Friday, April 13, 2018

POLA GESANG INGKANG SALAH


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa salam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Pola gesang ingkang salah punika dadosaken penyakit. Miturut penelitian para ilmuwan ekologi, kados boten wonten kewan ingkang sakit awrat lan bebayani tumrap sato kewan liar; kéwan ingkang boten dipunrumat déning tiyang.  Hanamunng manungsa  lan kéwan ingkang dipuningah déning manungsa ingkang kataman sakit kronis lan akut. Punika jalaran kéwan utawi manungsa anggѐnipun gesang boten manut kaliyan Hukum Alam (sunatullah). Manawi dipuntingali saking ilmu managemen ekosistem, penyakit ingkang dipunsandhang déning kéwan liar punika dipunjalari déning lingkungan ingkang kacemaraken jalaran ulahipun manungsa, kados pancemaran bahan kimia, infeksi parasite lan jenis sakit bakterialis. Lan kados boten  wonten kéwan  liar ingkang sakit kronis kados ingkang dipunsandhang déning para manungsa umpaminipun; Hipertensi, Diabetis,  Kangker, Sakit Jantung, lan Obersitas boten dipunpanggihaken wonten ing kéwan liar. Nyeri sendi lan kelumpuhan ugi boten wonten.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Hasil survai nyebataken bilih panyandhang Hipertensi lan sapanunggalanipun punika jalaran saking kathahing manungsa ingkang nyahak dhateng Hukum Alam (sunatullah). Kathah-kathahipun manungsa boten nggadhahi lan nggatosaken wekdal kanggé ngaso (istirohat), rinten lan dalu nyambut damel boten ngenal istirohat, punapa malih wekdal kanggé olah raga. Malah kapara wekdal kanggé nedha kémawon boten dipun-gatosaken. Inggih jalaran boten saged ngaso utawi istirohat kanthi cekap, dalu boten saged saré, lan kathah ingkang dipun-galih, dadosaken saraf Sipatetis gejolak lan hormone stress dados linangkung sahingga dadosaken rahipun kacemar.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Kéwan liar punika namung mangan punapa kémawon ingkang dipunparingaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala jumbuh kaliyan jenis lan sifatipun kéwan. Sato kéwan Herbivora kados; lembu, turangga, gajah punika nggadhahi untu ingkang mirip grénda kanggé mangan sesuketan. Untu kéwan Karnivora kados Singa, lan Macan untunipun kados pedhang ingkang kanggé nyuwѐk-nyuwѐk daging. Strukur lan fungsi isi wetengipun inggih boten bѐnten. Kajawi saking punika kéwan liar punika boten badhé mangan kajawi panganan ingkang pancѐn kedah dipunpangan, lan boten badhé mangan jenis panganipun kéwan sanѐsipun sanajan wetengipun luwé. Kéwan liar punika manawi mangan boten ngantos kaduken lan kwaregen. Manawi kataman sakit, piyambakipun lajeng pasa lan pados papan panggѐnan ingkang sepi, kados umpaminipun gua utawi gegodhongan kanggé nambahi suhu badanipun. Kanthi punika rahipun saged resik lan dados sehat malih.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Para manungsa dipunparingi déning Allah Subhanahu wa Ta’ala arupi untu ingkang ujud lan wangunipun punika pas manawi dipun-ginakaken kanggé nggigit, mamah, nyuwѐk daging, sayur lan woh-wohan. Émanipun, tiyang punika kathah-kathahipun manawi dhahar dѐrѐng luwé sampun dhahar, lan dѐrѐng kѐndel anggѐnipun dhahar manawi dѐrѐng kwaregen. Malah kapara sanѐs jatahipun kémawon dipundhahar. Boten naté prihatin ngraosaken luwé wetengipun, punapa malih nindakaken pasa. Manawi dhahar warni-warni ingkang dipundhahar; wonten ingkang dipun-ghodhog, dipun-gorѐng, dipunpanggang, lan dipuntambah manéka warni bahan kimia lan pengawѐt. Ingkang sadaya kalawau dadosaken sakit kronis. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَكُلُواْ  وَاشْرَبُواْ وَلاَ تُسْرِفٌوْا ... .
“padha mangan lan ngombéya sira, lan aja nganti leluwihan ... .”. (QS. Al-A’raf [7]: 31).
Ayat sanѐs ѐnggal nunggal makna Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi dhawuh:
كُلُوْا وَاشْرَبُوا مِنْ رِزْقِ اللهِ وَلاَ تَعْثَوْا فِى اْلأَرْضِ مُفْسِدِيْنْ.
“Padha mangan lan ngombéha sira kabѐh saking rizki (kang diparingaké) Allah, lan sira aja padha gawé karusakan ana ing bumi”. (QS. Al-Baqarah [2]:60).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Kanthi ringkes saged dipunaturaken bilih kéwan liar punika anggѐnipun makarya lan nyambut damel pados pangupajiwa wonten ing wanci rinten, lan ngaso istirohat kanthi cekap ing wanci dalu. Mangan ingkang dipuncawisaken alam, boten ngantos kwaregen, boten mangan kajawi pancѐn jatahipun. Cepet-cepet énggal mandheg boten mangan (pasa) manawi badan kraos sakit. Ingkang wigatos boten wonten raos khawatir, was-was, ajrih ing manahipun, nindakaken panggesangan kanthi samadya utawi santai, lan panggalihipun sumѐlѐh.
Tiyang punika manawi gesangipun mapan, boten nunjang palang, nyambut damel, dhahar lan ngunjuk kanthi ajeg lan teratur, pramila badhé gesang kanthi séhat wal ‘afiyat, penggalihipun wening lan bening. Ngibadahipun anteng. Kanthi makaten pungkasanpun ingkang dipunsedya  badhé kasembadan, lan ingkang dipunjangka badhé saged kajangkah. Pungkasanipun gesangipun kagadhang-gadhang déning Allah Subhanahu wa Ta’ala Dzat Ingkang Maha Kuwaos kados dhawuh-Ipun ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an surat  Al-Fajr [89] ayat 27-30, ingkang tegesipun: “Hé jiwa (nyawa) kang anteng[27], Baliya sira marang Pengeran ira kanthi kang lega lila tur dililani[28], Mula mlebuha sira ana ing golongané kawula-kawula Ingsun (kang shalih-shalih)[29], lan mlebuha sira ing sajroné Suwarga Ingsun[30]”. (QS. Al-Fajr 89]:27-30).
Mugi gesang kita katebihaken dening pola gesang ingkang salah, cinaketaken pola gesang ingkang leres. Gesang manut lan mituhu dhateng dhawuh-dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Ing pangajab kita saged gesang kanthi begja mulya ing donya lan akhirat, amin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 120117, 16.44)=-

No comments:

Post a Comment