Thursday, October 9, 2014

DOA WALIMATUL HAJI




بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, حَمْدَ النَّاعِمِيْنَ, حَمْدَ الشَّاكِرِيْنَ, حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِىءُ مَزِيْدَهُ, يَارَبَّناَ لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. اَلّلَهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى رَسُوْلِكَ وَنَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.
Yaa Allah, kula nyuwun pangreksa dhumateng Panjenengan saking pangridunipun syétan ingkang dipunranjam.
Kanthi nyebut asmanipun Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Sadaya pangalembana punika kagunganipun Allah ingkang mangérani sadaya alam.
Yaa Allah, ingkang Maha Welas lan Maha Asih, mugi kersa paduka paring welas lan asih dhumateng kula lan sadaya ingkang sami rawuh wonten ing Walimatul Hajji punika.
Yaa Allah, ingkang Maha Wicaksana, mugi kersa paduka paring pangapunten dhumateng kula lan Bapak Drs. Mukhlis lan garwa. Mugi kersa Paduka kepareng nambahi sangu taqwa dhumateng Bapak Drs. Mukhlis lan garwanipun ugi dhumateng tiyang sepuh kalihipun Bapa lan Ibunipun ingkang insya Allah badhé tindak hajji  benjang dinten Kamis Kliwon surya kaping 28 Dzulqa’dah 1434H/03 Oktober 2013. Mugi kersa Paduka gampilaken sadaya kesaénan dhumateng Bapak Mukhlis lan garwanipun saha Bapa lan Ibunipun wonten ing papan pundi kemawon lan wekdal punapa kemawon.
Yaa Allah, ingkang Maha Kuwaos, kula nyuwun titip dhumateng Panjenengan Dzat ingkang boten badhé ical titipan-Ipun,  sawatawis Bapak Drs. Mukhlis bidhal hajji sadaya anak lan putra asuh panjenenganipun, saha sadaya amanah ingkang Panjenengan paringaken dhumateng panjenenganipun ingkang dipuntilar, kula pasrahaken dhumateng Panjenengan. Lan badhé dipunsuwun malih bénjang manawi panjenenganipun sampun wangsul saking ngibadah hajji.
Yaa Allah, mugi kersa Paduka maringi dhumateng Bapak Drs. Mukhlis lan kaluwarganipun bagas kasarasan, lan kawilujengan wiwit bidhal ngantos bénjang wangsul saking tanah suci Makkah Al-Mukaramah lan Madinah Al-Munawarah. Mugi ngibadah hajjinipun kalebet éwonipun tiyang ingkang hajjinipun Mabrur. Lan saget njagi kemabruranipun ngantos benjang sowan dhumateng ngarsa Panjenengan.
Yaa Allah, mugi kersa Panjenengan paring kalegan lan kepuasan dhumateng sadaya rezki ingkang panjenengan paringaken dhumateng kula, lan paring berkah sadaya peparing Panjenengan. Mugi kersa paduka paring lintu sadaya peparing Panjenengan ingkang ical kanti lintu kesaénan.
Ya Allah, keparenga kula nyuwun tambahing rahmat lan fadhilah Panjenengan, jalaran boten wonten ingkang kagungan rahmat lan fadlilah, kajawi namung Panjenengan piyambak.
Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi sampun Panjenengan dadosaken manah kula sedaya punika condhong dhumateng tumindak ingkang sasar, sasampunipun Panjenengan paring pitedah  dhumateng kula sadaya, lan mugi Panjenengan paringaken dhumateng kula sadaya rahmat saking ngarsa Panjenengan, keranten sejatosipun inggih namung Panjenengan piyambak ingkang Agung peparingipun rahmat.
Yaa Allah Pangeran kula, mugi kersa Panjenengan  paring kesahénan dhateng kula wonten ing donya, lan ugi kesahénan benjang wonten ing akhirat, lan mugi panjenengan reksa dhateng kula saking siksa Neraka.
اَلَّلهُمَّ زَوَّدَكَ التَّقْوَى, وَغَفَرَ ذَنْبَكَ, وَيَسَّرَ لَكَ الْخَيْرَ حَيْثُ مَا كُنْتَ.
أَسْتَوْدِعُكُمُ اللهَ الَّذِيْ لاَ تَضِيْعُ وَدَائِعُهُ.
أَسْتَوْدِعُ اللهَ دِيْنَكَ وَأَمَانَتَكَ وَخَوَاتِيْمَ عَمَلِكَ.
اَلَّلهُمَّ  اجْعَلْهُ حَجًّا مَبْرُوْرًا وَسَعْيًا مَشْكُوْرًا وَذَنْبًا مَغْفُوْرًا وَعَمَلاً صَلِحًا مَقْبًوْلاً وَتِجَارَةً لَنْ تَبُوْرَ. يَا عَلِمَ مَا فِيْ الصُّدُوْرِ أَخْرِجْنَا مِنَ الظُلُمَاتِ إِلَى النُّوْرِ.
اَلَّلهُمَّ قَنِّعْنِيْ بِمَا رَزَقْتَنِيْ, وَبَارِكْ لِيْ فِيْهِ, وَخْلُفْ عَلَيَّ كُلَّ غَائِبَةٍ لِيْ بِخَيْرٍ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتَ.
رَبَّنَا لاَتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْلَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ.
سُبْحَنَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّ يَصَفُوْنَ, وَسَلَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
-=(hms, 200913, 09.41)=-





KAWRUH BASA




INDONESIA
JAWA
susun
rakit
sempurna
sampurna
nyadari
nglenggana
jumlah
gunggung
keluarga
kulawarga
guru
dwija
tata bahasa
paramasastra
orang ke 1 (aku/saya)
panjenenganingsun
orang ke 2
panjenengan
orang ke 3
panjenenganipun = dheweke
perpustakaan
kapustakan
halaman
kaca
judul
irah-irahan
orang yang jabatan
priyantun
konsisten
ajeg = istiqamah
siang malam
rina wengi
sekarang
samangke
besuk
benjang
tahun baru
tahun anyar
dalam
jero
jemput
mapag = methuk
kesempatan
kalodhangan
pertama, kedua, ketiga
sepisan, nomor kalih, nomor tiga lst.
pangan
boga = tedha
sandhang
wastra
arti
artos = suraos = teges = werdi
kuasa
kuwawi
kebenaran
bebener
terbatas
winates
lautan
seganten
dimana saja
woten pundi kemawon
kebetulan
kaleresan
sehingga
nganti = satemah
pengaruh
pangribawa
saja
bae = wae
utuh
jangkep = wutuh
memeluk agama
ngrungkebi
punya
gadhah = kagungan
kekayaan
donya brana = raja kaya
tuhan
pangeran = sesembahan
menerima
narima = pasrah = sumarah = apa anane
penghuni
pedunung
masyarakat
bebrayan
keluarga
brayat
anak
putra = lare = bocah
kamu
keng slira (tumrap kanca)
omong/omongan
canten/wicanten
memberi
nyukani = ngaturi
keuntungan
kabegjan
penolong
wong kang mitulungi
mengharap
ngajeng-ajeng
kita
kula lan panjenengan
kesepakatan
prajanji
nafsu sex
nafsu birahi
siapa saja
sok sintena = sinten kemawon
papan/mapan
panggonan/manggon
kewajiban
jejibahan
dekat
cedhak = parek
kesimpulan
dudukan
aku/saya
ingsun tumrap priyantun luhur
kowe
kita
semangat
greget = gairah
pemeriksaan
papriksan
menjaga
nyegah = njaga
membebani
hambebani
perintah
dhawuh
mendirikan
ngedegake
mirip
selaras
heran/mengherankan
nggawok/nggawokake
sulit
angel = ribet
memegang
nyekeli = nyepengi
ketemu
kepanggih = ngumpul
pergi
lunga = kesah
membawa
mbekta = nggawa
sial
apes
mati
pejah = seda = tilar donya
menabrak
nunjang = nerak
menunjang
nyengkuyung
berulang kali
bolak balik = wongsal wangsul
kukuh
kekah = kuwat
miring
condhong
usir
tundhung
kebiasaan
pakulinan
suara
swara/swanten
menyembah
manembah
bicara
guneman/wicanten
penting
wigati
sementara
sawatara
cabaan
pacoben
bunuh diri
ngayut tuwuh
keuntungan
babathen
nyata
cetha, jelas, pratela, tetela
secara
miturut
pelaporan
palapuran
esuk
enjing
sampai
nganti
harus
kudu, kudhu (who-wohan)
diam
meneng, meneng
berhenti
mandheg, leren, kendel
Sedaya tembung kriya (kata kerja), mawi hanuswara: ndeleng, ndhupak, mbanyaki, mbuwang, lsp.

Tembung boten rehne dede tembung kriya, mila tetep boten, mboten punika lepat, senajan pangucapipun mboten, mBandung, mBali, lsp.
Tembung dijupuk, di (ater-ater) mila kedah gandheng kaliyan lingganipun; dipunpundhut (krama inggil), dipunpendhet (krama.lugu)
Mirunggan: dipun + y/g; dipun-yakini, dipun-gunggung, lsp.

-=(hms, 140413, 17.31)=-