Friday, April 13, 2018

PASA PUNIKA NYÉHATAKEN



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa salam dhawuh:
صُمُوْا تَصِيْحُوْا
“Padha pasaha sira kabѐh yekti sira bakal séhat.
Badan manungsa punika tetep badhé gesang kanthi nutrisi ingkang dipunserap badan salebetipun nindakaken pasa. Badan badhé ngurai lan ngobong zat ingkang boten migunani tumrap badan, kados kakathahan nutrisi, ampas pencernaan zat-zat ingkang ngandhung racun, sel lan jaringan ingkang sampun sepuh lan sampun pejah ingkang dipun-ginakaken minangka gantosing kalori ingkang kirang sacara dadakan.
Kanthi pasa punika minangka proses daur ulang sampah. Hananging proses punika boten ngantos ngrisak lan ngobong sel lan organ tubuh sanѐsipun. Sѐl ingkang sampun sepuh utawi jaringan-jaringan ingkang kataman sesakit badhé dipunurai lan dipunobong selebetipun nindakaken pasa.  Produksi saha pertumbuhan sel énggal lan sehat ingkang dipun-ginakaken badan lumampah kanthi cepet. Kajawi punika, kadar gula darah lan protein darah tansah normal kawontenanipun. Jalaran  zat ingkang wonten racunipun lan sel ingkang boten sehat sampun ical, sel lan nutrisi ingkang dipunbetahaken badhé ngawontenaken proses sintesis ulang salebetipun nindakaken pasa.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Salebetipun nindakaken pasa, organ ekskresi, kados; ati/manah, ginjal, paru-paru, lan kulit langkung aktif ngedalaken zat ingkang ngandhung racun, saha proses pembersihan sel meningkat, sahingga zat ingkang ngandhung racun wonten ing salebeting raga badhé ical kanthi cepet. Lan toya pipis badhé saged kabucal kanthi cepet lipet kaping 10 (sedasa) langkung kathah katimbang wekdal boten nindakaken pasa.
Salebetipun nindakaken pasa, lambung lan usus badhé ngaso lan istirohat saking tugas pencernaan, sahingga sasampunipun pasa rampung kamampuan pencernaan lan panyerapan dhaharan badhé langkung meningkat lan saged manfa’ati nyegah mlebetipun zat ingkang ngandhung racun wonten ing raga.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Salebetipun nindakaken pasa/siyam, rambutipun badhé katingal cumplorot, soroting soca tambah sumunar, badan / raga kraos ѐnthѐng. Kanthi makaten pasa punika hanggadhahi gina lan manfaat kanggé ningkataken fungsi raga lan saraf, saha nambah cepet medalipun hormon sekresi ingkang wonten ing raga.
Racun sel sesakit lan sel pejah ingkang hanjalari penuaan badhé dipunbucal salebitipun nindakaken pasa. Kanthi nindakaken pasa kamampuan sel sehat dadosaken tambah kiyat, sahingga kekebalan raga langkung sahé, kulit resik lan sumringah, katingal tambah mudha/anѐm.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi nindakaken pasa ugi saged dados sarana pangobatan alternatif amrih jiwa lan raga tetep sehat wal ‘afiat. Manawi tiyang punika sehat wal ‘afiat jiwa lan raganipun, punapa sedya lan angen-angenipun badhé saged kalampahan utawi kadumugѐn. Nindakaken pangibadahan saged lumampah kanthi sahé, lan saged sampurna, jumbuh kaliyan tuntunan syara utawi agami. Ing wusana badhé pikantuk lintu ganjaran kanthi sampurna ugi.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Awit saking punika sumangga kula dhѐrѐkaken sesarengan hanggadhahi pajangka hanindakaken pasa kanthi manut tuntunaning agami. Pasa wajib lan pasa sunnah dipuntindakaken kanthi tertib, manut syarat lan rukunipun pasa. Kanthi pangajab mugi anggѐn kita pasa boten muspra. Pasa punika nyéhataken raga lan handumugѐkaken ing sedya.Ing wasana mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah paring hidayah lan taufiq dhumateng kita, amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 230118, 13.44)=-

No comments:

Post a Comment