Friday, April 13, 2018

MUSUH ISLAM


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للَّهِ حَقَّ حَمْدِهِ, وَالسُّكْرُ لِلَّهِ حَقَّ شُكْرِهِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَنَيِيَّ يَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَهُ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’ah rahimani wa rahimakkmullah,
Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhumateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kureping langit.

Sumangga kita nambahi ketaqwaan kita dhumateng Allah “Azza wa Jalla, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita saged handhatengi shalat Jum’at ing siyang punika tanpa pambeng satunggal punapa. Mugi-mugi ibadah kita dipuntampi wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

Salam lan shalawat mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, lumѐbѐr dhumateng para kulawarga lan para shahabatipun, saha dhumateng para pendhѐrѐkipun ingkang istiqamah dhѐrѐk sunnah-sunnahipun, lan in sya Allah kalebet dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Ngaturi uninga, bilih musuh-musuh Islam punika badhé tansah lan teras nengga kasempatan nyerang mengsahi Islam wiwit sejarah Islam ngrembaka. Piyambakipun boten naté mandheg  budidaya lan boten maringi kasempatan babar pindhah anggѐnipun mengsahi lan musnahaken Islam. Piyambakipun budidaya mode busana ingkang katingal auratipun dados tradisi. Kamangka mode busana manut syari’at Islam sampun cetha mode lan caranipun ngagem. Mode busana Islam  punika milujengaken ingkang ngagem lan saged dados pratandha mbѐntenaken agami Islam lan agami sanѐs.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Kajawi babagan busana, piyambakipun paring propaganda dunia dakwah dhateng gerbang kamaksiatan lan kamungkaran. Nutup kasopanan lan raos lingsem, mbubaraken kaluwarga lan bale griya, medal saking rel kamanungsan kanthi klaim kamardikan lan kabebasan ingkang hanjerumusaken.
Sadya hakekatipun badhé hanyѐrѐt dhateng karisakan ingkang langkung ageng pungkasanipun. Kaum wanita bani Hawa hanamung dados barang dolanan déning kamum pria. Wonten ing satunggalipun ayat Al-Qur’an Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh;
الَّذِينَ يُفْسِدُونَ فِي الْأَرْضِ وَلَا يُصْلِحُونَ
“kang gawé karusakan ing lumahé bumi lan ora padha gawé kabecikan”. (QS. Asy-Syu’ara’ [26]:152).

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Klaim ingkang dipunpropagandaaken hanamung satunggalipun refleksi penolakan dhateng syari’at agami Islam ingkang babar pisan boten saged dipuntampi déning rasio manungsa, boten saged katampi déning jiwa, katolak déning naluri, lan karakter manungsa. Lan ingkang cetha nalingsir saking fitrah manungsa ingkang sehat.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفًا ۚ فِطْرَتَ اللَّهِ الَّتِي فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَا ۚ لَا تَبْدِيلَ لِخَلْقِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ

“Mula adhepna wajah ira kanthi jejeg marang Agamané (Allah); (netepana sira) marang fitrahé Allah kang nitahaké manungsa miturut fitrah iku. Ora ana owah-owahan tumrap fitrahé Allah. Kaya mengkono iku agama kang jejeg, ananging akѐh-akѐhé manungsa ora padha ngerti”. (QS. Ar-Ruum [30]:30).

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Pancѐn nggumunaken musuh-musuh Islam punika. Piyambakipun kepéngin bangsa ingkang mayoritas kitab sucinipun Al-Qur’an lan landhasan panutanipun Sunnah Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam badhé hanyѐrѐt kanthi hawa nafsu ingkang nyimpang. Piyambakipun kepéngin masyarakat Fasiq, risak budi pakerti lan kapribadianipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,

Satunggalipun kuwajiban sadaya umat Islam, tetungguling masyarat, ‘Ulama, Da’i utawi Muballigh, Ustadz, lan sadaya komponen dunia Islam nentang lan nolak propaganda, saha ajakan-ajakan ingkang nyesataken kanthi cara punapa kémawon, amrih umat Islam boten kataman propaganda lan ajakan-ajakan ingkang nyesataken.
Hidayah saha Taufiq hanamung kagunganipun Allah ‘Azza wa Jalla piyambak. Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng hangreksa dhumateng kita saking kamaksiatan lan kamungkaran.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 110318, 11.13)=-

No comments:

Post a Comment