Friday, April 13, 2018

JAGI LISAN




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته


اَلْحَمْدُ للَّهِ حَقَّ حَمْدِهِ, وَالسُّكْرُ لِلَّهِ حَقَّ شُكْرِهِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَنَيِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَهُ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’ah rahimani wa rahimakkmullah,
Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhumateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kureping langit.

Sumangga kita nambahi ketaqwaan kita dhumateng Allah “Azza wa Jalla, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita saged handhatengi shalat Jum’at ing siyang punika tanpa pambeng satunggal punapa. Mugi-mugi ibadah kita dipuntampi wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan kita  Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, dhumateng para kulawarga lan para shahabatipun, saha dhumateng para pendhѐrѐkipun ingkang istiqamah dhѐrѐk sunnah-sunnahipun, lan in sya Allah kalebet dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken sadaya manungsa punika dipunparingi manéka warni kanikmatan; nikmat séhat, nikmat wekdal, nikmat gesang ayem, lan sanѐs-sanѐsipun. Lan manawi kita badhé ngétang sapinten gunggungipun peparingipun nikmat, saѐstu kita boten saged ngѐtang menggah gunggungipun nikmat kasebat. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat An-Nahl [16] ayat 18:
وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Tegesipun: “Lan kalamun sira kabѐh padha ngétung-étung nikmaté Gusti Allah mesthi sira kabѐh tan bisa nemtokaké gunggungé. Sejatiné Gusti Allah iku yekti Dzat Kang Agung Pangapurané Tur Agung Welasé”. (QS. An-Nahl [16]: 18).

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Satengah saking peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng kita punika, bilih wonten ing badan kita dipunparingi augerah awujud lisan. Lan minangka kawula ingkang setya tuhu hanggadhahi kuwajiban hanjagi lisan minangka tandha syukuripun dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi hanjagi lisan saking tumindak ingkang dipunharamaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
عَنْ سَهْلِ بْنِ سَعْدٍ أَنَّ رَسُوْلَ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: مَنْ يَضْمَنْ لِيْ بَيْنَ لِحْيَيْهِ وَمَا بَيْنَ رِجْلَيْنِ أَضْمَنْ لَهُ الْجَنَّةِ. (رواه البخاري ومسلم).
Tegesipun: “Hadits saka Sahl bin Sa’id, dhѐwѐké matur, manawa Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: “Sapa wongé mѐnѐhi jaminan marang ingsun marang keslametané barang kang ana ing antarané balung loro lisané, lan barang kang ana ing antarané pupu loroné, mula yekti ingsun wani maringi jaminan Suwarga marang dhѐwѐké”. (HR. Bukhari Muslim).

Samanten menggah wigatosipun lisan kasebat, ngantos Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam maringi jaminan Suwarga sok sintena tiyang ingkang saged hanjagi lisanipun. Kanthi lisan kita saged ngendika kanthi lisan boten mawi isyarat, kita saged hangginakaken lisan kanthi perkawis ingkang saged dipunraosaken déning tiyang sanѐs, kados kanggé dakwah amar makruf nahi mungkar, kanggé mulang wuruk lan sapanunggalanipun. Émanipun kita asring hangginakaken lisan kanthi sia-sia, malah kapara kita hangginakaken dhateng perkawis ingkang  haram, mupra, lan dipunawisi déning agami.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi lisan punika boten kanggé angkuh-angkuhan, gumedhé, glélang-glѐlѐng nglabuhi lan ngécé tiyang sanѐs, hananging Allah subahanhu wa Ta’ala maringi lisan punika kanggé perkawis  ingkang dipuntuntunaken déning Allah lan Rasul-Ipun. Sahingga saged mahanani slametipun lan tentremipun dhiri pribadi lan tiyang sanѐs.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Kanthi lisan saged dados sumberipun kasahénan, lan ugi saged dados sumberipun tumindak awon. Sedaya punika gumantung kados pundi tiyang anggѐnipun hangginakaken lisan. Hananging boten ateges lajeng kѐndel boten ngedikan sakecap kémawon hanjagi lisan punika. Hananging hanjagi lisan punika kanthi dipun-ginakaken kanggé tumindak kasahénan, berjuwang amrih Islam saged majeng jumbuh kaliyan majenging zaman lan kawontenan.
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Pitakѐn ingkang kedah dipunwangsuli inggih punika, punapa kita sampun hanjagi lisan kita kanthi sahé punapa dѐrѐng?. Lisan kita sampun kita ginakaken dhateng perkawis ingkang sahé punapa perkawis ingkang awon?.
Sumangga kita hambudi daya hanjagi lisan kita kanthi sahé, ngendika ingkang sahé, amrih boten dados sakiting manahipun tiyang sanѐs. Sadaya punika minangka pratandha syukur kita dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala dipunparingi lisan tansah kaginakaken kanthi perkawis ingkang sahé jumbuh kaliyan pranataning syari’at agami Islam.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 280218, 11.14)=-

1 comment:

  1. ASSALAMU'ALAIKUM WR. WB.

    MOHON IJIN UNTUK MENGAMBIL MATERI KHUTBAH

    TERIMA KASIH

    ReplyDelete