السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا
وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى
يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ
وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا
وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ
اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ
اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ
فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ
وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ
اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ
ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Para sadhérék kula, Hadirin
Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya
puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang
nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha
Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring
sandhang (wastra) lan tedhan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat
lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita,
nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga,
shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng
Panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang
tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Ngaturi uninga,
bilih hanamung amalan kémawon ingkang badhé saged hangancani gesang kita bénjang
wonten ing alam kubur.
Rasulullah
shallallahu’alaihi wa sallam dhawuh makaten:
يَتْبَعُ المَيِّتَ
ثَلاَثَةٌ فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى مَعَهُ وَاحِدٌ يَتْبَعُهُ أَهْلُهُ
وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ فَيَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ
“Sing ngetut-burèni mayit marang kuburan iku ana
3 (telu), banjur kang 2 (loro) bakal bali lan kang bakal tinggal bareng karo
mayité mung 1 (siji); sing ngetut buréni mayité yaiku keluwargané,
bandhané, lan amalé. Banjur bakal bali
manèh keluwarga lan bandhané, lan sing isih kèri ngancani mung amalé.” (HR.
Al-Bukhari lan Muslim saking Anas bin Malik radhiyallahu’anhu).
Hadirin
jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Hadits kasebat
ing nginggil punika ngemu piwucal luhur tumrap panggesangan kita ing alam donya
punika minangka sangu panggesangan ing kampung akhirat samangké. Piwucal
kasebat ing antawisipun inggih punika:
1.
Bilih
hadits ingkang minulya punika paring piwucal luhur dhumateng kita wigatosipun
ngamal shalèh wonten panggesangan ing alam donya punika minangka sangu kanggé
panggesangan ing kampung akhirat ingkang langgeng.
Allah SwT.
dhawuh makaten:
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ
خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الألْبَابِ
“Padha gawéya
sangu sira kabèh, lan satuhuné sangu kang paling bagus hiya iku taqwa, lan
padha taqwaha sira kabèh marang Ingsun hé wong-wong kang padha handuwèni akal.”
(QS. Al-Baqarah [2]: 197).
2.
Bilih
éman sanget, manawi kita nembé émut badhé ngamal shalèh arikala ajal sampun
dumugi mapag kita, inggih arikala gegetun boten wonten gina lan manfaatipun.
Allah Ta’ala paring dhawuh:
حَتَّى إِذَا جَاءَ
أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُونِ لَعَلِّي أَعْمَلُ صَالِحًا فِيمَا
تَرَكْتُ كَلا إِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ قَائِلُهَا وَمِنْ وَرَائِهِمْ بَرْزَخٌ
إِلَى يَوْمِ يُبْعَثُونَ
“(Kaya mangkono
iku kahanané wong-wong kafir), nganti
arikala wis tumeka ajalé sawijiné wong kang saka dhèwèké kabèh, dhèwèké banjur
ngucap: “Dhuh Pangéran kula, wangsulaken (malih) kula punika (wonten ing alam
donya) [99], kersanipun mangké kula saged ngamal shalèh, tumrap amal ingkang
sampun kula tilaraken (rumiyin). Wis babar pisan ora bisa. Satemené iku wujudé
tembung kang diucapaké wahé. Lan ing ngarepé dhèwèké kabèh ana aling-aling
nganti ana tekan dinané dhèwèké kabèh padha ditangèkaké saka kubur [100].” (QS.
Al-Mu’minun [23]: 99-100).
3.
Langkung
hanggegirisi malih, arikala para tiyang ingkang manggèn wonten ing neraka sami
nangis ngaruara sesenggukan nyuwun dipunwangsulaken dhateng alam donya supados
saged ngamal shalèh malih. Allah SwT. dhawuh:
وَهُمْ يَصْطَرِخُونَ
فِيهَا رَبَّنَا أَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ
أَوَلَمْ نُعَمِّرْكُمْ مَا يَتَذَكَّرُ فِيهِ مَنْ تَذَكَّرَ وَجَاءَكُمُ
النَّذِيرُ فَذُوقُوا فَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ نَصِيرٍ
“Lan dhèwèké
kabèh padha gembar-gembor ana ing sajroné neraka: “Dhuh Gusti Pangéran kula,
mugi Panjenengan kersa ngedalaken kula sedaya, saèstu kula badhé hanglampahi
ngamal ingkang shalèh, boten kados ngamal ingkang kula sedaya lampahi.” Lan apa
toh Ingsun ora handawakaké umur ira kabèh ing sajroné mangsa kang cukup kanggo
mikir tumrap wong kang gelem mikir, lan (apa toh ora) teka marang sira kabèh
wong kang awèh pepéling (medèn-medèni
mring siksan Ingsun)?. Mula padha rasakna (siksan Ingsun) lan wus ora
ana tumrap wong-wong kang padha dzalim iku wong kang bisa hanulungi.” (QS.
Fathir [35]: 37).
4.
Bilih punika mujudaken pepéling
dhumateng kita supados boten kasengsem kaliyan kulawarga lan bandha, lajeng
supé ngamal shalèh kanggé panggesangan ingkang hakiki lan kabagyan ingkang
sejati ing kampung akhirat bénjang. Allah SwT. dhawuh:
يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا لا تُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ
اللَّهِ وَمَنْ يَفْعَلْ ذَلِكَ فَأُولَئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
“Hé wong-wong kang padha iman, aja nganti
bandha-bandhanira kabèh, lan anak-anak ira kabèh hanglalèkaké sira kabèh saking
éling marang Allah. Sapa wongé kang tumindak kaya mengkono, mula hiya dhèwèké
kabèh iku wong-wong kang padha tuna.” (QS. Al-Munafiqun [63]: 9).
5.
Bilih amalan ingkang badhé
ngancani satunggalipun tiyang wonten ing alam kubur inggih punika kados
dipunsebataken wonten ing hadits saking Al-Bara’ bin ‘Azib radhiyallahu ‘anhu,
inggih punika manawi amalipun sahé pramila ingkang badhé ngancani piyambakipun
kanthi ujud tiyang ingkang bagus rupinipun, agemanipun lan gandanipun.
Hananging manawi amalipun awon, pramila ingkang badhé ngancani inggih kosok
wangsulipun.
Lan kuburanipun tiyang ingkang hanggadhahi amal
shalèh dipunjembaraken satebihipun mripat hamirsani. Dipunbikakaken lawang
suwarga sahingga mambet ganda arum. Kosok wangsulipun, tiyang ingkang amalipun
awon kuburanipun dipunciyutaken, dipunbikakaken lawang neraka sahingga
hangraosaken hawa ingkang bentèr. Awit saking punika kuburan badhé dados taman suwarga utawi dados jurang neraka
punika gumantung wonten amalipun tiyang arikala wonten alam donya.
6.
Bilih sadaya umat punika
hanggadhahi ajal utawi badhé pejah, lan ajal punika boten saged dipunundur lan
dipunajokaken sanajan hanamung satunggal menit paribasanipun. Kados dhawuhipun
Allah SwT. wonten ing Al-Qur’an Al-Karim:
لِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ إِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ فَلَا
يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖوَلَا يَسْتَقْدِمُونَ
“Saben-saben umat nduwèni
ajal. Nalikané wis teka ajalé dhèwèké kabèh, mula dhèwèké kabèh ora bisa
ngunduraké sethithik wahé lan (uga) ora bisa ndhisikaké.” QS. Yunus [10]: 49.
7.
Bilih
Allah SwT. badhé hamaringi piwales arupi ganjaran sanajan alit amal ingkang
dipuntindakaken, lan sanajan hanamung saagengipun dzarrah utawi lebu. Allah
SwT. dhawuh:
إِنَّ اللَّهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ ۖ وَإِنْ تَكُ حَسَنَةً يُضَاعِفْهَا وَيُؤْتِ مِنْ لَدُنْهُ أَجْرًا عَظِيمًا
“Satemené Allah
ora bakal nganingaya sawijining wong sanajan sak boboté dzarrah, lan yèn ana
kabecikan sak boboté dzarrah, mesthi Allah bakal nikel-nikelaké lan bakal
paring ganjaran kang gedhé.” (QS.
An-Nisa’ [4]: 40).
Saben-saben kesaénan ingkang kita tindakaken
wiwit saking kuwajiban, kados umpaminipun shalat, shiyam, zakat, lan ngantos
dumugi amalan ingkang sunnah insya Allah badhé dipunwales Allah kanti ganjaran
ingkang matikel-tikel.
8.
Bilih manawi wonten tiyang ingkang
saben-saben tahun umpaminipun saged nindakaken ibadah haji lan umrah kanti
pangajab badhé pikantuk ganjaran ingkang ageng punika èstunipun sahé. Hananging
émanipun arikala tiyang punika séda, pramila tiyang kasebat boten badhé
pikantuk ganjaran malih.
Arikala tiyang punika séda badhé pedhot amalipun,
kajawi tigang perkawis. Rasulullah saw. dhawuh wonten ing satunggalipun hadits
makaten:
إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ وَعِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ
“Lamun
sawijining wong wis mati, mula bakal pedhot amalé kajaba telung perkara, yaiku:
sedhekah jariyah, ilmu kang manfa’at, utawa dongané anak kang shalèh.” (HR.
Muslim no. 1631).
Rasulullah saw. ugi paring dhawuh makaten:
مَنْ دَلَّ عَلَى خَيْرٍ فَلَهُ مِثْلُ أَجْرِ فَاعِلِهِ
“Sapa
wongé kang nuduhaké marang barang kabecikan, mula dhèwèké (wong kang nuduhake)
bakal éntuk ganjaran kaya wong kang nglakoni pituduh mau.” (HR.
Muslim, 3509).
Hadirin
jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Makaten
kautamènipun amal. Awit saking punika sumangga kita
sami gegancangan pados amal kesahénan sakathah-kathahipun kanggé sangu sowan
dhumateng ngarsanipun Allah SwT. Mumpung kita taksih dipunparingi wekdal gesang
wonten ing alam donya, jalaran sampun kita mangertosi bilih ajal punika kalebet
ngilmunipun Allah SwT. boten wonten titah ingkang saged mangertosi benjang
punapa ajal badhé dumugi sanajan piyambakipun titah kekasihipun Allah Subhanahu
wa Ta’ala.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ
كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 170816, 07.48)=-
No comments:
Post a Comment