Friday, April 13, 2018

UNDHUH-UNDHUHANIPUN TIYANG TAQWA


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan  nambahi taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun taqwa. Nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan hanebihi sadaya pepacuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi pangertosan punika bilih taqwa kedah dipun ujudaken kanthi kalih perkawis, nuhoni pranatanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan hanebihi sadaya awisan-awisan-Ipun.
Pramila boten saged dipunaturaken: “Aku wis ngedegaké shalat”, sasampunipun lajeng tumindak maksiyat. “Aku wis nindakaké haji”, hananging sasampunipun wangsul saking Tanah Suci taksih remen kedholiman. Kanthi ringkes bilih komitmen taqwa punika, komitmen nindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan sesarengan ugi komitmen nilar sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap panggesangan kita. Mugi kita tansah pinaringan gesang begya mulya wiwit ing ngalam donya punika ngatos bénjang sowan ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Ketaqwaan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika mujudaken konsekwesinipun tiyang iman dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Iman tanpa dipuniringi tumindak taqwa ingkang awujud Ihsan punika ѐstunipun keimananipun boten sampurna. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring pepémut supados kita tansah njagi lan komitmen taqwa kita wonten ing papan panggѐnan lan wonten ing wekdal punapa kémawon. Kados sabda pangandikanipun:
إِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ ... . (رواه الترمذي).
Tegesipun: “Padha taqwaha sira marang Allah ana ngendi wahé papan panggonanmu’. (HR. At-Tirmidzi).
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Manawi komitmen taqwa kita punika dados cara gesang lan panggesangan kita, pramila in syaa Allah kita badhé kathah undhuh-undhuhan ingkang badhé kita raosaken sahé ing donya lan ing akhirat. Gegayutan undhuh-undhuhanipun tiyang taqwa punika Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ تَتَّقُوا اللَّهَ يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا وَيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ.
Tegesipun: “Hé wong-wong kang padha iman, yén sira kabѐh padha taqwa marang Allah, wus mesthi Panjenengané bakal maringi sira furqan, lan bakal ngapura sekabѐhané kesalahan-kesalahan ira (dosa-dosa nira). Lan Allah kagungan peparing kang banget akѐhé”. (QS. Al-Anfal [8]:29).
Tiyang ingkang hanggadhahi sikap furqan punika badhé saged mbѐntenaken kanthi  pertéla perkawis ingkang haq (bener) lan batil (lepat), halal lan haram, saha pinuji gesangipun. Tiyang ingkang taqwa punika badhé dipunparingi pangapunten dosa lan kalepatanipun saha pikantuk piwales ganjaran ingkang ageng.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Manawi sikap taqwa punika dados komitmenipun sadaya warga saindhenging nagari, pramila badhé dados sarana kanggé tumurunipun berkahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala saking langit lan saking bumi. Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an surat Al-A’raf [7] ayat 96 makaten:
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Tegesipun: “Manawa sekirané para pendhudhuké negara-negara padha iman lan taqwa, wus mesthi Ingsun bakal nurunaké marang dhѐwѐké mau berkah sangka langit lan bumi, ananging dhѐwѐké padha anggorohaké (marang ayat-ayat Ingsun) kuwi, akhiré Ingsun siksa wong-wong mau amarga lelakoné dhѐwѐké”. (QS. Al-A’raf [7]:96).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
إِنَّ اَوْلَى النَّاسِ بِيْ الْمُتَّقُوْنَ مَنْ كَانُوُا وَحَيْثُ كَانُوْا. (رواه أحمد).
Tegesipun: “Satemené sautama-utamané manungsa kang nyertani aku, yaiku wong-wong kang taqwa, sapa wahé lan kaya ngapa wahé kahanané dhѐwѐké”. (HR. Ahmad).
Tiyang tqwa punika badhé pikantuk kamulyan wonten ing ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasululllah shallallahu ‘alaihi wa sallam.
Makaten janjinipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kawula-Nipun ingkang komitmen taqwanipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé paring furqan; saged mbѐntenaken perkawis ingkang bener lan lepat, perkawis halal lan haram, badhé dipunparingi berkah saking langit lan berkah saking bumi, badhé dipunparingi pangapunten sadaya dosa lan kalepatanipun, lan tansah dipunkanthi dhateng margining kabegjan gesangipun wonten ing donya lan ing akhirat.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Ta’ala,
Awit saking punika sumangga kita hambudidaya amrih saged jagi taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi njagi konsekwensi taqwa kita. Inggih kanthi mujudaken sikap taqwa  ing gesang lan panggesangan kita saben wekdal lan sadhéngah papan.
Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan wilujeng, begja mulya ing donya lan ing akhirat. Amin Yaa Rabbal “Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 050418, 08.15)=-

No comments:

Post a Comment