Friday, April 13, 2018

KEAJAIBAN DRIJI


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa salam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya ingkang dipuntitahaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala punika wonten gina lan manfa’atipun. Malah wonten ingkang ajaib. Sadaya punika dados tandha ka-Agungan-Ipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang Maha Nyipta. Boten wonten makhluq ingkang saged ngimbangi, sanajan para makluq sesarengan budidaya ndamel kados ingkang dipuntitahaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, kalebet Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken driji-driji tanganipun para manungsa.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Driji tangan punika ageng gina lan manfa’atipun, gumantung ingkang ginakaken. Kanthi driji tangan saged dipundamel njiwit, nyetot, mlintir, ngremes, nyengkerem, wiridan, lan sapanunggalanipun. Driji ingkang dipun-ginakaken kesahénan umpaminipun dipun-ginanakeken damel nulis khutbah, nulis bulletin Jum’ah, nulis kitab ingkang tulisan kasebat saged dipunwaos lan dipunamalaken tiyang,  kanthi punika panulisanipun In sya Allah para tiyang ingkang nulis saged pikantuk manfa’atipun, ugi kapara dados ngamal Jariyahipun.
Driji ingkang dipun-ginakaken kanggé perkawis awon saged drawasi dhateng tiyang ingkang gadhahi driji, lan ugi drawasi dhateng tiyang sanѐs. Kanthi driji penuding kanggé narik picu pistol, lajeng pistol kasebat ngedalaken peluru nemahi tiyang sanѐs, lan ugi saged nemahi badanipun piyambak.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Driji-driji punika tiyang satunggal lan satunggalipun boten sami bathikanipun utawi gambar geretan pucuk drijinipun. Kanthi driji Jempol saged damel gantos tapak asta minangka tandha sarujuk lan ngiyataken satunggalipun perkawis.
Prayogi driji-driji punika kaginakaken kanggé ngamal kesahénan lan ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi driji dipun-ginakaken kanggé tetulung dhateng tiyang sanѐs, kanthi driji kanggé ngétang gunggungipun tiyang maos istighfar, shalawat lan puji-pujian sanѐsipun dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Poma-dipoma driji punika dipunjagi kanthi sahé, nyegah tumindak awon, jalaran driji punika dados seksi sadaya ngamal ingkang dipuntindakaken déning tiyang ingkang kagungan driji. Driji ingkang sampun ajur mumur wonten ing alam kubur punika bénjang dinten Qiyamat dipunkempalaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala malih lan dados seksi tumindakipun para kawula. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
بَلَىٰ قَٰدِرِينَ عَلَىٰٓ أَن نُّسَوِّىَ بَنَانَهُۥ
Tegesipun: “Ora kaya ngono, setuhuné Ingsun kuwasa banget nggathukaké (manѐh) driji-drijiné kanthi sempurna”. (QS. Qiyamah [75]:4).
Ayat sanѐs ingkang nunggal makna Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi dhawuh:
الْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلَىٰ أَفْوَاهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَا أَيْدِيهِمْ وَتَشْهَدُ أَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Tegesipun: “Ing dina iki Ingsun bumpeti cangkemé dhѐwѐké kabѐh (wong-wong) kafir lan padha matur marang Penjenenganingsun tangan-tangan lan padha nyeksѐni sikil-sikilé, (nyeksѐni) lelakon kang wus padha dilakoni déning dhѐwѐké kabѐh”. (QS. Yaasin [36]:65).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Ing zaman majeng kados ing wekdal sapunika, ayat Al-Qur’an lan  ayat Kauniyah punika saged nambah lan kiyatipun iman tumrap tiyang mukmin.
Ing zaman majeng samangké tiyang ngginakaken Anjungan Tunai Mandiri (ATM) boten perlu malih ngginakaken kode PIN, mbok bilih cekap nyѐlѐhaken ѐpѐk-ѐpѐk tangan wonten ing sanginggilipun mesin ngindentifikasi dhiri, lajeng ngucap gunggungipun arta, boten perlu mijet tombol angka, mesin arta sampun nerjemahaken angka ingkang dipunkersakaken.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Kanthi katerangan ingkang sarwa ringkes punika paring pitedah bilih sadaya ingkang dipuntitahaken déning  Allah Subhanahu wa Ta’ala mesthi wonten gina lan manfa’atipun, lan malah wonten kaajaiban utawi kaistiméwaanipun. Sadaya dados bukti lan beneraken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, bilih sadaya punapa kémawon punika wonten labetipun, lan Allah Subhanahu wa Ta’ala boten badhé nyia-nyiaaken pakertinipun kawula, saha badhé dipunsuwuni tanggeljawabipun wonten ing dinten akhir  utawi yaumil Qiyamah.
Mugi-mugi kita tansah waspada, dipunparingi kekiyatan ngginakaken driji kathi sahé, tumuju dhateng perkawis ingkang dipunridhai déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kita dipunparingi rahmat mungkasi gesang kita kanthi husnul khatimah.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=[hms]=-

KHUTBAH  AKHIR
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga wonten ing khutbah ingkang kaping kalih punika sawatawis kita ngeningaken jiwa lan manah kita, kanggé nenuwun, donga dhumateng ngarsanipun Allah Rabbul ‘Alamin, amrih kita tansah pinaringan hidayah lan taufiq-Ipun, tansah dipunkanthi dhateng margi ingkang leres.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, وَالصَّلَواتُ اللهِ وَالسّلاَمُهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنْ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ.
الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ.
 اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ
 وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

No comments:

Post a Comment