Friday, April 13, 2018

MANAWI MANAH PUNIKA SAHÉ


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Manawi manah (قَلْبٌ) punika sahé, pramila badhé sahé sadaya anggota raga sanѐsipun. Manawi manah punika risak utawi awon, pramila badhé risak lan awon ugi sadaya anggota raga sanѐsipun. Sahénipun manah hanggadhahi raos ajrih, raos seneng (mahabah) dumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan dadosaken ikhlas ing salebetipun niat. Risakipun manah punika jalaran kasasar wonten ing tumindak maksiat, nindakaken perkawis ingkang haram, lan subhat (perkawis ingkang dѐrѐng cetha hukumipun). Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ngendika:
أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ
“Élinga sira kabѐh, manawa ing sajroning jasad iku ana sagegem daging. Lamun dhѐwѐké apik, mula bakal apik uga sakujur jasad. Lamun dhѐwѐké rusak, mula bakal rusak uga sakujur jasad. Mangertiya, manawa iku kang sinebut ati. (HR. Bukhari No. 52 lan Muslim No. 1599, saking An Nu’man bin Basyir radhiyallahu ‘anhuma).
Para Ulama ngendika bilih manah punika ujudipun alit manawi dipunbandhingaken kaliyan sapérangan anggota jasad sanѐsipun. Hananging sahé lan awonipun raga (jasad) punika gumnatung wonten ing manahipun. Para Ulama ugi ngendika bilih manah punika minangka ratunipun raga (malikul a’dha), lan anggota raga punika minangka tentaranipun (junuduhu).
Miturut Ibnu Bathol lan Imam Nawawi rahimahullah ngendika bilih hadits ing ngajeng ugi paring pangertosan bilih akal lan kamampuan mahami punika pusatipun wonten ing manah, boten wonten ing otak (sirah).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Syaih Shalih Al-Fauzan ngendika,  amrih manah punika tansah saged sahé supados tansah nyuwun dhateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala nyuwun supados dipunparingi manah ingkang sahé, jalaran manawi sahé manahipun punika badhé dados sahé sadaya urusannipun. Manawi risak manahipun badhé risak ugi sadaya urusanipun.
Awit saking punika Rasulullah  shalallahu ‘alaihi  wa salam saben-saben donga nyuwun dhateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, asring donganipun punika nyuwun supados dipunjagi kesahénanipun, kanthi atur donganipun makaten:
يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ ثَبِّتْ قَلْبِى عَلَى دِينِكَ
“Dhuh Dzat Ingkang Molak-malikaken manah, mugi Paduka kersa jejegaken manah kula tansah nenetepi agami Panjenengan”.
Ummu Salamah satunggaling wekdal naté nyuwun pirsa dhumateng Rasulullah  shalallahu ‘alaihi  wa salam, kéngéng punapa donga punika tansah dipunaturaken, Rasulullah  shalallahu ‘alaihi  wa salam lajeng paring dhawuh:
يَا أُمَّ سَلَمَةَ إِنَّهُ لَيْسَ آدَمِىٌّ إِلاَّ وَقَلْبُهُ بَيْنَ أُصْبُعَيْنِ مِنْ أَصَابِعِ اللَّهِ فَمَنْ شَاءَ أَقَامَ وَمَنْ شَاءَ أَزَاغَ
 “Hé Ummu Salamah, sing jenengé atiné manungsa iku tansah ana sajroné antaraning driji-drijiné Allah. Sapa wahé kang dikersakaké déning Allah, mula Allah bakal maringi kateguhan ing dalem imané. Nanging sapa wahé sing dikersakaké, Allah uga bisa nasaraké”.  (HR. Tirmidzi no. 3522. Syaikh Al Albani ngendikakaké manawa hadits iki shahih).
Wonten ing riwayat sanѐs dipun-ngedikakaken:
إِنَّ الْقُلُوبَ بِيَدِ اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ يُقَلِّبُهَا
“Satemené ati iku ana ing astané Allah ‘Azza wa Jalla, Allah kang molak-malikaké.” (HR. Ahmad 3: 257. Syaikh Syu’aib Al Arnauth ngedikakaké manwa hadits iki qowiy utawa kuat jumbuh syarat Muslim).





Syaih Shalih Al-Fauzan ngendika, bilih manah punika saged risak, lan risaking manah punika jalaran tiyang kasasar wonten ing kamaksiatan, kaharaman, lan kasubhatan. Dados perkawis ingkang maksiat, haram, lan subhat punika saged jalari dadosaken risakking manah.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sadaya tiyang naté ngalami lan ngraosaken kawontenan badan boten sakéca. Badan raos boten sakéca punika jalaran karibawa déning kawontenan manah. Surya katingal sumringah nalika manah ngraosaken seneng, waspa dlѐwѐran ing pipi nalikanipun sedih. Sadaya badan keringeten, adus kringet lan boten saged ngempet toyan (kepoyoh) nalikanipun ajrih utawi grogi.
Kawontenan kados makaten kala wau jalaran saking daya pangaribawanipun fisiologi lan patologi raga sacara langsung. Para ahli medis kanthi panelitian lan pamawasanipun ngendika bilih amprih waluya lan wilujenging sesakit fisik punika sarana kanthi nata lan ngatur kawontenaning manah, ingkang sinebat pangobatan jiwa raga (mind-body medicine).
Dokter Spesialis Radiasi Carl Simonton, Amerika Serikat, manggihaken hasil panelitianipun bilih kawontenan manah ingkang negative nglemahaken sel NK (Natural Keller) kanggé nanggulangi sel Kangker, sahingga sel Kangker saged dados ngremboko kanthi cepet. Awit saking punika Dokter Carl Simonton nggiyaraken  methode pangobatan/panyembuhan “Relaksasi lan Imajinasi” kanthi cara ngupados kawontenan lan suwasananing manah dados positif, amrih sel NK dados kiyat lan kangker saged mantun.
Pasien boten saged ngulu lan nandhang gangguan pernafasan kanthi nindakaken methode pengobatan Relaksasi lan Imajinasi watawis satunggal minggu gangguan pernafasanipun mantun lan piyambakipun saged dhahar.
Kawontenen manah ugi saged handayani paring pangaribawa dhateng sadya anggota raga, owah-owahan kawontenan manah, jalari owahing raga. Kapitadosan, katenangan lan teteging manah ugi saged handayani lan paring pangaribawa waluyaning sasakit. Pancѐn sayektos bilih manah ingkang sahé punika saged milujengaken lan mulyakaken panggesangan.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ing wasana sumangga kita hanyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kéwala, jalaran hanamung wonten ing astanipun Allah obah musiking manahipun kawula. Mugi kita tansah pinaringan kekiyatan saged hanebihi perkawis ingkang saged dadosake risaking manah, kados tumindak maksiat lan hanebihi perkawis subhat; perkawis ingkang dѐrѐng cetha hukumipun. Manawi manahipun tiyang punika sahé, pramila badhé sahé ing samudayanipun. Lan ugi saged mahanani  bagas warasing sarira. Ing pungkasanipun saged kasembadan sadaya sedya lan ingkang dipunjangka, gesangipun ayem tentrem ing donya lan akriratipun. Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah ngijabahi panuwun kita, amin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 220118, 14.46)=-

No comments:

Post a Comment