Thursday, October 9, 2014

SIFAT TIYANG MUKMIN

SIFAT TIYANG MUKMIN





-=[4]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاتة
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan sami nambahi syukur kita dhateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan dedonga mugi kita sadaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmat-Ipun.
Saklajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng junjungan lan panutan kita Rasulullah Muhammad saw., para kaluwarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang manut ndherek dhawuhipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
Hadirin ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’an:


“Satemene wong-wong iman hiya iku wong-wong kang nalikane disebut asma Allah dheweke padha gemeter atine, lan nalikane diwacakake marang dheweke  ayat-ayate Allah, imane dheweke malah sangsaya tambah, lan namung marang Pangeran dheweke padha tawakkal. (hiya iku) wong-wong kang ngedegake shalat lan kang padha gelem nafkahake seperangan saka rizki kang wus Ingsun paringake marang dheweke. “ (QS. Al-Anfaal [8]: 2-3).
Hadirin ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Ayat kasebat ing nginggil suka paring pitedah dhumateng kita gegayutan kaliyan sifat-sifatipun tiyang mukmin. Wondene sifat-sifatipun tiyang mukmin lelambaran ayat kasebat ing nginggil kalawau, inggih punika:
1. Tiyang ingkang manawi dipunsebut asmanipun Allah Swt. gemeter manahipun;
(إِذَا ذُكِرَ اللهُ وَجِلَتْ قُلُوْبُهُمْ)
Gemeter manahipun jalaran ajrih dhumateng Allah Swt. lajeng nindakaken sedaya dhawuh-dhawuhipun Allah Swt. lan nilar sedaya awisan-awisanipun Allah Swt. Dhawuhipun Allah Swt. ingkang salaras kaliyan ayat kasebat, inggih punika:

  
 “Lan dene wong-wong kang padha wedi marang keagungan Pangerane lan padha nyegah saka kepenginan hawa nafsune. Mula satemene suwarga iku dadi papan panggonane.” (QS. An-Nazi’at [79]:40-41).

Sufyan As-Sauri ngendikaken, saking Abdullah ibnu Utsman ibnu Khaisam, bilih panjenenganipun nggambaraken manah ingkang gemeter punika kados raos sakit senut-senut jalaran sakit wudunÇ. Ayat sanes ingkang salaras ugi, inggih punika:  

“Lan (uga) wong-wong kang nalika  nglakoni lelakon kang banget alane utawa nganingaya marang awake dhewe, dheweke kabeh njur eling Allah, tumuli nyuwun pangapura karana dosa-dosane iku; njur sapa meneh kang bisa ngapura dosa, yen ora Allah. Lan dheweke ora padha nerusake kelakuhane kang banget alane iku, kamangka dheweke kabeh iku padha ngerti.” (QS. Ali Imran [3]:135).

2) Tiyang ingkang manawi dipunwaosaken dhumateng piyambakipun ayat-ayatipun   Allah Swt. sangsaya tambah imanipun (وَاِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ اَيَتُهُ زَادَتْهُمْ اِيْمَانًا).
Imam Bukhari lan ugi imam-imam sanesipun kalebet miturut mazhab jumhur ulama sami nyarujuki bilih iman punika saged tambah lan saged kirang. Lan iman wonten  ing manah punika nggadhahi grafik minggah lan mandhap. Allah Swt. dhawuh:
    
            “Lan nalikane diturunake sawijene surat, mula ing antarane dheweke kabeh (wong-wong munafik) ana kang ngucap: “Sapa toh ing antarane sira kabeh kang bisa tambah imane sebab (tumurune) surat iki? Suprandene, wong-wong kang padha iman, mula surat iki bisa    nambahi imane, malah dheweke kabeh padha ngrasa bungah-bungah.” (QS. At-Taubah         [9]:124).
3) Tiyang ingkang tawakkal namung dhumateng Allah Swt. (وَعَلَى رَبِّهِمِ يَتَوَكَّلُوْنَ).
   Sa’id ibnu Zubair ngendika bilih tawakal punika minangka babon utawi indukipun             keimanan. Tiyang mukmin punika boten nggadhahi pangarep-arep lan nggadhahi tujuwan         sanes kajawi namung dhumateng Allah Swt. Pamrihipun namung ngupadi ridhanipun    Allah Swt. Piyambakipun boten pados pangayoman kajawi namung dhumateng Allah          Swt. Boten badhe pados keselametan kejawi namung dhumateng Allah Swt. Boten badhe          nyuwun rizki kajawi namung dhumateng Allah Swt.. Piyambakipun mangertos bilih    punapa kemawon ingkang dipunkersakaken Allah Swt. mesthi badhe kalampahan.
   Allah Swt dhawuh:
4n?tãur óOÎgÎn/u tbqè=©.uqtGtƒ ÇËÈ  
   “Lan namung marang Pangeran dheweke padha tawakkal.” (QS. Al-Anfaal [8]:2).
4. Tiyang ingkang nindakaken sadaya kesaenan jalaran kiyatipun iman lan akidah ingkang   sampun tumancep wonten ing manahipun. Kelebet amal kesaenan inggih punika tiyang            ingkang sampun ngedegaken shalat kanthi sae minangka nyempurnakaken hak-hakipun     Allah Swt.. Ngedegaken shalat maksudipun tiyang ingkang sampun saged njagi shalatipun; njagi wekdalipun, jagi anggenipun sesuci, njagi badan lan papan panggenaipun saking najis, shalat dipuntindakaken kanthi khusuk. Shalat dipuntindakaken kanthi tuma’ninah, lan shalat ingkang sampun saged mangertosi suraos lan maknanipun waosan shalat.
   Allah swt. dhawuh:

  
 “Satemene shalat kuwi sawijining kewajiban kang ditemtokake wektune tumrap wong-     wong kang padha iman.” (QS. An-Nisa’ [4]: 103).
5) Tiyang ingkang nafkahaken seperangan rizki ingkang dipunparingaken Allah Swt.                        dhumateng piyambakipun; يُنفِقُوْنَ) (وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ
    Kalebet pangertosan punika, bayar zakat lan sedaya hak-hakipun Allah Swt. sanesipun,    sahe ingkang wajib utawi ingkang sunnah. Sedaya makhluk punika dados tanggel jawabipun Allah Swt., pramila tiyang ingkang paling dipuntresnani Allah Swt. inggih   punika tiyang ingkang paling migunani dhumateng makhlukipun Allah Swt.          Qatadah ngendika: “Belanjakna sira sebagian saka    rizkine Allah kang diparingake           marang sira, jalaran satemene bandha iki silihan lan         titipan kang diserahake marang sira,   hai anak Adam. Lan ana ing wektu kang ora          suwe sira bakal pisah karo dheweke.”
Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
            Tiyang mukmin ingkang nyandhang sifat-sifat kados kasebat ing nginggil kala wahu dipunsebat tiyang iman ingkang sayektos-yektosipun. Inggih punika tiyang ingkang pasrah jiwa lan raganipun rinten lan dalu kangge ndhedhepe dhumateng ngarsanipun Allah Swt.. Tiyang ingkang tansah mbudidaya nindakaken sadaya dhawuh-dhawuhipun Allah Swt. lan mbudidaya nilar sadaya awisan-awisanipun Allah Swt.. Tiyang ingkang manawi wanci dalu begadhang kangge nindakaken shalat sunnat lan wanci rina kangge nindakaken siyam lan makarya. Tiyang manawi tumindak keji lan maksiyat enggal-enggal nyuwun pangapunten lan mertobat dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Tiyang ingkang ngedalaken saperangan rizkinipun dipun-infakaken kangge jihad wonten ing marginipun Allah Swt. Ingih tiyang iman ingkang kados makaten punika kalawahu badhe pikantuk derajat ingkang luhur lan pangapunten saha rizki ingkang agung saking ngarsanipun Allah Swt.
Kados dhawuhipun Allah Swt.:
4 öNçl°; ìM»y_uyŠ yYÏã óOÎgÎn/u ×otÏÿøótBur ×-øÍur ÒOƒÌŸ2 ÇÍÈ  
“Dheweke bakal entuk pira-pira derajat kang luhur sangka ngarsane Allah lan pangapura sarta rizki (nikmat) kang agung.” (QS. Al-Anfaal [8]:4).

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=



1 comment: