Friday, April 13, 2018

GESANG LELUWIHAN



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ,  أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ngaturi uninga bilih gesang leluwihan punika dipunharamaken déning agami kita Islam, lan kalebet pendamelan ingkang boten pinuji. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh dhateng kawula-Nipun supados gesang kanthi prasaja, semedheng, tengah-tengah, boten leluwihan wonten ing perkawis punapa kémawon, kalebet nafkahaken bandha. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh kasebat wonten ing surat Al-Furqan [25] ayat 67 makaten:
 وَالَّذِينَ إِذَا أَنْفَقُوا لَمْ يُسْرِفُوا وَلَمْ يَقْتُرُوا وَكَانَ بَيْنَ ذَٰلِكَ قَوَامًا
 Lan wong-wong kang rikala mblanjakaké (bandha), dhѐwѐké kabéh iku ora padha leluwihan, lan (uga) ora medhit (ngirit-irit) lan blanja kang mengkono iku (arané) blanja kang sedhengan”. (QS. Al-Furqan [25]: 67).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ayat kasebat Allah Subhanahu wa Ta’ala paring pangalembana dhateng kawula-Nipun ingkang boten leluwihan anggѐnipun nafkahaken bandhanipun. Tumindak leluwihan punika boten namung perkawis bandha kémawon, hananging kalebet anggѐnipun hangginaken wekdal, nalika ngendika, nalika saré, nalika paring pangalembana lan nalika nyacat dhateng sesami gesang, lan nalika kekancan ugi ingkang samadya boten pareng raket-raket lan ugi boten renggang. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
 ... وَأَنَّ الْمُسْرِفِيْنَ هُمْ أَصْحٰبُ النَّارِ. (سورة غافر ٤٣).
“… lan satemené wong-wong kang padha ngliwati wates, hiya dhѐwѐké iku pendhudhuk neraka”. (QS. Ghafir [40]: 43).

Ayat kasebat punika paring isyarat leluwihan perkawis kekafiran lan kedholiman. Wonten ing perkawis dhahar lan ngunjuk ugi dipunharamaken leluwihan, kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
Hé anak Adam, sira supaya nganggo pakéyanira kang bagus ing saben-saben (mlebu) masjid, padha mangan lan ngombéya, lan aja nganti leluwihan. Satemené Allah iku ora seneng marang wong kang padha leluwihan”. (QS. Al-A’raf [7]:31).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Makaten agami kita Islam paring pitedah dhumateng kita kanthi gesang ingkang prasaja, lan boten leluwihan. Ngedalaken infaq kanthi leluwihan sahingga kita rumaos tuna lan kuciwa, jalaran bandha kita telas dipuninfaqaken dhateng tiyang sanѐs. Islam paring pitedah infaq kanthi samadya, boten sakedhik sanget ugi boten kathah sanget, hananging ingkang samadya, amrih boten getun tembé wingkingipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَلَا تَجْعَلْ يَدَكَ مَغْلُولَةً إِلَىٰ عُنُقِكَ وَلَا تَبْسُطْهَا كُلَّ الْبَسْطِ فَتَقْعُدَ مَلُومًا مَحْسُورًا
“Lan aja nganti sira ndadѐkaké tangan ira kablenggu ana gulunira lan aja nganti sira kebangeten olѐhé nguluraké, jalaran iku sira dadi wong kang kacela lan getun”. (QS. Al-Isra’ [17]:29).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Islam ugi dhawuh nginfaqaken bandha kanggé kaperluwan ingkang dipunhalalaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasul-Ipun, lan ngaramaken infaq kanggé foya-foya lan hura-hura. Gesang samadya punika gesang ingkang pinuji. Lan gesang leluwihan punika gesang ingkang dipunawisi déning agami. Gesang leluwihan badhé kuciwa lan kapitunan ing donya lan ing akhirat. Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah paring hidayah lan taufiq dhumateng kita, lan mugi kita gesang kanthi begja mulya ing donya lan akhirat. Amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 110318, 11.08)=-

No comments:

Post a Comment