Friday, April 13, 2018

GRAHANA AKHLAQ BEBAYANI (Khutbah Grahana Bulan)


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَ قَالَ اللهُ تَعَالَى أَيْضًا: وَآيَةٌ لَهُمُ اللَّيْلُ نَسْلَخُ مِنْهُ النَّهَارَ فَإِذَا هُمْ مُظْلِمُونَ وَالشَّمْسُ تَجْرِي لِمُسْتَقَرٍّ لَهَا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ وَالْقَمَرَ قَدَّرْنَاهُ مَنَازِلَ حَتَّىٰ عَادَ كَالْعُرْجُونِ الْقَدِيمِ لَا الشَّمْسُ يَنْبَغِي لَهَا أَنْ تُدْرِكَ الْقَمَرَ وَلَا اللَّيْلُ سَابِقُ النَّهَارِ ۚ وَكُلٌّ فِي فَلَكٍ يَسْبَحُونَ.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Jama’ah Shalat Grahana Bulan Kaum Muslimin Rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Dzat ingkang Nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang paring rezeki dhumateng kita sami. Dzat ingkang jembaraken lan ngrupekaken rezeki. Dzat ingkang nitahaken wekdal rina lan wekdal dalu.  Wekdal rina kanggé nyambut damel pados pangupajiwa, lan wekdal dalu kanggé ngaso leléyѐhan. Dzat ingkang hanglampahaken sadaya barang-barang ing langit. Sadaya sami tundhuk lan patuh dhateng sadaya ingkang dipunkersakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang murbѐhing dumadi.
Mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alahi wa salam, ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita. Mugi kita tansah pinaringan wilujeng manggihi karaharjan anggѐn kita gesang ing donya lan akhirat. Amin Yaa Rabbal Alamin.

Para Sadhѐrѐk Kula Kaum Muslimin/Muslimat Rahimakumullah,
Grahana bulan utawi grahana srengéngé punika boten jalaran boten pasipun mubenging srengéngé, bulan, lan bumi. Hananging Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng badhé nedahaken bilih sadaya obah lan mosiking titah, kalebet bulan lan bumi  mubeng seser wonten ing papan panggѐnanipun ingkang sampun dipunkatetepaken.
Kadadosan grahana punika minangka ayat utawi pratandha Maha Kuwaosipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, mujudaken ayat Kauniyah tumrap tiyang ingkang hanggadhahi iman, lan tiyang ingkang kersa hangginakaken akal lan pikiranipun.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ لِأُولِي الْأَلْبَابِ

“Sejatiné ing sajroné kaciptakaké langit lan bumi sarta gilir gumantiné wengi lan rina iku ana tandha-tandha (kekuwasaané Allah kang maédahi) tumrap wong-wong kang anduwѐni akal,”     (QS. Ali Imran [3]: 190).

Sadaya samukawis barang ing langit ingkang gunggungipun mayuta-yuta lan mawarni-warni rupi lan ujudipun tanpa wilangan punika, sadaya lumampah kanthi rancak boten wonten ingkang tumbukan. Sadaya punika maringi piwucal luhur tumrap kawula ingkang pancѐn purun ngangen-angen lan mikir sadaya kadadosan ing lumahing bumi lan kureping langit.

Para Sadhѐrѐk Kula Muslimin/Muslimat Rahimakumullah,
Sadaya  kadadosan ingkang boten ajeg lan katingal hanggegirisi punika ngѐngetaken dhumateng kita badhé dhatengipun dinten Qiamat ingkang pancѐn ngawatiraken mliginipun tiyang ingkang hanggadhahi iman.
Inggih kanthi kadadosan kados ing wekdal punika paring pangaribawa tumrap tiyang ingkang iman lajeng tambah imanipun, tambah sregeb lan tertib anggѐnipun ngibadah lan ngumawula dhateng Allah Dzat Ingkang Maha Kuwaos, inggih Allah Rabbul ‘Alamin.
Tiyang ingkang iman lajeng tambah tertib anggѐnipun nindakaken shalat lan anggѐnipun ngamal shalih. Shalat wajib katindakaken kanthi jama’ah. Shalat Sunnah Rowatib, shalat Tahajud, lan shalat Sunnah-sunnah sanѐsipun minangka jangkeping ngibadah shalat wajib boten katalumpѐn.
Zakat Maal lan Shodaqah dipuntindakaken kanthi tertib lan teratur, manut lan jumbuh kaliyan pranataning agami, inggih dhawuhipun Allah lan Rasul-Ipun ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah.
Ngibadah Mu’amalah ugi boten katilar, lan malah kapara saged katindakaken kanthi sahé. Dhumateng Bapa lan Ibunipun andhap asor, dhumateng tangga tepalihipun boten naté congkrah lan padudon. Sadaya guyub rukun, tulung tinulung, bantu binantu tiyang satunggal lan satunggalipun.
Para Sadhѐrѐk Kula Kaum Muslimin/Muslimat Rahimakumullah,
Agami kita Islam dhawuh manawi wonten grahana Bulan utawi grahana Srengéngé kadhawuhan nindakaken shalat sunnah 2 (kalih) raka’at, kanthi 2 (kalih) ruku’ saben 1 (satunggal) raka’atipun, lan kalajengaken khutbah ingkang isi lan suraosipun gegayutan kaliyan grahana.
Kajawi punika kadhawuhan ngathah-ngathahaken ngamal kasahénan, kados umpaminipun maos Al-Qur’an, dzikir, tahlil, donga, lan shadaqoh. Rasulullah shallahu ‘alaihi wa sallam maringi katerangan dhateng ummatipun kados ingkang dipunriwayataken déning Imam Bukhari dan Muslim, makaten:

إِنَّ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ أيَتَانِ مِنْ أيَاتِ اللّهِ، لاَيَخْسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلاَ لِحَيَاتِهِ. فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذَلِكَ فَادْعُوْا اللّهَ وَكَبِّرُوْا وَتَصَدَّقُوْا وَصَلُّوْا. (رواه البخارى ومسلم).

“Satemené srengéngé lan mbulan iku tandha loro kang minangka tandha-tandha panguwasané Allah Subhanahu wa Ta’ala. Grahana srengéngé lan bulan iku ora amarga matiné suwijining pawongan utawa uripé suwijining pawongan. Mula saka iku lamun sira weruh grahana padha dongaha sira marang Allah, takbir, shodaqah, lan nindakaké shalat.”  (HR. Bukhari lan Muslim).

Kadadosan grahana kados ing wekdal punika supados boten dipun-gayutaken kaliyan kawontenan sanѐs, punapa malih ngantos tumindak ingkang dadosaken syirik nyekuthokaken dhateng Allah Subhanahu wa Taala, jalaran tumindak syirik punika kalebet dosa ageng lan boten badhé dipun-ngapunten déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an surat Luqman [31] ayat kaping 13 makaten:

وَإِذْ قَالَ لُقْمَانُ لِابْنِهِ وَهُوَ يَعِظُهُ يَا بُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ.

“Lan (élinga) nalikané Luqman ngendika marang putrané; kang lagi mituturi marang putrané: “Hé putraningsun, seliramu aja nganti nyekuthokaké marang Allah, sejatiné nyekuthokaké (Allah) iku yekti kaningaya kang gedhé.” (QS. Luqman [31]:13).

Ayat sanѐs ingkang nunggal makna Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh makaten:

إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا بَعِيدًا.
“Satemené Allah ora bakal paring pangapura dosa nyekuthokaké (sawiji-wiji) marang Panjenengané, lan Panjenengané kersa paring pangapura dosa saliyané syirik tumrap sapa wahé kang dikersakaké. Sapa wahé kang nyekuthokaké (sawiji-wiji) marang Allah, mangka satemené dhѐwѐké kuwi wus kesasar kang banget aduhé”. (QS. An-Nisa’ [4]: 116).

Para Sadhѐrѐk Kula Muslimin/Muslimat Rahimakumullah,
Petengipun bulan lan petengipun srengéngé taksih saged dipunwusadani, petengipun rina lan petengipun wengi taksih saged dipunpadosi kados pundi amrih saged padhang jingglang boten katingal peteng lelimengan. Hananging petengingipun ati utawi manah sanget handrawasi. Kathah rajapati, kahanan ingkang boten prayogi, lan hanggegirisi lantaran manah ingkang boten saged nampi pitedahipun Gusti Allah Rabbul ‘Izzati.
Sanajan kutha lan padesan sadaya sampun boten wonten ingkang kantun pikantuk panerangan cahyaning listrik, angѐl bѐntenaken rina lan wenginipun, jalaran sumuroting cahyaning listrik ingkang pancѐn sampun murakapi. Hananging émanipun boten dipuntembusi déning cahyaning Nur Illahi Rabbi ingkang awujud Cahyaning Nur Hidayah. Pramila grahana Akhlaq dados handrawasi.
Awit saking punika moment grahana punika sumangga kita dadosaken pancadan kanggé jangka owahing kamajenganing gesang kita amrih gesang kita boten kapitunan ing tembé wingkingipun.
Nyambut damel lan makarya kanthi sregep, satiti, ngati-ati boten katalumpѐn ngathungaken tangan donga dhumateng ngarsanipun Allah Illahi Rabbi lelambaran tuntunan agami.
Ngangen-angen, observasi lan hanaliti sadaya kawontenan  lan kadadosan ing lumahing bumi lan kurebing langit, amrih dados sarana majenging ilmu. Kanthi makaten, mugi saged handayani majenging Nuswantara negari, mliginipun tlatah Kabupaten Grobogan Bersemi.
Kanthi makaten ugi, mugiya dados sarana  gesang kita manggih begja mulya, dhatan kirang sandhang lan boga ngantos putra wayah, donya lan akhirat tansah pikantuk rahmat lan pangapuraning Allah Gusti Ingkang Murbѐhing Dumadi.
أَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا, وَالْعَفْوُا مِنْكُمْ.
Ing wusana, sumangga kita pungkasi khutbah grahana bulan ing dalu punika kanthi donga nyuwun dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi Allah kepareng ngabulaken donga lan panyuwun kita. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, حَمْدًا النَّاعِمِيْنَ, حَمْدًا الشَّاكِرِيْنَ, حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِىءُ مَزِيْدَهُ, يَارَبَّناَ لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. اَلّلَهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى رَسُوْلِكَ وَنَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ, وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلَّلهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ..
اَللَّهُمَّ اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ, اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ, وَافْتَحْ لَنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ, وَاغْفِرْلَنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ, وَارْحَمْنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ, وَارْزُقْنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ, وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمَ الظَّالِمِيْنَ, وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الْجَاهِلِيْنَ, وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الْمُنَافِقِيْنَ, وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الْكَفِرِيْنَ. اَللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا, وَتَفَرَّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرَّقًا مَعْصُوْمًا,
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى, وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ, وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ, وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ, وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ،
رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَلْنَا, وَاِلَيْكَ اَنَبْنَا, وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
. وَصَلى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
-=(hms, 290118, 06.50)=-