Friday, April 13, 2018

MANAWI KITA KATAMAN SIFAT IBLIS


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan  nambahi taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun taqwa. Nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan hanebihi sadaya pepacuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi pangertosan punika bilih taqwa kedah dipun ujudaken kanthi kalih perkawis, nuhoni pranatanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan hanebihi sadaya awisan-awisan-Ipun.
Pramila boten saged dipunaturaken: “Aku wis ngedegaké shalat”, sasampunipun lajeng tumindak maksiyat. “Aku wis nindakaké haji”, hananging sasampunipun wangsul saking Tanah Suci taksih remen kedholiman. Kanthi ringkes bilih komitmen taqwa punika, komitmen nindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan sesarengan ugi komitmen nilar sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap panggesangan kita. Mugi kita tansah pinaringan gesang begya mulya wiwit ing ngalam donya punika ngatos bénjang sowan ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Manawi kita mireng makhluq ingkang naminipun Iblis, kita lajeng kѐmutan dhateng makhluq ingkang ganas, lan sifat sanѐsipun ingkang hanggegirisi, lajeng ndadosaken kita mlajar lan nyuwun pangreksa dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala amrih boten kataman pangridhunipun Iblis. Tiyang Islam ingkang waras temtu ajrih manawi kataman pangridhunipun Iblis lakanatullah. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Al-A’raf [7] ayat 11-12 makaten:

وَلَقَدْ خَلَقْنَاكُمْ ثُمَّ صَوَّرْنَاكُمْ ثُمَّ قُلْنَا لِلْمَلائِكَةِ اسْجُدُوا لآدَمَ فَسَجَدُوا إِلا إِبْلِيسَ لَمْ يَكُنْ مِنَ السَّاجِدِينَ. (11), قَالَ مَا مَنَعَكَ أَلا تَسْجُدَ إِذْ أَمَرْتُكَ قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِنْهُ خَلَقْتَنِي مِنْ نَارٍ وَخَلَقْتَهُ مِنْ طِيْنٍ. (12).
Tegesipun: “Satemené Ingsun wus nitahaké sira (Adam), nuli Ingsun gawé awak ira, banjur Ingsun dhawuh marang para Malaikat: “Padha sujuda sira marang Adam”; mangka malaikat-malaikat mau padha sujud kajaba Iblis. Dhѐwѐké ora kalebu golongané wong-wong kang padha sujud [11]. Allah dhawuh: “Apa kang ngalang-alangi sira sujud (marang Adam) nalika Ingsun parintah marang sira?”. Iblis matur: “Kawula langkung sahé katimbang piyambakipun, Panjenengan titahaken kula saking latu lan Panjenengan titahaken Adam saking siti/lemah“. (QS. Al-A’raf [7]:11-12).  
Sifat Iblis ingkang hanggerisi punika kita asring léna, lan boten kraos manawi kita kataman pangridhunipun Iblis, jalaran sanget alus pangridhunipun, boten ngѐmuti para petani, para bakulan, para ustadz, lan para kyai kémawon saged kataman pangridhunipun Iblis. Sifat ganas lan ina punika hanjalari piyambakipun dipunlaknat wiwit Nabiyullah Adam ‘alaihi sallam dipuncipta ngantos dinten Qiyamat. Sifat ganas lan inanipun Iblis inggih punika sifat sombong utawi takabur. Sifat takabur utawi gumedhé punika warisanipun Iblis, jalaran Iblis punika ingkang hanggadhahi akhlaq sifat punika.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Wonten ing ayat 11 lan 12 surat Al-A’raf kasebat ing nginggil paring pawartos bilih ingkang hanjalari Iblis takabur punika rumaos piyambakipun langkung sahé katimbang Nabi Adam ‘Alaihi salam; piyambakipun kacipta saking latu, lajeng Nabi Adam saking siti.
قَالَ مَا مَنَعَكَ أَلا تَسْجُدَ إِذْ أَمَرْتُكَ قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِنْهُ خَلَقْتَنِي مِنْ نَارٍ وَخَلَقْتَهُ مِنْ طِيْنٍ.
Ucapan punika ingkang kaucapaken Iblis nalika dipundangu Allah Subhanahu wa Ta’ala: “Aku luwih apik katimbang dhѐwѐké”. Ucapan ingkang lahir saking sifat sombong, ucapan ingkang ndadosaken Allah Subhanahu wa Ta’ala duka. Ucapan ingkang ndadosaken kalaknat lan icalipun kanikmatan Suwarga lan ancaman siksa Neraka. Ucapan ingkang hanjalari merosotipun pangkat lan palenggahan ingkang sewau sejajar sami kaliyan para Malaikat, merosot lan asor wonten ing Neraka Jahannam.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Satunggalipun wekdal kita rumaos mulya jalaran bandha kita langkung kathah, lajeng ngrѐmѐhaken dhateng tiyang ingkang gesangipun sarwa pas-pasan. Satunggalipun wekdal kita rumaos mulya jalaran ilmu kita langkung kathah, lajeng ngrѐmѐhaken dhateng tiyang ingkang asor pawiyatanipun. Satunggalipun wekdal kita rumaos mulya jalaran bagus paras surya kita, lajeng kita ngrѐmѐhaken dhateng tiyang ingkang awon pasuryanipun. Satunggalipun wekdal kita rumaos mulya jalaran nasab kita langkung inggil, lajeng kita ngrѐmѐhaken dhateng tiyang ingkang asor drajatipun.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Sadaya raos kasebat kedah kita bucal ingkang tebih satebih-tebihipun, amrih kita boten ina gesang kita. Kita kedah waspada lan handhadha ing manah bilih sifat sombong punika ingkang pantes nyandhang hanamung Gusti Allah piyambak. Lan saumpami sifat sombong punika pantes kasandhang déning manungsa, pramila ingkang langkung pantes boten wonten sanѐs inggih namung Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam.
Sifat sombong punika badhé dipunbenci déning Allah Subhanahu wa Ta’ala lan badhé dipuntebihi déning tiyang. Lan gesangipun badhé kasurang-surang.
Na’udzu billahi min dzalik.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(o0o)=-
KHUTBAH  AKHIR
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah, Sumangga wonten ing khutbah ingkang kaping kalih punika sawatawis kita ngeningaken jiwa lan manah kita, kanggé nenuwun, dhumateng ngarsanipun Allah Rabbul ‘Alamin, amrih kita tansah pinaringan hidayah lan taufiq-Ipun, tansah dipunkanthi dhateng margi ingkang leres.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, وَالصَّلَواتُ اللهِ وَالسّلاَمُهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنْ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا. رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 130318, 17.02)=-



No comments:

Post a Comment