IKHLASH NINDAKAKEN NGAMAL
-=[2]=-
السلام عليكم ورحمة
الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ,
وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ
يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ
بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قالَ اللهُ
تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken
sesarengan mbudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng
ngarsanipun Allah
Swt.. Ing pangajab mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis
ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah
kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., sumrambah
dhumateng para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang tansah manut lan
mituhu ndherek dhawuhipun. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt.
dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
!$tBur (#ÿrâÉDé&
wÎ)
(#rßç6÷èuÏ9 ©!$#
tûüÅÁÎ=øèC ã&s!
tûïÏe$!$#
“Kamangka dheweke kabeh ora diprentah kajaba
supaya padha manembah Allah kanthi murnekake ngibadah marang Panjenengane
(Gusti Allah) sajrone (nindakake) agama kanthi jejeg.” (QS. Al-Bayyinah [98]: 5).
Rasulullah saw. dhawuh:
... : إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِاالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا
لِكُلِّ اْمْرِئٍ مَانَوَى ... .( ح.ص.ر. البخارى ومسلم )
“Satemene kabeh tumindak iku gumantung ana ing
niyat. Lan saben-saben wong iku gumantung apa kang dadi niyate.” (HSR. Bukhori lan Muslim).
Ikhlash
miturut lughat tegesipun: “Satunggalipun barang ingkang murni boten kacampur dening
perkawis ingkang nyampuri.” Dipunngendikaken bilih “Susu punika murni” manawi
boten kacampur dening campuran sanes.
Ikhlash
miturut istilah tegesipun: “Ndadosaken tujuan ngibadah namung konjuk
dhumateng ngarsanipun Allah Swt.
Syaikh
Abdul Malik ngendika: “Ikhlas yaiku nalikane sira ngibadah, mula atimu lan
rahimu arahna marang Allah lan ora marang manungsa.”
Abu
Hazim Salamah bin Dinar ngendika: “Umpetna sakabehane tumindak apikmu kaya anggonmu
ngumpetake sakabehane tumindak alamu.”
Boten
wonten satunggal tiyang kemawon ingkang mamang lan ragu dhumateng para shahabat
anggenipun nindakaken ngibadah. Sanajan makaten, piyambakipun boten ujub lan
pamer anggenipun ngibadah. Tebih sanget manawi kita bandingaken kaliyan kita. Nembe
ngamal sakedhik kemawon kita criyos-criyosaken dhumateng tiyang sanes. Kepengin
kondhang, lan kepengin dipunsebat tiyang ingkang paling loma, lan dhermawan.
Kajawi tiyang ingkang pikantuk rahmatipun Allah Swt..
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Estunipun
ikhlash punika satunggaling perkawis ingkang awrat sanget, kedah mbudidaya
kanthi saestu supados saged pikantuk derajat ikhlash. Margi-margi ingkang saged
dipunlebeti syetan amrih saged ngrisak kaikhlashan kathah sanget. Nalika kita
nembe nindakaken ngamal, pramila syetan lajeng mbudidaya amrih ngamal kita
dados riya’. Manawi boten saged wonten ing kawitan ngamal, lajeng setan
mbudidaya kita badhe riya’ wonten ing satengahipun ngamal. Manawi boten saged
lajeng badhe mbudidaya wonten ing akhiripun ngamal.
Manawi tiyang sampun slamet saking
pangridhunipun setan, ngantos anggenipun
ngamal rampung, pramila setan boten mandheg anggenipun nggodha. Setan badhe
nggodha malih dhumateng tiyang ngamal supados piyambakipun nyarios-nyariosaken anggenipun
ngamal dhumateng tiyang sanes. Setan ngapusi kanthi omonganipun: “Iki ora
kalebu riya’, nanging iki supaya kowe bisa diconto karo wong liya ... .
pungkasanipun tiyang lajeng kajebak tumindak riya’, nycritakaken kasaenanipun dhumateng tiyang sanes. Punika
satunggaling kacilakan ingkang ageng, saboten-botenipun badhe ngirangi
ganjaran. Awit ngamal ingkang dipunumpetaken (siir) punika langkung sae
tinimbang ngamal ingkang dipun mangertosi dening tiyang sanes..
Alloh
Swt. dhawuh:
bÎ)
(#rßö6è? ÏM»s%y¢Á9$#
$£JÏèÏZsù }Ïd
( bÎ)ur $ydqàÿ÷è?
$ydqè?÷sè?ur
uä!#ts)àÿø9$#
uqßgsù
×öyz
öNà6©9
4 ãÏeÿs3ãur Nà6Ztã
`ÏiB
öNà6Ï?$t«Íhy
3 ª!$#ur
$yJÎ/ tbqè=yJ÷ès? ×Î6yz ÇËÐÊÈ
“Kalamun
sira kabeh padha ngedhengake sedhekah, mula iku bagus banget. Lan kalamun sira
kabeh padha nyamarake lan sira ulungake marang wong-wong pekir, mula nyamarake
iku luwih bagus tumrap sira kabeh.” (QS. Al-Baqarah [2]: 271).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mbok
bilih leres manawi wonten tiyang ingkang ngendika: “Aja gumun yen sira weruh
ana wong kang bisa lumaku ana ing dhuwuring banyu, jalaran setan uga bisa
lumaku ana ing dhuwure banyu. Lan aja gumun yen sira weruh wong kang bisa mabur
ana ing dhuwuring mega utawa tawang, jalaran setan uga bisa mabur ana ing dhuwure
mega utawa tawang. Nanging padha gumuna yen sira weruh ana wong sadhaqah kanthi
tangan tengene nanging tangan kiwane ora mangerteni, jalaran setan ora sadaqah
(apa maneh kanthi ikhlash).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Namung
tiyang ingkang begja, inggih punika tiyang ingkang tansah nggatosaken obah-mosik
ing manahipun, inggih tiyang ingkang tansah nggatosaken niyatipun.
Kathah-kathahipun tiyang punika boten nggatosaken, kajawi tiyang ingkang
pikantuk rahmat lan taufiq saking Allah Swt.
Ing
wasana sumangga kita gatosaken dhawuh pangandikanipun Allah Swt.:
tûïÏ%©!$#
¨@|Ê
öNåkß÷èy
Îû Ío4quptø:$#
$u÷R9$#
öNèdur
tbqç7|¡øts öNåk¨Xr&
tbqãZÅ¡øtä $·è÷Yß¹ ÇÊÉÍÈ
“Hiya iku wong-wong kang muspra tumindake
sajrone urip ana ing ngalam donya iki, sedheng dheweke kabeh padha ngira yen dheweke
kabeh wis padha nglakoni saapik-apike.” (QS. Al-Kahfi [18]: 104).
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms)=-
matur nuwun
ReplyDelete