Friday, April 13, 2018

ISRA’ MI’RAJ NABI SAW.


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الّذِيْ خَلَقَ الْمّوْتَ وَالْحَيَوةَ لِيَبْلَوَكُمْ اَيُّكُمْ اَحْسَنُ عَمَلاً. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, نَبِيِّنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُوْصِيْ بِنَفْسِيْ وَإِيَّكُمْ بِتَقْوَى اللهِ تُقَاتِهِ,  فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang handadosaken pejah lan gesang, amrih Allah Hamirsani sintena tiyang ingkang langkung sahé amalipun.
Shalawat lan salam mugi tansah kapiraken dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, para shahabat, lan para tiyang ingkang tansah handhѐrѐk dhawuh-dhawuhipun ngantos bénjang dinten qiyamah.
Kula minangka khatib ing dinten Jum’ah siyang punika, keparenga kula ngajak dhumteng awak kula piyambak ugi dhumateng panjenengan sadaya, sumangga kita hambudidaya iman lan taqwa saged ngrembaka, amrih gesang kita tansah pinaringan widada mulya ing alam donya lan alam akhirat mangké.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Wonten ing wulan Rajab saben tahun, ugi wonten ing tahun punika dipunmanfa’ataken déning umat Islam kanggé mѐngeti Isra’ mi’raj Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam sanajan boten wonten dhawuh kanggé mѐngeti, ugi boten wonten awisan ingkang gumathok kanggѐ mѐngeti.
Wonten ing wulan Rajab dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an surat Al-Isra’ [17] ayat kaping 1 punika asring kita midhangetaken wonten ing pundi-pundi papan lan kasempatan, makaten dhawuhipun:
سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا, إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ.
Tegesipun: “Maha Suci Allah, kang wis nindakaké kawula-Né ana ing sapérangan  wengi saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsha kang wis Ingsun paring berkah ing sakiwa tengené supaya Ingsun ngatonaké marang panjenengané sapérangan saka tandha-tandha (kaagungan) Ingsun. Satemené  Penjenengané (Gusti Allah) iku Dzat kang Maha Midhanget tur Maha Pirsa”. (QS. Al-Isra’ [17]:1).
Wonten ing kadadosan Isra’ Mi’raj punika kathah pitedah ingkang sadaya kalawau dados tuladha lan ugi saged  nguji kaimanan dhumateng kita. Awit saking langka lan boten mlebet ing nalar, kajawi ingkang pikantuk hidayahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Pramila Isra; Mi’raj kalebet mu’jizat Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Wonten ing kadadosn Isra’ Mi’raj punika kawiwitan kanthi maneka warni peristiwa ageng ingkang damel Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam rumaos susah penggalihipun. Lan ing antawisipun kasusahan punika, inggih punika:
Sepisan; Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dipuntilar séda pamanipun ingkang asma Abu Thalib minangka tamѐng utami salebetipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam berjuang giyaraken agami Islam. Susah lan nalangsa malih pamanipun ngantos dumugi seda dѐrѐng ngrasuk agami Islam.
Kaping kalih; Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dipuntilar séda garwanipun ingkang asesilih Siti Khatijah. Garwa ingkang sanget dipuntrisnani. Siti Khatijah kajawi minangka garwa, ugi minangka tamѐng utami nalika Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nandhang susah lan bingah. Siti Khatijah sanget anggѐnipun nggatosaken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam minangka jejering garwa, tetungguling balé griya, ugi nalika ngemban kuwajiban dakwah minangka utusanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kanthi dipuntilar seda Abu Thalib pamanipun lan Siti Khatijah garwanipun minangka tamѐng lan pangayom agung ndadosaken tambah longgar lan leluasanipun Kaum Kafir Quraisy anggѐnipun ngganggu, lan ngalang-ngalangi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam anggѐnipun dakwah, malah kapara ngacam badhé merjaya.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kaping tiga; Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam rumaos supek manahipun wonten ing Mekkah, lajeng pados trobosan énggal dakwah wonten ing Thoif, ing pangajab badhé pikantuk sambutan  ingkang sahé tur ngremenaken, hananging malah kasambut kanthi cara ingkang boten manusiawi. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam kaaniaya ngantos medal rahipun.
Makaten raos nalangsa lan musibah ingkang kasandhang déning Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, gilir gumanti boten wonten pedhotipun. Ugi raos nelangsa malih jalaran sampun 11 tahun/warsa anggѐnipun dakwah dѐrѐng kathah tiyang ingkang dhѐrѐk ajakanipun.
Inggih kanthi kawontenan punika lajeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dipun-Isra’ Mi’raj-aken déning Allah Subhanhu wa Ta’ala  minangka sarana tambahing wawasan lan senjata minangka kawula lan utusan-Nipun. Lampahipun Isra’ Mi’raj Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dipunkanthi déning malaikat Jibril. Salebetipun Isra’ Mi’raj Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dipunparingi pirsa mapinten-pinten kawontenan minangka tandha Ka-Agungan Allah Subhanahu wa Ta’ala. Sadaya makhluk lan kawula boten wonten ingkang lepas saking Pangawasanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Sadaya dipun-Pirsani lan dipun-Uningani déning Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Wangsul kundur saking Isra’ Mi’raj sadaya penggalih ingkang nyupekaken manah ical sirna, malah kapara tambah yakin lan mantepipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam anggѐnipun dakwah lan mimpangaken perjuangan.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam yakin bilih perkawis ingkang bener punika mesthi badhé mimpang. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَقُلْ جَاءَ الْحَقُّ وَزَهَقَ الْبَاطِلُ ۚ إِنَّ الْبَاطِلَ كَانَ زَهُوقًا
Tegesipun: “Lan dhawuhna sira! “Kang bener wis teka, kang batil wis sirna”. Sejatiné kang batil iku mesthi sirna”. (QS. Al-Isra’ [17]:81).
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Wosing Isra’ MI’raj Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dipundhawuhi shalat wajib 5 (gangsal) wekdal; Isya’, Shubuh, Dhuhur, ‘Ashar, lan Maghrib. Ingkang dhawuh punika temtunipun inggih ugi dados kuwajibanipun para pendhѐrѐkipun kalebet kula lan panjenengan sadaya.
Awit saking punkia sumangga kita jagi shalat 5 (gansal) wekdal punika kanthi sahé; kita jagi syarat, rukun, lan wajibipun shalat. Kita jagi wekdal-wekdalipun shalat kados ingkang sampun katemtukaken déning syara’. Kita paѐsi lan sampurnaaken shalat wajib kanthi shalat sunnah rawatib.  Kita tindakaken shalat-shalat sunnah sanѐsipun; kados shalat Tahajud, shalat Dhuha lan sapanunggalanipun. Amrih kita pikantuk berkah lan manfa’atipun anggѐn kita ngedegaken shalat.
Jama’ah sidang Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Bingah lan susah punika sampun dados sandhanganipun tiyang gesang. Pramila kita kedah sabar nalika dipuncobi kasusahan, lan kedah syukur nalika dipuncobi kabingahan.
Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan begya mulya wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing akhirat sowan ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Amin Yaa Rabba’’alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 220318, 17.10)=-


No comments:

Post a Comment