السلام
عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ
هَدَانَا اللَّهُ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ,
وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ
اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا
عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ,
لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ
تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا
اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ
مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin
rahimakumullah,
Hamiwiti
khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula
piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan
tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun, sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi
cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken
sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya
awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan
salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah Muhammad shalallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun maringi tuladha panggesangan punika dhumateng
kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin
rahimakumullah,
Panggesangan
ingkang sahé punika dados idhamanipun sadaya tiyang. Panggesangan ingkang sahé
punika gesang ingkang nentremaken manah. Gesang ingkang sahé punika
peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran tiyang nindakaken ngamal sahé
ingkang dipunsarani kanthi iman dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados
dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kasebat wonten ing Al-Qur’an surat
An-Nahl [16] ayat 97 makaten:
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ
ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً
وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ. ( النحل ٩٧).
Tegesipun: “Sapa wahé kang nglakoni amal shalih, padha uga lanang
utawa wadon tur dhѐwѐké iman, mula sejatiné bakal Ingsun paringaké marang
dhѐwѐké kahuripan kang bagus, lan satemené bakal Ingsun paringi piwales marang
dhѐwѐké kabѐh kanthi ganjaran kang luwih bagus katimbang apa kang wis dhѐwѐké kabѐh padha nglakoni”. (QS. An-Nahl [16]:97).
Ayat kasebat kanthi
cetha marthѐlakaken bilih panggesangan ingkang sahé punika peparingipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala.
Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wondéné ikhtiyar lan cara amrih tiyang saged kadumugѐn
mujudaken panggesangan ingkang sahé punika ing antawisipun inggih punika:
Sepisan: Panggesangan ingkang dipunlambari kanthi aqidah keimanan/ketauhidan
ingkang murni; tegesipun aqidah ingkang boten kacampuran kaliyan kamusyrikan.
Aqidah keimanan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika mujudaken fondasi
panggesanganipun tiyang Islam. Panggesangan ingkang sahé punika panggesangan
ingkang sadaya orientasi panggesanganipun tansah dipunlandasi kanthi
nilai-nilai keimanan utawi ketauhidan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kados ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an surat Al-An’am [6] ayat 162 makaten:
قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ
رَبِّ الْعَالَمِينَ
Tegesipun: “Dhawuhana: “Setuhuné shalat ingsun, ibadah ingsun, urip ingsun, lan mati
ingsun namung kagem Allah, Pengéran alam kabѐh”. (QS. Al-An’am [6]:162).
Kaping kalih: Hambudidaya amrih sadaya panggesanganipun; tindak tanduk
lan pangandikanipun punika tansah handhatengaken manfa’at dhumateng
pribadinipun piyambak ugi dhumateng tiyang sanѐs.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
خَيْرُ الناسِ
أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
Tegesipun: “Sabecik-beciké wong iku, yaiku kang paling akѐh mѐnѐhi manfa’at tumrap
wong liya”. (HR. Ahmad, Ath-Thabrani, Ad-Daruqutni).
Kaping tiga: Pangesangan ingkang sahé punika panggesangan ingkang
dipunkebaki kanthi rizki ingkang halal. Awit saking
punika tiyang kedah hambudidaya pados rizki ingkang halal. Tumrap tiyang Islam
rizki ingkang halal punika mujudaken prinsip panggesangan ingkang sahé.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh
wonten ing Al-Qur’an:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا
طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ
مُبِينٌ
Tegesipun:
“Hé para manungsa!, Padha mangana sira kabѐh saking sadhéngah apa kang ana ing
bumi, kang halal tur bagus; lan sira kabѐh aja padha anut langkah-langkahé
syétan; sebab syétan iku musuh kang wus cetha kanggoné sira kabѐh”. (QS.
Al-Baqarah [2]:168).
Kaping sekawan:
Panggesangan
ingkang dipunladhasi kanthi raos syukur lan qona’ah. Tiyang saged kasembadan panggesanganipun
sahé punika kedah saged nyukuri lan saged nampi sadaya peparingipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala sanajan ketingalipun namung sepélé.
Gegayutan kaliyan syukur nikmat punika Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an,
makaten:
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ
لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Tegesipun:
“Lan (élinga uga), arikala Pengéran ira kabѐh mbiwarakaké (kang surasané):
“Sayekti kalamun sira kabѐh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan
(nikmat) marang sira kabѐh, lan kalamun sira kabѐh padha ngingkari (nikmat
Ingsun), mula satemené siksa Ingsun iku banget larané”. (QS. Ibrahim
[14]:7).
Rasulullah
shallallahu ‘alaihi
wa sallam ngendika:
عَنْ
عَبْدِ اللَّهِ بْنِ عَمْرِو بْنِ الْعَاصِ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ وَرُزِقَ كَفَافًا
وَقَنَّعَهُ اللَّهُ بِمَا آتَاهُ.
Tegesipun:
“Temen begja kemayangan wong kang wis ngrasuk agama Islam diparingi rizki kang
cukup, banjur Allah ndadѐkaké qona’ah marang samubarang kang Penjenengané
paringaké marang dhѐwѐké”. (HR. Bukhari, saka Abdullah bin Umar bin Ash).
Kaping gangsal:
Panggesangan ingkang sahé punika saged kadumugѐn manawi tiyang kanthi sabar
hanebihi tumindak dosa lan maksiat. Jalaran tumindak dosa lan maksiat punika
boten nentremaken jiwa. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
الْبِرُّ
حُسْنُ الْخُلُقِ وَالْإِثْمُ مَا حَاكَ فِى نَفْسِكَ وَكَرِهْتَ أَنْ يَطَّلِعَ
عَلَيْهِ النَّاسُ
Tegesipun:
“Kabecikan
iku kanthi akhlaq kang mulya, lan barang kang ala (dosa) iku sawijining perkara
kang ora nentremaké ati (jiwa), lan nalika barang kang ala (dosa) iku
ditindakaké, yekti sira ora seneng perkara iku dimangertѐni déning wong akѐh”. (HR.
Muslim, saka Nawas bin Sam’an).
Jama’ah
Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi katerangan ingkang ringkes kasebat, kasinggihan
bilih sadaya tiyang punika kepéngin gesang kanthi panggesangan ingkang sahé. Gesang
kanthi ayem, tentrem, begya mulya, lan kasembadan punapa ingkang
dipunangen-angen. Hananging panggesangan ingkang sahé kados makaten punika
boten gampil. Kedah dipun-budidaya amrih panggesangan sahé punika saged
kasembadan.
Wondéné
ikhtiyar ingkang kedah dipuntindakaken inggih punika ing antawisipun; Kedah
kiyat pondhasi ketauhidanipun/keimananipun. Kedah budidaya saged ngamal shalih, hambudidaya
amrih pikantuk rizki ingkang halal lan thayyib. Kedah tansah syukur lan qona’ah
dhateng sadaya peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan ugi kedah
tawakal dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kanthi punika,
in sya Allah saking keparengipun Allah Subhanahu wa Ta’ala tiyang badhé kaparingan Panggesangan
ingkang sahé; gesang ingkang tansah ayem, tentrem, begya mulya donya lan
akhiratipun.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ
بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ
وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 270318, 07.10)=-
No comments:
Post a Comment