Friday, April 13, 2018

JEJEGAKEN IMAN


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَّالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga ing wekdal punika kita  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Perkawis ingkang wigatos wonten ing sadaya tiyang gesang, lan sinten kémawon; tiyang sugih, tiyang sèkèng, tiyang séhat, tiyang sakit, rakyat biasa, tetungguling praja, ingkang wigatos punika ngupados jejeging iman. Jalaran manawi imanipun jejeg pramila gesangipun ing donya punika badhé dipunberkahi Allah Subhanahu wa Ta’ala. Tiyang badhé pikantuk kesahénan-kesahénan ingkang boten kanyana-nyana. Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé paring kabegjan lan kamulyan. Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun maringi tuladha dhumateng kita, bilih tiyang-tiyang ing wekdal zaman rumiyin ingkang imanipun sampurna; para Nabi lan para Rasul, sanajan kawontenan gesangipun punika manéka warni kawontenanipun, hananging gesangipun tansah begja lan mulya kémawon. Wekdal Fir’aun kuwaos, tiyang iman; Nabi Musa as. inggih tetep mulya. Mulyanipun Nabi Musa as. jalaran imanipun, boten jalaran bandhanipun. Boten jalaran jabatan lan panguwaosipun, hananging jalaran imanipun. Makaten ugi para Wali kekasihipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, kathah-kathahipun boten kagungan bandha, jalaran imanipun sampurna dipunmulyaaken Allah Subhanahu wa Ta’ala gesangipun. Sahingga para Raja dados pandhèrèkipun.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kanthi iman, Allah Subhanahu wa Ta’ala dadosaken tiyang sami asih-sinasihan satunggal lan satunggalipun, gesangipun guyub rukun. Malah kita mangertos piyambak, jalaran kanthi bandha dadosaken pasulayan, dadosaken pedhoting pasedhèrèkan. Pramila manawi wonten tiyang ingkang ngendika manawi bandha punika saget ngrukunaken tiyang punika kalebet klèntu. Jalaran pasulayan, paperangan-paperangan wonten ing papan pundi kémawon gara-garanipun bandha. Awit saking punika amrih kulawarga kita ayem tentrem boten bandhanipun ingkang dipuntambah, hananging imanipun ingkang kedah dipuntambah lan dipunjejegaken.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Manawi tiyang punika imanipun sahé, pramila Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé ngrukunaken, lan badhé nyawijèkaken manahipun gumulung gulunging kapti. Tiyang-tiyang Makkah lan Madinah ing zaman rumiyin, zaman Jahiliyyah, zaman dèrèng kersa nampi ajaran syari’at agami Islam, lan dèrèng hanggadhahi iman, mapinten-pinten tahun kawontenanipun satunggal lan satunggalipun wontenipun namung tansah pasulayan, patèn-pinatèn kémawon. Hananging sasampunipun ngrasuk agami Islam, lan iman sampun mlebet ing manahipun, pramila lajeng sami rukun; kados bapanipun satunggal ibunipun satunggal, malah kapara piyambakipun punika boten kersa nedha manawi kanca-kancanipun dèrèng dhahar. Piyambakipun trimah luwé, ingkang wigatos kanca-kancanipun wareg lan boten kaluwèn. Pancèn ntrenyuhaken panggesanganipun tiyang-tiyang Makkah lan Madinah ing wekdal punika, panggesanganipun  satunggal lan satunggalipun tansah tulung-tinulung, lan ènthèngan. Hananging manawi iman boten wonten, bapa boten saged badhé trisna dhumateng putranipun, lan putra boten saged badhé trisna dhumateng bapanipun.  
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Manawi satunggaling negari ingkang masyarakatipun boten wonten imanipun; manawi bapa lan ibunipun sampun sepuh, sampun boten kiyat nyambut damel, sampun boten produktif malih, pramila bapa lan ibunipun lajeng dipunpasrahaken dhateng Panti Asuhan Jompo. Malah wonten ingkang tega merjoyo bapa lan ibunipun kanthi siya-siya.
Kanthi iman Allah Subahanahu wa Ta’ala badhé dadosaken panggesangan kita kanthi panggesangan ingkang sahé, boten panggesangan ingkang méwah, hananging panggesangan ingkang sahé. Ing wekdal samangké tiyang punika ingkang dipunpadosi panggesangan ingkang méwah, boten panggesangan ingkang sahé.
Gesang Méwah punika manawi boten Sahé kados pesawat motor mabur hananging bobrok, malah bebayani. Langkung sahé kréta angin alias sepédha onthèl, katimbang pesawat ingkang bobrok. Punapa malih ingkang bobrok punika para pangembat pangembating praja, badhé  bebayani sanget. Lan punapa malih ingkang bobrok punika para pangajenging agami, pangandikanipun dipun-gega para pandhèrèkipun, manawi klèntu ngedikanipun boten hanamung para pandhèrèkipun ingkang gesang klèntu, hananging putra wayah sapungkuripun dhèrèk-dhèrèk klèntu.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Ingkang wigatos punika panggesangan ingkang sahé, sanès méwah. Panggesanganipun tiyang Kafir punika méwah, hananging boten sahé. Panggesanganipun katingalipun sakéca, hananging boten sakéca. Hanggadhahi griya élok lan maggrong-magrong, mobilipun kathah tur sahé-sahé sadaya, gadhah bojo boten trimah satunggal, hananging boten iman pramila boten tentrem manahipun, malah kapara bingung panggalihipun. Badhé boten bingung kados pundi, tambah sepuh, tambah caket wekdalipun badhé nilaraken griya ingkang élok magrong-magrong, bojonipun ingkang ayu-ayu, mobilipin ingkang kathah tur sahé sadaya. Pramila tiyang sepuh ingkang boten hanggadhahi iman kados makaten punika, tambah sepuh tambah bingung, tambah susah lan nalangsa gesangipun.
Bènten kaliyan tiyang ingkang hanggadhahi iman, tambah sepuh tambah umuripun, tambah remen panggesanganipun, tambah mésam-mèsem. Jalaran boten dangu malih badhé énggal dumugi ing akhirat. Boten dangu malih badhé pinanggih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, lan boten dangu malih badhé pinanggih Dzat Ingkang Maha Agung, lan Maha Kuwaos inggih Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang pancèn dipunajeng-ajeng lan dipunidham-idhamaken. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an Al-Karim surat  Al-Ahzab [33] ayat 47:
وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ بِأَنَّ لَهُمْ مِنَ اللَّهِ فَضْلًا كَبِيرًا
Lan tekakna kabar bebungah marang wong-wong Mukmin yèn sejatiné tumrap dhèwèké kabèh kanugrahan kang gedhé saka Allah”. (QS. Al-Ahzab [33]: 47).
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Manawi Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun ngendikakaken ingkang ageng, pramila boten saged malih dipunukur kathni otak lan kapiteranipun manungsa. Bumi ingkang ageng, langit ingkang wiyar, planit-planit ingkang kathah punika, Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendikakaken namung sakedhik; “Qul matau’ud dunya qalil”.
Sadaya punika boten saged dipundarbèki kanthi arta, boten saged dipundarbèki kanthi pangkat, jabatan, lan panguwaos, saha boten saged dipundarbèki kanthi punapa kémawon, kajawi kanthi iman.
Awit saking punika iman punika wigatos sanget. Manawi tiyang punika sampun hanggadhahi iman, lan imanipun jejeg, ateges piyambakipun sampun hanggadhahi samukawis. Badhé boten kados pundi, piyambakipun sampun dados kekasihipun  Allah Subhanahu wa Ta’ala, piyambakipun sampun dados calon ratu ing Suwarganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Piyambakipun pikantuk panggesangan ingkang nglegakaken “’Iisyatun raadhiyatun”. Istana-istana saking emas, saking inten, lan saking berlian, lèpèn saking susu, saking madu, ingkang boten saged dipun-gambaraken éndahipun. Tiyang-tiyang ing Suwarga punika gantheng-gantheng sadaya, ayu-ayu sadaya. Manawi kémawon ayunipun sadaya wanita ing donya punika dipunklempalaken dados satunggal, punika nembé 1% (satunggal persèn) ayunipun Widadari ing Suwarga ingkang langgeng salami-laminipun.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Hananging syétan punika tansah hanggodha lan ngapusi, ingkang wigatos punika donya, ingkang wigatos punika arta, lan sapanunggalanipun. Kamangka ingkang wigatos punika iman. Sadaya pambudidaya punapa kémawon sanèsipun nyahèkaken iman, pungkasanipun 0 (nol) ingkang ateges boten wonten gina lan manfa’atipun. Kita ngupados bandha donya, pungkasanipun malaikat ‘Izroil dhateng, boten wonten ingkang kita beta, kajawi ‘amal jariyah kémawon ingkang setya ngacani sowan ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Sadaya badhé kita tilar; kita damel griya élok tur magrong-magrong, kita upakara lan kita sinauni putra lan garwa, saben dinten kita nedha lan ngunjuk kanthi resep amrih badan tetep séhat, dokter-dokter dipunklempalaken, malaikat ‘Izroil dhateng ... ., sadaya buyar, boten wonten ingkang saged musadani. Wonten ing wekdal punika sadaya tiyang-tiyang donya faham lan mangertos, bilih manawi donya punika boten wonten reginipun, boten pantes dipun-gung-gungaken, boten pantes dipunagung-agungaken, malah kapara dipun-galih kémawon tuna. Manawi kita kersa hanggalih akhirat sakedhik kémawon kita sampun pikantuk piwales ganjaran saking Allah Subhanahu wa Ta’ala. Manawi kita hanggalih donya,  undhuh-undhuhanipun badhé pikantuk sumpek, badhé pikantuk sesek.
Awit saking punika kita makarya, nyambut damel dhateng kantor, peken, lan sabin, ingkang samadya, nyambut damel inggih nyambut damel, ingkang kita galihaken punika akhirat kémawon, in sya Allah donya badhé katut. Kita gesang lan nyambut damel punika èstunipun kita nengga wekdal kanggé nindakaken ngibadah Shalat. Manawi adzan sampun kapireng mangungkung, poma dipoma prayogi kita tilar sadaya pandamelan, lan kita handhatengi shalat kanthi jama’ah.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Hanamung hidayah lan taufiq saking Allah Subhanahu wa Ta’ala rinten lan dalu ingkang tansah kita suwun, mugi-mugi kita sowan dhateng ngarsan-Ipun kanthi bekta IMAN ingkang JEJEG.
Amin yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 020117, 11.11)=-

No comments:

Post a Comment