Sunday, March 11, 2018

PUNGKASANIPUN TIYANG BOTEN PURUN DAKWAH



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad shalallahu ‘alaihi wa salam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Dakwah amar ma’ruf nahi  mungkar punika pancèn dados kewajibanipun dhateng saben-saben tiyang Islam. Ngajak tumindak sahé lan ngémutaken supados nilar tumindak awon, nyuwijèkaken lan boten nyekuthokaken Allah SwT., saha nindakaken sedaya syari’atipun Allah SwT. amrih pikantuk rahmatipun Allah SwT.
Manawi dakwah kasebat dipuntilar sampun mesthi kémawon tujuan dakwah ingkang luhur lan mulya punika boten badhé kawujud. Lajeng manawi makaten temtu badhé tuwuh kemusyrikan lantaran tauhidipun cacat lan boten leres. Manawi ketauhidan dhumateng Allah SwT. boten wonten utawi wonten hananging boten leres, temtu boten wonten ugi hukum Allah SwT.. Manawi tiyang punika gesang kanthi hukum Jahiliyah, pramila sanès rahmat Allah SwT. ingkang badhé dipunpanggihi, hananging laknat ingkang badhé dipunsandhang, ingkang wujud karisakan, kejahatan lan sapanunggalanipun.
Kejahatan lan karisakan punika boten namung khusus tumama lan kasandhang dhateng tiyang dhalim kémawon, nanging badhé kasandhang dhateng sadaya tiyang, kalebet tiyang Islam. Malah badhé kalampahan ugi kita badhé kapimpin déning tiyang ingkang awon akhlaqipun, lajeng kawontenan masyarakat badhé morak-marik boten wonten juntrungipun. Pungkasanipun badhé gesang nalangsa lan sangsara. Kanthi punika temtu kita minangka tiyang Islam ingkang nggadhahi iman boten rila lan lega ningali kawontenan kasebat.
Awit saking punika poma dipoma kita sampun ngantos nilaraken dakwah. Pepémutipun Allah SwT. gegayutan kaliyan tiyang ingkang boten kersa dakwah kasebat wonten ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah [2]: 174;
إِنَّ الَّذِينَ يَكْتُمُونَ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ مِنَ الْكِتَابِ وَيَشْتَرُونَ بِهِ ثَمَنًا قَلِيلًا ۙ أُولَٰئِكَ مَا يَأْكُلُونَ فِي بُطُونِهِمْ إِلَّا النَّارَ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللَّهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
“Sanyata wong kang padha ngumpetaké barang kang wus diturunaké Allah yaiku Al-Kitab, lan padha ngedol barang iku sarana rega kang sethithik, mangka dhèwèké ora padha mangan nglebokaké ing wetengé, kajaba mung geni; lan bésuk ing dina Qiyamat Allah ora kersa ngresikaké wong mau, lan bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani banget.” (QS. Al-Baqarah [2]: 174).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Tiyang Islam ingkang nilar Dakwah punika sami ugi piyambakipun mirsani tiyang sanès tumindak lepat, lan supé, hananging lajeng boten kersa ngémutaken lan ngleresaken saha paring pangertosan. Ingkang  makaten tiyang sanès lajeng gesang boten sumerep paugeran (syari’at) Islam, tumindak lan angen-angenipun tansah lepat lan nalingsir saking Islam. Salajengipun panggesanganipun tiyang bandhé gesang rekaos, nalangsa lan ina wiwit ing donya lan akhirat.
Hanaging manawi tiyang punika tansah iman lan taqwa dhumateng Allah SwT., badhé gesang sinandhing kaliyan berkahipun Allah SwT.
Berkahipun Allah saking langit lan bumi badhé kaparingaken dhateng tiyang ingkang iman lan taqwa dhumateng Panjenenganipun. Kados dhawuipun Allah SwT. wonten ing Al-Qur’an surat Al-A’raf [7]: 96), makaten:
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
“Mangka saupama wong-wong penduduking Negara mau padha gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti dhèwèké Ingsun bukakaké berkah saka ing langit lan bumi, ananging bareng dhèwèké malah padha anggorohaké. Ingsun banjur matrapi paukuman marang wong-wong mau, sabab saka tingkah lakuné kang wus padha ditindakaké”. (QS. Al-A’raf  [7]:96).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Allah SwT. sampun dadosaken dakwah minangka solusi kanggé ngentasaken sadaya perkawising umnat. Manawi kémawon kita kersa sinau lan kersa maos sejarah wonten ing Al-Qur’an, pramila sapérangan ageng wosing carita awujud kisah-kisah dakwah lan kados pundi anggènipun para Nabi lan Rasul nindakaken dakwah. Awit saking punika, tiyang kedah kersa mikul tugas dakwah kados déné para shahabat Nabi saw. nindakaken dakwah.
Dakwah punika kedah dipuntindakaken kanthi wicaksana, lan kanthi paring tuladha ingkang sahé amrih dakwah kasebat saged kasembadan kanthi sahé. Allah SwT. suka paring pitedah amrih dakwah saged kasembadan jumbuh kaliyan tujuwanipun, inggih punika:
ادْعُ إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ ۖ وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيلِهِ ۖ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ
“Sira ngajaka marang agamané Pangéranira (dakwah Islamiyah) kalawan kawicaksanan, lan pitutur kang becik, lan sira mangsulana wong-wong kang ambantah ing sira nganggo alesan kang becik. Satemené Pangéranira iku luwih Ngawuningani marang wong-wong kang olèh pituduh”. (QS. An-Nahl [16]: 125).
Kita saged gambaraken manawi dakwah boten katindakaken, mesthi ing donya badhé tuwuh kebak kemungkaran, kekacauan, lan kanisthan. Na’udzu billahi min dzalik.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms,141217, 10.56)=-

No comments:

Post a Comment