kraos sedhih, cobi kémawon kita mѐsem. Raos kita badhé langkung sahé, penggalih lan pikiran kita badhé sumringah. Nalika kita mѐsem, tubuh kita badhé paring sinyal-sinyal positif panggesangan. Nalika kita mѐsem, gampil senyum, ndadosaken pikiran kita langkung rileks. Suwasana ing kanan kéréng kita dados ceria lan kebak semangat.

Kosok wangsulipun, sanajan boten wonten perkawis, manawi kita mrengut, mbesengut, cemberut, donya ingkang jembar punika dados ciut. Tiyang sakiwa tengen kita badhé dados boten sekéca raosipun. Suwasana ceria ing manah kita  baka sekedhik badhé sirna. Penggalih kita badhé katutup mendhung kegalauan, komunikasi badhé mandheg, lan rizki ugi badhé seret.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Para ahli ngendikakaken, bilih kanggé mѐsem kita namung mbetahaken  tenaga 17 otot, lan nalika kita mrengut, cemberut, kita mbetahaken tenaga 43 otot. Sawenѐh ahli ngendikakaken, bilih mѐsem/senyum mbetahaken 26 otot, lajeng mrengut 62 otot.

Kita kathah-kathahipun kirang nggatosaken babagan mѐsem lan mrengut / mbesengut punika. Kanthi mѐsem, donya ingkang jembar punika saged katingal éndah, suwasana lan penggalih kita badhé sumringah. Manawi mrengut donya ingkang éndah lan jembar badhé katingal ciut, penggalih suntrut, lan badhé cepet sesandhingan kaliyan maut.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Awit saking punika sumangga wiwit sapunika ugi kita mѐsem kanthi ѐnthѐng, boten awrat mѐsem, wegah mѐsem, lan punapa malih boten naté mѐsem. Jalaran mѐsem punika jembaraken rizki, nambah kathah sedhѐrѐk, nyegeraken sarira, donya katingal jembar, lan malah minangka dados sedekah.

Inggih mesthi kémawon mѐsem ingkang manut pranatan syari’at agami. Mѐsem punika adadipun boten katingal waja utawi untunipun. Hambok bilih prayogi kita gladѐn mѐsem wonten ing sangajenging kaca/cermin punika langkung prayogi.

Nyuwun pangreksanipun Gusti Allah Ta’ala mugi kita dipunparingi ѐnthѐng nindakaken sadaya dhawuh-dhawuh-Ipun lan dipunparingi sabar nilar sadaya awisan-awisan-Ipun. Mugi gesang kita bagya mulya ing alam donya lan ing alam akhirat.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.
 أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ  وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
 وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 140318, 08.12)=-

No comments:

Post a Comment