Thursday, November 8, 2018

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa : MANAGES MAKNA BAROKAH

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa :


MANAGES MAKNA BAROKAH

-=(09/6/2018)=-

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa salam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya tiyang kepingin barokah ing samudayanipun. Barokah gesangipun, barokah umuripun, barokah rizki lan bandhanipun, barokah ilmunipun, lan sapanunggalanipun.
Barokah punika tambahipun ketha’atan satunggalipun tiyang dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’la kanthi kawontenan ingkang kados punapa kémawon. Bungah lan susah, jembar lan rupeg rizkinipun tetep tha’at dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan malah kapara tambah tha’atipun dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Gesang barokah boten namung séhat, hananging ugi sakit punika inggih barokah. Kados sakitipun Nabi Ayub ‘alaihi salam, sakitipun ndadosaken tambah tha’atipun dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Umur barokah, boten mesthi dawa umuripun. Wonten ingkang cendhak umuripun, nanging tha’at dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala saged ngukir sejarah, dipunkenang déning generasi sapungkuripun. Kados umpaminipun  KH Ahmad Dahlan, umuripun 55 (sѐket gansal) tahun. Lahir 01 Agustus 1868, seda 23 Pebruari 1923, Panjenenganipun dipunkenang dados sejarah, minangka Pahlawan Nasioanal. Sépak terjangipun dipuntuladha déning para umat sapungkuripun.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Ilmu barokah, boten amargi kathahipun seratan / tulisan / karangan / skripsi / makalah / lan desertasi, hananging ilmu ingkang saged dipundadosaken tiyang nѐtѐsaken  kringet lan rahipun anggѐnipun ngamal lan merjuwangaken agaminipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Gaji barokah, boten gaji / upahipun ingkang ageng, hananging gaji / upah ingkang hanjalari marginipun rizki tumrap tiyang sanѐs lan samsaya kathah tiyang ingkang kabantu kanthi gaji / upah kasebat.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Tanah / pasitѐn / sawah barokah.    Pasitѐn barokah punika boten jalaran subur lan éndah panoramanipun, jalaran tanah / pasitѐn / sawah / ingkang ngaré / tandhus kados Mekkah hanggadhahi kautamѐn ingkang agung ing ngarsanipun Allah Ta’ala. Tiyang Mekah gesang makmur, jalaran tanah pasitѐn  ingkang barokah.
Dhaharan barokah. Dhaharan barokah punika ingkang komposisi gizinipun jangkep; 4 séhat 5 sampurna, hananging dhaharan ingkang saged handadosaken tiyang ingkang dhahar tambah tha’atipun dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala sasampunipun dhahar.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Putra / anak barokah. Putra / anak barokah punika boten putra / anak ingkang lucu nalika alitipun, suksѐs pangkat lan jabatanipun inggil, hananging putra barokah punika ingkang tha’at dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, langkung shalih katinimbang tiyang sepuhipun, lan boten pedhot-pedhot anggѐnipun dongakaken dhateng tiyang sepuhipun.
Wulan Ramadhan barokah, tegesipun Wulan Ramadhan ingkang saged handadosaken kita tambah tha’at lan tambah ngamal kasahénan kita katimbang wulan-wulan sanѐsipun.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Mugi-mugi kita tansah dipunparingi pitulungan, lan kekiyatan, tambah syukur dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Manawi tiyang punika tansah syukur,  iman lan taqwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, pramila Allah Ta’ala badhé paring barokah sadaya wulu pametu saking langit lan bumi. Kados janjinipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kasebat wonten ing Al-Qur’an Surat Al-A’rof [7] ayat 96 makaten:
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Tegesipun: “Menawa sekirané para pendhudhuké negara-negara padha iman lan taqwa, wus mesthi Ingsun bakal nurunaké marang dhѐwѐké mau berkah sangka langit lan bumi, hananging dhѐwѐké padha hanggorohaké (marang ayat-ayat Ingsun) kuwi akhiré Ingsun siksa wong-wong mau amarga lelakoné dhѐwѐké”. (QS. Al-A’rof [7]:96).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Makaten tegesipun BAROKAH. Boten kathahipun barang, hananging manfa’at lan ginanipun barang punika handadosken tambahing tha’atipun tiyang dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sedaya tiyang mesthi kepingin barokah ing sadayanipun. Barokah rizki lan bandhanipun, barokah gajinipun, barokah ilmunipun, barokah umuripun, lan sanѐs-sanѐsipun.
Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala paring barokah dhateng sedaya nikmat ingkang dipunparingaken dhumateng kita, saged nambah tha’at kita dhumateng Allah Ta’ala. Hanjalari gesang kita begja mulya ing donya lan ing akhirat.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 041018, 13.26)=-

No comments:

Post a Comment