Friday, April 13, 2018

PASA NAMBAH KUWALITAS KAPRIBADIAN MUSLIM UTAMI (Khutbah Idul Fitri)


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ
لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ, وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَلِلَّهِ الْحَمْدُ.
Hadirin Jama’ah ‘Idul Fitri Rahimakumullah,
Alhamdulillah, ing dinten punika kita pinaringan rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala saged nindakaken Ariyadi ‘Idul Fitri. Mugi-mugi ‘Idul Fitri ing tahun punika saged nambah kuwalitas kapribadian kita minangka jejeripun tiyang ingkang ngrasuk agami Islam. Kapribadian ingkang utami; kapribadian muttaqin. Inggih tiyang ingkang tansah istiqamah nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan hanebihi awisan-Ipun. Lan inggih tiyang taqwa punika tiyang ingkang mulya wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an surat Al-Hujurat [49] sapéranagan ayat 13:
... إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ.
Tegesipun: “ Satemené wong kang paling mulya ing antarané sira kabѐh iku wong kang paling taqwa. Satemené Allah iku Maha Pirsa tur Maha Nitѐni”. (QS.Al-Hujurat [49]:13).
Hadirin Jama’ah ‘Idul Fitri Rahimakumullah,
Sasampunipun pasa Ramadhan satunggal wulan natas, pramila wonten ing tanggal 01 Syawwal punika sadaya ingkang dipunawisi / dipunharamaken nalika kita nindakaken pasa Ramadhan dipunhalalaken. Hananging sanajan dipunhalalaken kita kedah tetep teratur lan boten leluwihan anggѐn kita dhahar lan ngunjuk, saha anggѐn kita nyekapi sadaya kabetahan ingkang sifatipun alamiyah. Awit boten wonten gina lan manfa’atipun kita pasa manawi boten wonten tambahipun kuwalitas tingkah laku lan kapribadian kita. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
Hé anak Adam, sira supaya nganggo pakéyanira kang bagus ing saben-saben (mlebu) masjid, padha mangan lan ngombéya, lan aja nganti leluwihan. Satemené Allah iku ora seneng marang wong kang padha leluwihan”. (QS. Al-A’raf [7]:31).
Kita minangka jejeripun tiyang Islam asring supé njagi qalbu (jiwa) kita amrih tetep resik boten kénging wijining dosa, jalaran kita asring kénging pangridhunipun hawa nafsu; perkawis ingkang awon lan nistha. Iman ingkang mesthinipun kita jagi lan kita perdi amrih kandel; kasunyatanipun malah tipis. Badhé tumindak  kasahénan kémawon étang-étang, sahingga boten ѐstu tumindak kasahénan.
Awit saking punika, wonten ing dinten Ariyadi punika kita rawat, kita perdi, kita opѐni, lan kita jagi jiwa ingkang suci punika amrih tetep suci lan saged nuwuhaken kapribadian unggul wonten ing balé griya, kaluwaraga, masyarakat, bangsa, lan nagari.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَنَفْسٍ وَمَا سَوَّاهَا (7) فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَاهَا (8) قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا (9) وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا (10)
Tegesipun: “lan dhemi awak-awakan manungsa lan sampurnané kadadѐyan[7], tumuli Allah paring ilham marang awak-awakan iku (dalan) kalacutan lan kataqwaané[8], temenan, satemené beja kemayangan wong kang nucѐkaké awaké[9], temenan, satemené kapitunan wong kang ngotori awaké[10]”. (QS. Asy-Syams [91]: 7-10).
Hadirin Jama’ah ‘Idul Fitri Rahimakumullah,
Ketaqwaan punika nglairaken sikap positif ing panggesanganipun tiyang. Tiyang ingkang taqwa punika nggadhahi jiwa disiplin, jujur, tanggeljawab, taat lan manut aturan, remen nyambut damel,  sabar, tawakal, kebak pengajeng-ajeng dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala arikala kataman musibah utawi pacobѐn, lan sadaya perkawis ingkang boten ngremenaken manah.
Tiyang taqwa punika boten gampil nglokro utawi nyerah ikhtiyar murih kemajenganipun bangsa lan nagari minangka jejeripun khalifah ing lumahing bumi. Tiyang taqwa punika nggadhahi tamѐng utawi perisai dhiri kanggé nanggulangi korupsi, lan sadaya ingkang ngruggѐkaken saha dados risaking bangsa lan nagari.
Hadirin Jama’ah ‘Idul Fitri Rahimakumullah,
Sampun dados hikmah lan kawicaksanaanipun masyarakat ingkang hanggadhahi kapribadian utami / taqwa punika ngangkat lan milih wakil rakyat saha pangemban pangembatipun praja tiyang ingkang hanggadhahi kapribadian ingkang utami (taqwa).
Kanthi tembung sanѐs bilih pangemban pangembating praja punika mujudaken gambaran satunggalipun masyarakat utawi bangsa. Manawi pangemban pangembating praja punika jejeripun tiyang taqwa mesthi kémawon sadaya kawicaksanaanipun lan tingkah lakunipun handhatengaken kamakmuran, majenging bangsa lan nigari. Kanthi makaten nagari badhé tentrem ayem lan tansah pikantuk pangayoman lan rahmatipun Allah Rabbul ‘Alamin. Ingkang istilah agami kita kasebat nagari ingkang –Baldatun thayyibatun wa rabbun ghafuur-.
Hadirin Jama’ah ‘Idul Fitri Rahimakumullah,
Manawi pasa / shiyam Ramadhan punika kita dadosaken sarana tambah lan sahénipun kapribadian luhur, derajat mulya, inggih derajatipun tiyang taqwa, kuwalitasipun tiyang utami. Pramila kita kedah hijrah saking tumindak ingkang boten sahé tumuju perkawis ingkang langkung sahé ing sadaya perkawis panggesangan. Medal saking petenging panggesangan tumuju dhumateng tatanan panggesangan ingkang adhedhasar adab kamulyan.
Sumangga kita dadosaken gesang lan panggesangan kita punika gesang ingkang kebak hikmah kanthi Iman, Islam,  Ihsan, lan Taqwa. Sahingga sawanci-wanci ajal dumugi sampun siyaga lan kanthi maqom Husnul Khatimah.
Hadirin Jama’ah ‘Idul Fitri Rahimakumullah,
Ing wasana sumangga kita pungkasi khutbah ing dinten Ariyadi ‘Idul Fitri  punika kanthi munajat dhumateng Allah Ingkang Maha Kuwaos inggih Allah Subhanahu wa Ta’ala mugi-mugi kita tansah pinaringan rahmat lan ridha-Nipun.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, وَالصَّلَواتُ اللهِ وَالسّلاَمُهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ.
الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ.
 اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
اَللَّهُمَّ أَعِنَّا عَلَى ذِكْرِكَ وَشُكْرِكَ وَحُسْنِ عِبَادَتِكَ يَا حَيُّ يَا قَيّوْمُ يَا ذَا الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ.
اَللَّهُمَّ طَهِّرْ قُلُوْبَنَا بِالْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ. اَللَّهُمَّ زَكِّ نُفُوْسَنَا  بِالْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ.
اَللَّهُمَّ ذَكِّرْنَا مِنْهُ مَا نَسِيْنَا وَعَلِّمْنَا مِنْهُ مَا جَهِلْنَا وَارْزُقْنَا تِلاَوَتَهُ آنَاءَ اللَّيْلِ وَأَطْرَافَ النَّهَارِ وَاجْعَلْهُ حُجَّةً لَنَا لاَ حُجَّةً عَلَيْنَا.
اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِنْ أَهْلِ القُرْآنِ الَّذِيْنَ هُمْ أَهْلُكَ وَخَاصَّتُكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ إِنَّانَعُوْذُ بِكَ مِنْ جَهْدِ الْبَلاَءِ وَدَرْكِ الشَّقَاءِ وَسُوْءِ الْقَضَاء وَشَمَاتَةِ الأَعْدَاءِ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَمِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَمِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ وَمِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيْحِ الدَّجَّالِ.
اَللَّهُمَّ طَهِّرْ قُلُوْبَنَا مِنَ النِّفَاقِ وَأَعْمَالَنَا مِنَ الرِّيَاءِ وَأَلْسِنَتَنَا مِنَ الْكَذِبِ وَأَعْيُنَنَا مِنَ الْخِيَانَةِ إِنَّكَ تَعْلَمُ خَائِنَةَ الأَعْيُنِ وَمَا تُخْفِي الصُّدُوْرُ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ عِلْمٍ لاَ يَنْفَعُ وَمِنْ قُلُوْبٍ لاَ تَخْشَعُ وَمِنْ نُفُوْسٍ لاَ تَشْبَعُ وَمِنْ دَعْوَةٍ لاَ يُسْتَجَابُ لَهَا.
رَبَّنَا لاَتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا آتِنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً وَهَيِّئْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

-=(hms, 100418, 13.14)=-

No comments:

Post a Comment