Friday, April 13, 2018

TITEL KHOIRUL UMMAH


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Dakwah punika boten kedah dipuntindakaken déning Ustadz utawi Kyai, hananging siten kémawon hanggadhahi  kewajiban nindakaken dakwah; ngajak-ajak nindakaken tumindak kesahénan lan ngémutaken supados hanebihi tumindak ingkang awon. Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun paring pangalembana dhumateng tiyang ingkang kersa nindakaken Dakwah kanthi titel “Khoirul Ummah” sabagus-bagusipun kawula; inggih sintena tiyang ingkang kersa nglajengaken dakwahipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam; Amar ma’ruf nahi mungkar. Wonten tigang prasyarat tiyang kalebet “Khoirul Ummat” jumbuh kaliyan dhawuhhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, kados kasebat ing Al-Qur’an surat Ali Imran [3] ayat 110:
كُنْتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ ۗ وَلَوْ آمَنَ أَهْلُ الْكِتَابِ لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ ۚ مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُونَ وَأَكْثَرُهُمُ الْفَاسِقُونَ
“Sira kabèh iku dadi sabecik-beciking ummat kang tinitah ing Donya, tumrap para manungsa, sira padha paréntah nindakaké panggawé becik, lan padha nyegah saka laku ala, apa déné sira padha iman ing Allah. Saumpama wong ahli Kitab iku padha gelem iman, yekti bakal nemu becik tumrap dhèwèké. Sawenèhé  wong mau ana kang iman, ananging kang akèh padha duraka.” (QS. Ali Imran [3]: 110).
Ayat kasebat Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun paring isyarat dhateng sok sintena tiyang ingkang piyambakipun saged nindakaken 3 (tigang) syarat kanthi titel “Khoirul Ummat, inggih punika: 1).Dhawuh dhateng tumindak ingkang ma’ruf, 2). Nyegah tumindak mungkar, lan 3). Iman dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Dhawuh punika mujudaken satunggaling tumindak ingkang linangkung sahé. Kados dhawuhipun Allah  Subhanahu wa Ta’ala ing Al-Qr’an surat Fushshilat [41] ayat 33:
وَمَنْ أَحْسَنُ قَوْلًا مِمَّنْ دَعَا إِلَى اللَّهِ وَعَمِلَ صَالِحًا وَقَالَ إِنَّنِي مِنَ الْمُسْلِمِينَ
“Sapa ta wong kang luwih becik gunemamé katimbang karo wong kang ajak-ajak netepi Agamané Allah, tur dhèwèké dhéwé hiya gelem nindakaké laku becik mau, lan ngucap: “Satemené aku iki golongané wong kang sumarah”. (QS. Fushshilat [41]: 33).
Ayat punika dipunkiyataken déning sabda pangandikanipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam:
لِأَنْ يَهْدِيَكَ اللهُ بِكَ رَجُلاً وَحِدًا خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَنْ يَكُوْنَ لَكَ مِنْ حُمُرِ النَّعَمِ.(رواه مسلم).
“Temenan lamun Allah paring pituduh marang sawijining wong lumantar sira (dakwah ira), mula iku luwih becik mungguhing sira katimbang duwèni onta abang”. (HR. Muslim).
Kanthi katerangan ayat lan hadist punika nedahaken bilih dakwah punika mujudaken pandamelan ingkang linangkung sahé, lan tiyang ingkang nindakaken badhé kaparingan lintu arupi ganjaran ingkang agung. Kanthi punika Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam boten mundur sanajan salangkah kémawon, hananging malah tetep dakwah kémawon sanajan dipun-ganggu, dipuntéror,  badhé dipunsédani, dipun-embargo ekonominipun ngantos Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam lan para shahabat anggènipun dhahar kanthi dhahar rerumputan lan ron-ronan, ingkang dadosaken tutuk lan ilatipun gerah sakit pecah-pecah. Hananging gangguan lan téror punika boten hanggigrigaken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam anggènipun dakwah nyiyaraken Agami Islam.
Awit saking punika kadadosan kasebat prayogi dados panjurunging para Da’i, manawi gangguan lan ancaman punika Sunnatullah, ingkang sampun dipunlampahi déning para Nabi lan Rasul sadèrèngipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, lan punika badhé tetep kémawon mawujud ngantos  bénjang dumuginipun dinten Kiyamat. Sahingga para Da’i perlu hanggadhahi kasiapan méntal kanggé hangadhepi rintangan dakwah Islamiyah.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Dakwah punika hanggadhahi tujuwan ingkang luhur lan mulya, inggih punika; Sumebaripun barang bener tumrap para manungsa khususipun kaum Muslimin amrih saged tambah kuwalitas gesangipun. Lan amrih para kawulanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala tambah sregeb anggènipun ngibadah dhumateng Dzat Ingkang Maha Agung, lan manut mituhu dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.  
Pramila éba bebayanipun manawi dakwah boten saged lumampah, punapa malih ngantos mandheg babar pisan boten lumampah, ingkang ateges mogok. Ingkang punika kalajenganipun adzabipun Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé tumurun saking langit lan  badhé kapatrapaken dhumateng sadaya tiyang, sahé tiyang ingkang iman utawi boten iman sadaya badhé kataman bala’ lan adzabipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang Maha Kuwaos. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Al-Anfal [8]:25, makaten:
وَاتَّقُوا فِتْنَةً لَا تُصِيبَنَّ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْكُمْ خَاصَّةً ۖ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
“Lan sira padha njagaha fitnah cobaning Allah kang ora bakal ngenani wong kang padha nganiaya wahé, lan sira padha mangertia yèn satemené siksaning Allah iku pancèn abot temenan”. (QS. Al-Anfal [8]:25).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ing wasana sumangga kita hambudidaya amrih kita dados umat pilihan “Khoirul Ummah”, inggih ummat pilihanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala: amar ma’ruf nahi mungkar miturut kekiyatan lan pangertosan Agami ingkang saged kita dakwahaken ngantos kita sowan dhateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Awit kautaminipun ummat  punika jalaran dakwah lan kapitunanipun ummat jalaran ninggalaken dakwah. Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah maringi pitulungan dhumateng kita saged nindakaken dhawuh-Ipun lan nilar sadaya pepacuh-Ipun.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms,181217. 08.20)=-

No comments:

Post a Comment