Monday, June 11, 2018

TUJUWAN GESANG MANUNGSA


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
اَلْحَمْدُ للَّهِ حَقَّ حَمْدِهِ, وَالسُّكْرُ لِلَّهِ حَقَّ شُكْرِهِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَنَيِيَّ يَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَهُ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’ah rahimani wa rahimakumullah,
Wonten ing wekdal ingkang éndah punika sumangga kita ningkataken keimanan lan ketaqwaan kita kanthi nindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala saha hanebihi sadaya awisan-Nipun. Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan begya mulya donya lan akhirat.

Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita  Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wasalam, dhumateng para kulawarga lan para shahabatipun, saha dhumateng para pendhѐrѐkipun ingkang istiqamah dhѐrѐk sunnah-sunnahipun, lan in sya Allah kalebet dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken manungsa punika kadhawuhan ngibadah hanamung dhateng Penjenenganipun, lan boten dhateng sanѐs-Ipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ
Tegesipun: “Lan Ingsun ora nggawé jin lan manungsa kejaba supaya dhѐwѐké kabѐh padha nyembah marang Ingsun”. (QS. Az-Zariyat [51]:56).
Ayat kasebat mengku pangertosan bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken jin lan manungsa punika boten wonten sanѐs kajawi hanamung kadhawuhan manyembah lan ngibadah dhumateng Penjenenganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Dados manawi wonten tiyang ingkang boten ngibadah punika kalebet medal saking fitrahipun, saha cengkah saking tujuwanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken manungsa. Pangertosan punika dipunmangertosi saking huruf -lam lil ghoyyah- (للغية) ing kalimat –liya’buduni  (ليعبدون)- ingkang tegesipun –tujuwan- , inggih punika tujuwan panitahan.
Tujuwanipun manungsa dipuntitahaken Allah Subhanahu wa Ta’ala boten wonten sanѐs hanamung supados ngibadah. Kanthi tembung sanѐs bilih kita gesang ing alam donya punika boten lelahanan, hananging gesang kita kanggé ngibadah.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Ibadah miturut Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah rahimahumullah inggih punika sebatan ingkang nyakup sadaya punapa kémawon ingkang dipuntrisnani lan ingkang dipunridhai Allah Subhanahu wa Ta’ala, sahé punika awujud ucapan utawi ngamal pendamelan, ingkang dzahir utawi ingkang  bathin.

Ibadah punika kapérang dados ibadah ati, lisan, lan anggota badan. Raos ajrih (khauf), ngarep arep (raja’), katergantungan (tawakal), seneng (raghbah) punika ibadah qalbiyah (ingkang gegayutan kaliyan ati (manah), Lajeng shalat, zakat, haji, lan jihad punika kalebet ibadah badaniyah qalbiyah (fisik/anggota badan lan ati/manah). Saha taksih kathah malih ibadah ingkang gegayutan kaliyan ati, lisan , lan badan.

Ibadah punika ingkang dados tujuwan panitahanipun manungsa kados ingkang kasebat wonten ing ayat 56 surat Az-Zariyat kasebat nginggil kala wau.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Allah punika Maha Sugih, boten hambetahaken ibadahipun para kawula, hananging para kawula punika ingkang hambetahaken Allah Subhanau wa Ta’ala. Awit saking katergantunganipun para kawula dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Pramila para kawula anggѐnpun manyembah ngibadah dhateng Allah kanthi jumbuh kaliyan tata aturan lan syari’atipun Allah SSubhanahu wa Ta’ala. Tiyang ingkang nolak lan mbangkang ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambakipun kalebet gumedhé utawi sombong. Sintena tiyang ingkang menyembah lan ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi syari’at sanѐsipun, pramila piyambakipun kalebet Mubtadi (pelaku bid’ah). Lan sintena tiyang ingkang manyembah lan ngibadah dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi syari’atipun pramila piyambakipun kelebet Mukmin Muwahhid (tiyang ingkang ng-Esa-aken Allah).

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Sumangga kita dadosaken sadaya pendamelan kiya saben dintenipun punika amrih kacatet lan dados ngamal ibadah. Wiwit wungu saré dumugi saré malih. Kita mlebet pakiwan utawi jamban (WC) kita kanthi niyat lan cara ngibadah; tegesipun kita mlebet jamban kanthi suku kiwa, medal jamban kanthi suku tengen, lan kanthi maos donga mlebet lan medal WC. Kita turas / toyan / nguyuh kanthi ndhodhok lan dhѐhѐm –dhѐhѐm. Kados makaten kala wau kalebet ngibadah.  Ngagem busana, ngrumiyinaken tangan tengen mlebet lengen tengen, lan tangan kiwa mlebet lengen kiwa. Ugi kalebet ngibadah. Semanten ugi ngagem sandhal inggih kados makaten. Sadaya tradisi utawi kabiyasaan  ingkang sahé tur boten cengkah kaliyan syari’at agami kita amalaken kanthi cara ngibadah dados amalan ibadah. Kados gugur gunung resik-resik margi ing kampung dados amal ibadah. Makaten sapanunggalanipun.
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah,
Makaten tujuwan kita gesang ing alam donya punika boten wonten sanѐs hanamung hanggadhahi kuwajiban ngibadah dhateng Allah Ta’ala. Kita ngibadah kantbi niyat ingkang ikhlas lan katindakaken kanthi manut tuntunan Allah lan Rasul-Ipun ingkang kaserat wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah. Mugi sadaya pangibadahan kita katampi wonten ngarsanipun Allah Subahanu wa Ta’ala. Amin yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 280418, 10.28)=-

MANUNGSA TINITAH MINANGKA KHALIFAH



اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun paring nikmat dhumateng kita.
Boten supé kula  minangka khatib ngajak dhumateng kita sadaya sumangga tansah nambahi keimanan lan ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun taqwa.
Shalawat saha salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kaluwarga, para shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang handhѐrѐk dhawuh lan tuntunanipun ngantos bѐnjang ing dinten Qiyamat. Amin.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Al-Baqarah ayat 30 makaten:
وَإِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَائِكَةِ إِنِّي جَاعِلٌ فِي الْأَرْضِ خَلِيفَةً ۖ قَالُوا أَتَجْعَلُ فِيهَا مَنْ يُفْسِدُ فِيهَا وَيَسْفِكُ الدِّمَاءَ وَنَحْنُ نُسَبِّحُ بِحَمْدِكَ وَنُقَدِّسُ لَكَ ۖ قَالَ إِنِّي أَعْلَمُ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Tegesipun: “Élinga nalika Pengéran ira dhawuh marang para malaikat: “Setuhuné Ingsun arep nitahaké khalifah ana ing bumi”. Para malaikat padha matur: “Menapa prayogi Penjenengan nitahaken (khalifah) wonten ing bumi rupi tiyang ingkang namung badhé damel karisakan lan patѐn pinatѐn, kang mangka kita tansah maos tasybih lan tahmid sarta nyucѐkaken dhumateng Penjengan?”. Allah dhawuh: ”Setuhuné Ingsun iku Pirsa apa kang sira kabѐh ora padha ngerti”. (QS. Al-Baqarah [2]:30).
Ayat kasebat mengku pangertosan bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala nitahaken manungsa minangka dados khalifah ing lumahing bumi. Dados manawi wonten tiyang ingkang boten nindakaken jejering khalifah ateges nalingsir fitrahipun tinitah déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi tembung sanѐs kita tinitah déning Allah “Azza wa Jalla kedah mangertos lan tumindak jejeripun khalifah.
Khalifah punika minangka badal (pengganti) satunggalipun perkawis. Awit saking punika kita minangka khalifah kedah nyamektaaken penggantosipun. Penggantos khalifah kedah dipunsamektaaken kanthi sahé, kanthi program lan waton ingkang gumathok. Lan boten namung angger-angger kémawon. Kanthi makaten badhé saged tuwuh lan kapiji khalifah ingkang sahé, inggih punika khalifah ingkang kiyat aqidah keimananipun saha sampurna akhlaqipun.
Khlifah punika kedah saged handhatengaken manfa’at lan kesahénan dhumateng tiyang sakiwa tengenipun lumѐbѐr dhateng masyarakat kathah. Khalifah punika boten angkuh, sombong utawi gumedhé, lan boten mbusungaken dadanipun. Tumindak saha tutur pangandikanipun tansah ngresepaken ing manah, ndamel trenyuhing tiyang. Gesangipun boten naté damel sakit lan susahipun tiyang sanѐs. Solahbawanipun lembah manah merak ati.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِي الْأَرْضِ مَرَحًا ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُورٍ
Tegesipun: “Lan aja nganti seliramu mléngosaké wajah ira saka manungsa (kerana) gumedhé), lan aja nganti seliramu mlaku ing lumahé bumi kanthi angkuh. Setemené Allah ora seneng marang wong-wong kang padha gumedhé tur agul-agulan”. (QS. Luqman [31]:18).
Ayat sanѐs ingkang nunggal makna Allah Ta’ala ugi dhawuh makaten:
وَعِبَادُ الرَّحْمَنِ الَّذِينَ يَمْشُونَ عَلَى الْأَرْضِ هَوْناً وَإِذَا خَاطَبَهُمُ الْجَاهِلُونَ قَالُوا سَلَاماً 
Tegesipun: “Lan kawula-kawulané Allah kang asipat Maha Welas, (hiiya iku) wong-wong kang padha mlaku ing salumahing bumi kanthi anteng lan andhap asor, lan arikalané dicelathoni déning wong bodho, dhѐwѐké kabѐh padha ngucapké tembung-tembung kang mengku keselametan”. (QS. Al-Furqan [25]:63).
Ayat 72 ingkang taksih nunggal surat, Allah Ta’ala dhawuh makaten
وَالَّذِينَ لَا يَشْهَدُونَ الزُّورَ وَإِذَا مَرُّوا بِاللَّغْوِ مَرُّوا كِرَاماً 
Tegesipun: “Lan wong-wong kang ora padha awѐh paseksѐn kang palsu (goroh) lan arikala dhѐwѐké kabѐh padha ketemu karo (wong-wong) kang padha nglakoni penggawéyan-penggawéyan kang ora migunani, dhѐwѐké kabѐh padha liwat (wahé) kanthi njaga kinurmatané dhiri”. (QS. Al-Furqan [25]:72).
Makaten katerangan menggah sapérangan akhlaqipun khalifah ingkang dipunkersakaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Piyambakipun boten cengkah kaliyan tujuwan lan funsinipun Allah Ta’ala hanitahaken manungsa. Kathi tembung sanѐs bilih kita dipuntitahaken déning Allah Ta’ala supados mengku jejering khalifah ing salumahing bumi kedah tansah tumindak ingkang sahé lan boten tumindak ingkang dadosaken risaking bumi lan kawontenan.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Manawi tiyang punika, inggih kalebet kula panjenengan sadaya punika jumbuh kaliyan fungsi tinitahipun manungsa, dhumateng Allah Ta’ala lan sesami ngagesang akhlaqipun sahé kados sapѐrangan sifatipun kawula ingkang dipuntresnani déning Allah Ta’ala, pramila gesang kita badhé tansah pinaringan ayem tentrem, lan dipuntebihaken saking rubéda ing donya lan ing akhirat;
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
أُولَٰئِكَ عَلَىٰ هُدًى مِنْ رَبِّهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Tegesipun: “Hiya wong-wong kang mengkono mau, (wong) kang olѐh pituduh saking Pengérané, lan hiya wong-wong kang mengkono iku wong kang beja-beja kabѐh”. (QS. Al-Baqarah [2]:5).
Allah Ta’ala dhawuh wonten ing ayat sanѐs, makaten:
وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنَاهُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَىٰ كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا
Tegesipun: “Lan sejatiné Ingsun mulyakaké anak-putuné Adam, Ingsun wis ngemot dhѐwѐké kabѐh ing dharatan lan segara; (Gusti Allah nggampangaké tumrap anak putu Nabi Adam ngangkut barang-barang ana ing ndharatan lan ana ing segara, kanggo nyukupi kabutuhané ngaurip), Ingsun paring dhѐwѐké kabѐh rezeki saka kang bagus-bagus lan Ingsun luwihaké dhѐwѐké kabѐh  kanthi kaluwihan kang sampurna marang akѐh-akѐhé makhluk kang wis Ingsun ciptakaké”. (QS. Al-Isra’ [17]:70).
Makaten fungsi lan tugasipun khalifahipun Allah Ta’ala; ndamel makmuripun bumi lan boten ndamel risakipun bumi lan risaking kawontenan. Ngendikanipun lan tandang tandukipun tansah ngresepaken manah, boten naté damel sakit lan susahipun tiyang. Saged dipundamel tuladha tumrap kawula alit wonten ing sadhѐngah papan lan wekdal.
Mugi kita saged mapanaken awak kita minangka khalifahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sajektosipun.
Amin Yaa Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 240418, 05.31)=-