Friday, April 13, 2018

NYENGKUYUNG PEMILU KADA LAN PRESIDEN


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa salam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Boten dangu malih kita badhé handhѐrѐk nyengkuyung wontenipun Pemiliu Kepala Daerah (PILKADA) Gubernur/Wali Kota lan Pemilu Legislatif saha Presiden sesarengan (serentak) ingkang dipunwiwiti PILKADA sesarengan tanggal 27 Juni 2018. Lan Pemilu Legislatif lan Presiden bénjang tahun 2019 ingkang badhé dumugi.
Gunggungipun wonten 171 Daerah; 17 Propinsi, 115 Kabupaten, lan 39 Kota. Utawi 36% Propinsi/Kota kirang langkung 159.000.000 (satus sѐket sanga yuta), utawi 61% gunggungipun warga penduduk Indonesia badhé hangginakaken hak pilihipun. Lan 7 Propinsi ageng ingkang nyedhot kawigatosan, inggih punika: 1). Sumut, 2). Sumsel, 3). Lampung, 4). Jabar, 5). Jatim, 6). Sulsel.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Gegayutan kaliyan Pendamelan Agung punika, kula ngajak dhumateng dhiri pribadi kula piyambak sumrambah dhumateng para panjenengan sadaya inggih punika, sumangga:
1.      Kula ngajak supados hangginakaken hak pilih panjenengan kanthi sahé. Tegesipun boten dados tiyang GOLPUT; boten milih utawi dipunpilih sadaya Calon Gubernur/Wali Kota utawi Calon Presiden. Jalaran kanthi makaten pilihan kita badhé batal utawi boten sah.
2.      Kita pilih salah satunggalipun Calon Gubernur/Wali Kota utawi Calon Presiden jumbuh kaliyan pilihan kita, tiyang ingkang shalih, ingkang pantes mimpin bangsa lan nagari kita. Tiyang ingkang shalih punika boten ajrih dhumateng sinten kémawon kajawi hanamung dhumateng Allah Subhabahu wa Ta’ala. Kanthi makaten boten badhé gampil tumindak maksiat, tumindak ingkang dipunawisi déning agami lan pamarintah. Sadaya kawicakanaanipun badhé makmuraken lan badhé damel majenging bangsa lan nagari.
3.      Kita hambudidaya amrih Perhelatan Agung PILGUB lan PILPRES saged lumampah kanthi lancar boten wonten rubéda satunggal punapa. Kanthi paring dana bantuan punapa ingkang dados kasagetan kita. Kanthi lisan, éguh pratikel manawi pancѐn dipunbetahaken wajib kita aturaken. Kanthi puji pandonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala mujudaken ikhtiyar ingkang boten rѐmѐh lan asor andhil kita minangka jejeripun warga ing masyarakat.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kita sengkuyung Pemilu Kepala Daerah, Legislatif lan Presiden ingkang badhé dumugi kanthi hangginakaken hak pilih kita jumbuh kaliyan hati nurani kita. Inggih lumantar hangginakaken hak pilih kita punika kita handhѐrѐk nyengkuyung, nata lan nyamektaaken kamajenganing bangsa lan nagari wekdal gangsal tahun ingkang badhé lumampah. Lan poma dipoma sampun ngantos dados tiyang GOLPUT; boten hangginakaken hak pilih kita.
Mugi-mugi Perhélatan Agung PILGUB lan PILPRES lumampah kanthi sahé, aman, lancar boten wonten rubéda satunggal punapa. Saged kapilih lan kapiji Gubernur/Wali Kota saha Presiden priyayi ingkang adil, shalih. Ingkang saged nganthi bangsa lan nagari majeng lan makmur lelambaran rahmat lan ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Amin Yaa Rabbal ‘alamin
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 110418, 09.55)=-

No comments:

Post a Comment