Friday, April 13, 2018

SREGEP MAKARYO


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَوةَ لِيَبْلَوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلاً. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْ بِنَفْسِيْ وَإِيَّكُمْ بِتَقْوَى اللهِ تُقَاتِهِ,  فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang handadosaken pejah lan gesang, amrih Allah Hamirsani sintena tiyang ingkang langkung sahé amalipun.
Shalawat lan salam mugi tansah kapiraken dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, para shahabat, lan para tiyang ingkang tansah handhѐrѐk dhawuh-dhawuhipun ngantos bénjang dinten qiyamah.
Kula minangka khatib ing dinten Jum’ah siyang punika, keparenga kula ngajak dhumteng awak kula piyambak ugi dhumateng panjenengan sadaya, sumangga kita hambudidaya iman lan taqwa saged ngrembaka, amrih gesang kita tansah pinaringan widada mulya ing alam donya lan alam akhirat mangké.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sregep makaryo utawi sregep nyambut damel punika mujudaken péranganipun Akhlaq Karimah ingkang kedah dipuntindakaken déning saben-saben tiyang Islam. Jalaran hanamung makaryo kanthi sregep kémawon tiyang badhé saged ngundhuh hasilipun. Hanamung tiyang Islam ingkang paripurna kémawon ingkang hanggadhahi etos kerja linangkung makaryo pados rizki halal lan thoyyib kanggé hanyekapi kabetahan dhiri pribadhinipun lan kaluwarganipun.
Tiyang Islam paripurna anggénipun makaryo kanthi waton, lan boten waton makaryo. Watonipun makaryo tiyang Islam ingkang paripurna punika boten wonten sanés inggih ingkang awujud Al-Qur’an lan As-Sunnah kados ingkang dipuntindakaken para Nabi lan para Rasul ingkang minulya anggѐnipun pados rizki.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing surat At-Taubat [9] ayat 105:
وَقُلِ اعْمَلُوا فَسَيَرَى اللَّهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُولُهُ وَالْمُؤْمِنُونَ ۖ وَسَتُرَدُّونَ إِلَىٰ عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
"Tegesipun: “Lan dhawuha sira, Muhammad! “Padha ngamala sira kabѐh, mula Gusti Allah lan Rasul-É sarta wong-wong mukmin bakal mirsani ngamalira kabѐh, lan sira kabѐh bakal kasowanaké marang (Gusti Allah) kang Mirsani marang (perkara) kang samar lan kang nyata, banjur Panjengané (Gusti Allah) bakal ngabaraké marang sira kabѐh apa kang sira kabѐh padha nglakoni”. (QS. At-Taubat [9]:105).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلْهِ وَسَلَّمَ قَالَ: كَانَ زَكَرِيَّا عَلَيْهِ السَّلاَمُ نَجَارًا. (رواه مسلم).
Tegesipun: “Hadits saka Abi Hurairah ra.,  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: “Nabi Zakariya as. iku sawijining tukang kayu”. (HR. Muslim).
Tiyang Islam punika kedah sregep makaryo, boten pareng wegah-wegahan, sangga uang, kongko-kongko. Punapa malih hanamung nyadhong paparingipun tiyang sanѐs. Ingkang kados makaten punika sanget dipunawisi déning agami Islam, kedah dipunsingkiri, lan dipuntebihi.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Rizki ingkang halal punika hanamung saged dipunperkolih kanthi cara ingkang halal ugi. Lan hanamung tiyang Islam paripurna kémawon ingkang makaryo kanthi waton agami, lan inggih ingkang badhé pikantuk kasampurnaning rizki. Hanamung kémawon boten lajeng teras pikantuk, hananging kedah sregep makaryo lan budidaya amrih kasambadan pikantuk sempurnaning rizki.
Awit saking punika tiyang Islam ingkang paripurna tansah nglenggana bilih sadaya ingkang wonten Astanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kedah dipunpadosi kanthi cara-cara ingkang halal, lan manawi waton makaryo; kanthi cara haram, pramila boten badhé wonten manfa’atipun.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sregep makaryo budidaya pados rizki halal kanggé hanyekapi kabetahan kaluwarga punika  mujudaken padamelan ingkang dipuntrisnani Allah Subhanahu wa Ta’ala. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
إِنَّ اللهَ تَعَلَى يُحِبُّ أَنْ يَرَى عَبْدَهُ تَعَبًا فِيْ طَلَبِ الْحَلاَلِ. (رواه ديلمي).
”Satemené Allah Ta’ala iku seneng mirsani marang kawula-Né kang padha ngupaya barang kang halal”. (HR. Daelami).
Sregep makaryo pados rizki ingkang halal punika minangka akhlaq Islam ingkang pinuji. Makaryo wewaton syari’at agami Islam dados sarana kasampurnanipun rizki halal. Kaluwarga ayem tentrem gumantung saking kados pundi caranipun pados rizki. Mugi-mugi Allah Ta’ala paring hidayah lan taufiq dhumateng kita; sregep makaryo, lan dipuntebihaken saking watak wegah-wegahan. Jalaran watak punika dipunbenci déning agami.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ. 
-=(hms, 100318, 10.36)=-

No comments:

Post a Comment