السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا
لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ
الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ:
يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Para sedhèrèk kula, Hadirin Jama’ah Jum’ah
rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken
sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa
Ta’ala. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya,
sahingga kita ing wekdal punika saged
kempal manunggal wonten ing Baitullah
punika kanggé nindakaken shalat Jama’ah
Jum’ah.
Salajengipun sumangga kita
handedonga dhumateng Allah SwT. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah
dipunparingaken dhumateng junjungan kita
Nabi Agung Muhammad saw., ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap
kita.
Hadirin jama’ah
Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Akidah ingkang leres punika
handadosaken syarat sahipun ngamal. Akidah mujudaken fondasi kanggénipun agami.
Akidah inggih punika iman dhumateng
Allah SwT., iman dhumateng para Malaikat-Ipun, iman dhumateng Kitab-Ipun, iman
dhumateng Rasul-Ipun, iman dhumateng Dinten Akhir, lan iman dhumateng Qadar;
sahé Qadar ingkang awon lan Qadar ingkang sahé. Gegayutan punika dipunsebat ugi
minangka rukun iman.
Akidah inggih punika ingkang
dipunpitadosi utawi dipun-yakini déning satunggalipun tiyang. Manawi
dipunngendikaaken, “Piyambakipun kagungan akidah ingkang leres,” ateges tiyang
kasebat akidahipun kalis saking kamamangan. Akidah mujudadaken pendamelan
manah, inggih punika kapitadosan manah lan ngleresaken dhumateng satunggaling
perkawis.
Akidah sacara syar’i kapérang dados
kalih warni, inggih punika I’tiqadiyah lan Amaliyah. Akidah I’tiqadiyah inggih
punika perkawis ingkang boten magepokan kaliyan tatacara ngamal, kados I’tiqad
(kapitadosan) dhumateng rububiyah Allah SwT. lan kewajiban ngibadah dhumateng
Allah Ta’ala, ugi hanggadhahi I’tiqad dhumateng rukun-rukun iman ingkang
sanésipun, lan punika ugi kasebat akidah ashliyah (pokokipun agami).
Wondéné ingkang kasebat akidah Amaliyah
inggih punika sedaya punapa ingkang magepokan kaliyan tatacara ngamal. Contonipun
inggih punika shalat, zakat, shiyam, lan sedaya hukum-hukum amaliyah, lan
punika dipunwastani Far’iyah (cabangipun agami), jalaran piyambakipun
dipunbangun kanti i‘tiqadiyah.
Hadirin jama’ah
Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Leres lan risakipun amaliyah
gumantung dhumateng leres lan risakipun I’tiqadiyah. Pramila akidah ingkang
leres punika minangka fondasi bangunanipun agami saha dados syaratipun ngamal.
Kawastanan aqidah ingkang leres inggih
punika manawi adhedhasar dhumateng wahyu kéwala. Awit saking punika
sumber-sumberipun inggih hanamung ingkang woten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah.
Jalaran boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang langkung mangertosi
magepokan kaliyan Allah Ta’ala, perkawis ingkang wajib lan punapa ingkang
dipunsucèkaken Allah Ta’ala inggih hanamung Allah Ta’ala piyambak ingkang Maha
Wikan.
Lan boten wonten satunggal tiyang kéwala
ingkang langkung mangertosi magepokan Allah Ta’ala kajawi hanamung Rasulullah
saw. piyambak. Awit saking punika para pendhèrèkipun anggènipun gegebengan lan
gegondhélan akidah inggih hanamung Al-Qur’an lan As-Sunnah kéwala.
Allah SwT. dhawuh:
(36). وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اعْبُدُوا
اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ
“Lan sejatiné Ingsun wis ngutus
rasul marang saben-saben umat (supaya ngundhangaké): “Manembaha sira kabèh
marang Allah, lan ngedohana Thaghut,” (QS. An-Nahl [16]: 36).
Thaghut inggih punika syaitan lan
punapa kémawon ingkang dipunsembah sanèsipun saking Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin jama’ah
Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Para da’i lan muballigh saben-saben wekdal
anggènipun hamaringi sesuluh lan tausiyah prayogi handhèrèk lan nuladha
dhumateng para rasul anggènipun dhakwah. Inggih punika dhakwah dipunwiwiti lan
adhedhasar tauhid saha hangleresaken akidah. Salajengipun nembé ngajak-ajak
dhumateng sedaya dhawuhipun agami sanèsipun. Lan anggènipun hanindakaken
pangibadahan prayogi tansah gegondhèlan saèstu dhumateng Al-Qur’an lan
As-Sunnah kanti saleres-leresipun akidah.
Allah SwT. paring dhawuh:
وَاعْتَصِمُوا
بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ
إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ
بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَا حُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ
فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آَيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ
تَهْتَدُونَ
“Lan padha geghondhèlanana sira kabèh
marang tamparé (agamané) Allah, lan aja nganti sira kabèh padha prenca-prenca,
lan padha ngèlingana sira kabèh marang nikmaté Allah kang wis kaparéngaké
marang sira kabèh rikala sira kabèh biyèn (jaman Jahiliyah) padha musuh-musuhan,
mula Allah banjur nyawijèkaké antarané atinira kabèh, banjur amarga nikmaté
Allah sira kabèh dadi wong-wong kang padha paseduluran; mangka (wektu iku) sira
kabèh wis ana sapinggiré jurang Neraka, banjur Allah nylametaké sira kabèh saka
jurang Neraka iku. Kaya mengkono iku Allah mratélakaké ayat-ayat-É marang sira
kabèh, kang supaya sira padha éntuk pituduh.” (QS. Ali Imran [3]: 103).
Hadirin jama’ah
Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Ingkang kedah kita mangertosi ugi inggih punika, bilih Allah
Ta’ala boten ridha lan legawa manawi wonten ingkang dipunsekuthokaken kaliyan
Panjenenganipun Allah anggènipun ngibadah dhumateng Panjenenganipun. Hanamung
Allah piyambak ingkang langkung kagungan hak dipunibadahi utawi dipunsembah.
Dalil ingkang gegayutan kaliyan punika dipunsebataken wonten
ing surat Al-Jin [72] ayat 18 inggih punika makaten:
وَأَنَّ الْمَسَاجِدَ لِلَّهِ فَلا تَدْعُوا
مَعَ اللَّهِ أَحَدًا (١٨)
“Lan
satemené mesjid-mesjid iku kagunganè Allah. Mula aja padha nyembah marang sapa
wahé ana ing jeroné kajaba (nyembah) Allah.” (QS. Al-Jiin [72]: 18).
Wonten
ing ayat punika Allah SwT. hangawisi tiyang ngibadah dhumateng sanèsipun Allah,
kajawi hanamung dhumateng Panjenenganipun piyambak. Allah SwT. boten hangawisi
satunggaling perkawis, kajawi perkawis kasebat mesthi boten dipunridhani
Panjenenganipun. Allah SwT. boten ngridhanii kekafiran lan kesyirikan,
hananging saèstunipun Allah Ta’ala sampun ngutus para rasul lan sampun
hanurunaken kitab-kitab kanggé hamerangi kekafiran lan kesyirikan.
Allah
SwT. dhawuh:
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّى
لَا تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ كُلُّهُ لِلَّهِ
“Lan
padha merangana marang wong-wong mau, supaya aja nganti ana fitnah lan supaya
agama kuwi namung kagem Allah … .” (QS. Al-Anfal [8]: 39).
Hadirin jama’ah
Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Manawi
Allah Ta’ala boten hangremeni kekafiran lan kesyirikan, pramila tiyang mukmin
inggih hanggadhahi kewajiban boten ngridhanii kekalih-kalihipun, jalaran ridha
lan nesunipun tiyang mukmin inggih dhèrèk ridha lan dukanipun Allah Ta’ala.
Makaten ugi manawi Allah Ta’ala boten ngridhani kesyirikan lan kekafiran,
pramila tiyang mukmin boten layak hangridhani ugi.
Kesyirikan
punika mujudaken perkawis ingkang sanget hambebayani. Allah SwT. dhawuh:
إِنَّ اللَّهَ لَا
يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ ۚ
وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدِ افْتَرَىٰ إِثْمًا عَظِيمًا
“Satemené Allah kuwi ora bakal
paring pangapura marang dosa syirik, lan Panjenengané kersa paring pangapura
marang saliyané (syirik) kuwi, tumrap sapa wahé kang dikersakaké. Sing sapa
wahé kang nyekuthokaké Allah, temtu dhèwèké wus nglakoni dosa kang gedhé banget.”
(QS. An-Nisa’ [4]:48).
Hadirin jama’ah
Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah SwT.
Akidah ingkang leres punika minangka
syarat sahipun satunggaling pangibadahan. Awit saking punika, sumangga kita
hanjagi akidah kita supados boten cacat lan wonten nodhanpun saking kasyirikan,
sahé syirik ingkang ageng utawi syirik ingkang alit, supados pangibadahan kita
dados sah lan badhé katampi déning Allah SwT.
Mugi-mugi Allah Ta’ala kepareng
paring pitulungan dhumateng kita, saged hanjagi akidah kita, lan saged tumindak
kesahénan kanthi sahé lan leres.
Hanamung kanthi akidah ingkang leres
kémawon ingkang badhé saged hanyempurnaken pangibadahan kita.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ
مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms,
130816, 09.25)=-
No comments:
Post a Comment