Friday, April 13, 2018

DUMUGÈKAKEN PAWARTOS KANTHI WETAH LAN CETHA


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Dumugèkaken pawartos kanthi wetah lan cetha punika  dados kuwajibaniupn saben-saben tiyang Islam. Pawartos ingkang dipundumugèkaken  boten pareng dipunsuda lan boten pareng dipuntambah, hananging kedah wetah, lan kedah énggal dipundumugèkaken dhateng sanès amrih saged énggal dipunmangertosi lan dipuntindakaken. Rasulullah  shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ عَمْرٍو أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ بَلِّغُوا عَنِّي وَلَوْ آيَةً وَحَدِّثُوا عَنْ بَنِي إِسْرَائِيلَ وَلَا حَرَجَ وَمَنْ كَذَبَ عَلَيَّ مُتَعَمِّدًا فَلْيَتَبَوَّأْ مَقْعَدَهُ مِنْ النَّارِ
“Hadits saka Abdullah bin Amru, Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: “Tekakna saka ingsun sanajan sa ayat, lan caritakna (apa kang sira krungu) saka Bani Israil lan ora dadi ngapa (ora dosa), lan sapa waé kang dora marang aku kanthi sangaja, mula padha siyagaha ing dhiri  lan siyaga manggon ana ing Neraka”. (HR. Bukhari no. 3202).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wahyu ingkang kaparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam punika boten temtu wonten ing sangajenging para shahabat, hananging sok ugi nalika nampi wahyu namung 2-3 shahabat, utawi  wonten shahabat ingkang boten saged rawuh dumugèni satunggaling majelis Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa salam.
Awit saking kawontenan punika shahabat ingkang mireng lan mangertosi wahyu punika énggal ngaturaken wahyu dhateng shahabat ingkang boten dhateng. Kalebet umpaminipun pawartos punika saking Bani Israil inggih kedah dipunaturaken, lan boten kepareng milah-milah pawartos ingkang dipunaturaken.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi hadits punika suka paring piwucal dhumateng kita, bilih manawi kita pikantuk pawartos ingkang kedah dipunaturaken dhateng tiyang sanès, prayogi kita énggal dumugèkaken dhateng tiyang sanès kanthi cetha lan wetah saha boten milih-milih sanajan pawartos punika saking tiyang ingkang boten kita remeni.
Kanthi hadits punika ugi paring pepémut bilih kita boten dipunparengaken ngaturaken pawartos ingkang boten leres, punapa malih ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan syari’at agami Islam. Awit badhé ndadosaken risaking syari’at agami lan risaking tatanan panggesanging tiyang.
Kanthi hadits punika ugi paring piwucal dhumateng kita bilih kita kadhawuhan sinau lan ngaji syari’at agami Islam kanthi rampung lan tuntas sanajan hanamung ngrembag satunggal ayat. Tegesipun kita kadhawuhan sinau ngaji syari’at agami sanajan namung satunggal ayat, ananging kedah kanthi tuntas dipunmangertosi lan dipunamalaken kanthi saèstu. Lan manawi sampun mangertos kadhawuhan dakwahaken dhateng tiyang sanès amrih sadaya tiyang saged hanindakaken dhawuh syari’at punika kanthi warata, ing pangajab badhé pikantuk rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi hadits punika ugi suka paring piwucal dhumateng kita satunggaling awisan amrih kita boten ngaturaken ilmu agami manawi kita dèrèng mangertos kanthi saèstu ilmu agami punika, jalaran badhé saged drawasi, punapa malih gegayutan kaliyan aqidah lan pangibadahan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.  Amrih kita boten dhumawah ing tumindak bid’ah lan kasyirikan.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wosing hadits kasebat “Ballighu ‘anni walau ayah” punika paring piwucal supados kita kersa sinau ngaji piwucal syari’at agami Islam wiwit baligh ngantos ajal dumugi. Sinau ngaos sanajan namung satunggal ayat hananging kedah faham lan mangertos ingkang saèstu lajeng dipun-amalaken. Kita dipunawisi mucal muruk syari’at agami manawi dèrèng faham lan mangertos kanthi saèstu, jalaran badhé ndadosaken risaking agami lan paugeraning ngagesang.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ing wasana sumangga kita pungkasi khutbah ing siyang punika kanthi sesarengan migatosaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala surat Ash-Shaaf [61] ayat 2-3:
 كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ الَّهِ أَنْ تَقُولُوا مَا لَا تَفْعَلُونَ(3)  (2)يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفْعَلُونَ
“He para wong Mukmin kabèh! Apa sebabé sira padha ngucapaké barang kang ora padha sira lakoni [1], Gedhé dosané mungguhing Allah, anggonira ngucapaké barang kang ora padha sira lakoni [3]”. (QS. Ash-Shaaf [61]: 2-3).
Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah maringi hidayah lan taufiq dhumateng kita, sahingga kita sregep sinau ngaji ilmu agami lan boten aras-arasen nggethok tularaken pangertosan agami punika, sanajan namung satunggal ayat kanthi pangertosan ingkang leres.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 171217, 17.22)=-

No comments:

Post a Comment