السلام
عليكم ورحمة الله وبركته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
قَالَ
اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا
النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً
وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ
عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا
اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ
لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا
عَظِيْمًا.
أَمَّا
بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ
مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا
وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي
النَّارِ.
Para Sedhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sadèrèngipun khutbah Jum’ah ing siyang
dinten punika kula aturaken dhumateng panjenengan sadaya, sumangga kita tansah
hambudidaya ènget dhumateng Allah SwT. lan tansah hambudidaya nambahi ketakwaan
kita dhumateng Panjenengan-Ipun. Jalaran namung kanthi ènget dhumateng Allah
lan takwa dhumateng Panjenengan-Ipun kémawon, kita pantes hanggadhahi
pangajeng-ajeng, dipunpejahaken kanthi kawontenan hangrukebi agami Islam.
Shalawat lan salam mugiya tansah
kaparingaken dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw., para garwa, kulawarga,
shahabat, lan sadaya tiyang ingkang ndhèrèk dhawuhipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Para Sedhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wonten kisah, satunggalipun blantik
kewan kurban gegayutan kaliyan pengalamanipun. Satungalipun Ibu dumugi wonten
ing panggénanipun blantik ménda. Ibu kasebat migatosaken dhumateng salah
satunggalipun ménda. Manawi dipuntingali kawontenanipun kados boten kuwawi
tumbas. Hananging tetep kémawon siblantik nyobi tawi: “Sumangga Bu, kula aturi
mindhah ménda pundi ingkang dipunkersakaken”.
Lajeng Ibu kalawau nedahaken salah
satunggalipun ménda ingkang kinten-kinten mirah sinambi nyuwun pirsa reginipun:
“Manawi ingkang punika reginipun pinten Pak?”. “Ingkang punika reginipun Rp. 2.500.000,00
Bu”, aturipun blantik ménda.
“Regi pasipun pinten Pak?”. Pitakènipun
Ibu kalawau. “Regi pasipun Rp. 2.300.000,00 kémawon, Bu.” Wangsulanipun si
blantik.
Regi samanten punika bathi kula
namung sakedhik, nanging inggih sampun ….. sumangga manawi Ibu kersa.”
“Nanging kula namung gadhah arta Rp.
2.200.000,00 punapa kepareng Pak?”. Atur panyuwunipun Ibu.
Wadhuuuh, si blantik ménda lajeng
bingung, jalaran samanten punika regi pawitanipun. Salajengipun si blantik
rembagan kaliyan kancanipun ngantos wusananipun ménda dipunaturaken dhumateng
Ibu kalawau.
Para Sedhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Si Blantik ménda lajeng ngeteraken
ménda kurban kasebat ngantos dumugi griyanipun ibu wau. Dumugi griyanipun, “Astaghfirullah…,
Allahu Akbar … , Laa haula wala quata illa billah …, badan
kraos handredheg sadaya, jalaran ningali kawontenan griyanipun Ibu kalawau.
Ketingalipun Ibu kalawau namung
mapan wonten ing griya punika tiyang tiga kémawon; ibunipun, lan putranipun
wonten ing gubug reyot jogan siti. Boten katingal dipan kasur kanggé saré,
kursi tamu, punapa malih berkakas lan perabot griya ingkang sahé lan éndah. Semanten
ugi prabot elektronika ingkang katingal kados umumipun tiyang gesang balé griya
jaman sapunika.
Ingkang katingal namung satunggal
dipan kayu tikar pandhan, lan bantal satunggal kémawon sampun lungset. Wonten
pawon ingkang boten wonten labetipun latu kanggé damel sarapan énjang, lan piring
tilasipun sarapan. Kadosipun dhahar namung sapindhah arikala sareng dhahar buka
ing wanci sonten. Makaten ugi panganggé ingkang dipunagem, katingal manawi boten
wonten gantosipun.
Sanginggilipun dipan, katingal
satunggalipun tiyang sepuh èstri ingkang kera badanipun, boten sanès emakipun,
lajeng énggal kémawon Ibu matur dhumateng emakipun kalawau: “Maa…ak, wungu Ma
….ak. Punika lo, panjenengan pirsani, kula bekta punapa… .?” Aturipun Ibu
kalawau dhumateng Emakipun ingkang nembè lelahanan (lèyèh-lèyèh) lajeng wungu.
“Ma …ak, kula sampun numbasaken Emak
ménda kanggé kurban, mangké kita teraken dhateng masjid nggih Mak.” Aturipun
Ibu kalawau kanthi kebak raos suka ing manah.
Si Emak sanget
anggènipun kagèt, sanajan katingal suka manahipun, sinambi hangelus-elus ménda kalawau
lajeng paring pangandikan:
“Alhamdulillah ….
“, “Alhamdulillah …. “ , “Alhamdulillah …. “, akhiré kelakon tenan, aku bisa
kurban.
Salajengipun
Ibu kalawau matur dhumateng blantik mènda makaten: “Punika Pa …ak artanipun,
nyuwun pangapunten nggih manawi kalawau anggèn kula nganyang radi kemirahen,
inggih jalaran kula hanamung tiyang juru umbah-umbah wonten ing kampung ngriki
kemawon. Kula sangaja ngempalaken arta kanggé tumbas ménda, kula niyataken
kanggé kurban atas nami Emak kula”. Ngendikanipun Ibu kalawau.
Para Sedhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Mireng lan
ningali kawontenan dalemipun Ibu punika kalawau, sukunipun si blantik lajeng
ndredheg boten saged hangglawat, jaja rumaos sesek, sinambi nahan tètèsing eluh
delèwèran ing pipi. Lajeng dedonga dhumateng ngarsanipun Allah Ingkang Maha
Kuwaos: “Dhuh Gusti, Ingkang Maha Welas lan Maha Paring Pangapunten, mugi kersa
Paduka paring pangapunten dhumateng kula, kula lingsem sanget kepanggih kaliyan
kawula Panjenengan ingkang mesthi langkung dèning minulya, satunggaling tiyang
ingkang sudra miskin bandha, nanging sugih iman lan takwanipun ageng sanget.
“Pak …, punika
ongkos kendharakanipun.” Aturipun Ibu kalawau. “Sampun Bu, ongkos kendharakanipun
kersanipun mangké kula kémawon.”, aturipun siblantik ménda.
Si Blantik
ménda énggal-énggal kémawon késah sadèrèngipun Ibu kalawau mirsani manawi
mripatipun delèwèran jalaran boten kuwawi nahan pikantuk tegur aruhipun saking
Allah Ta’ala ingkang sampun manggihaken kawulan-Ipun ingkang kanthi kesabaran
lan keimanan ingkang mantep kepéngin junjung lan mulyakaken tiyang sepuhipun.
Para Sedhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ngaturi uninga, bilih kanggé
hanggayuh kamulyan punika kasunyatanipun boten kedah hanggadhahi bandha ingkang
kalangkung kathah, pangkat lan jabatan ingkang inggil, punapa malih panguwaos.
Hananging kita saged sinahu keikhlasan saking kisah cariyosipun Ibu kalawau
kanggé hanggayuh kamulyaning agesang.
Boten sakedhik
ing antawisipun kita ingkang sampun dipunparingi kacekapan penghasilan, taksih
kémawon hanggadhahi raos sungkan nindakaken kurban, kamangka saged kémawon Hand
Phone lan Jam Tangan ingkang tansah wonten ing genggeman asta, lan asesoris
ingkang nèmpèl wonten ing badan kita reginipun langkung awis manawi
kabandhingaken kaliyan satunggal kéwan kurban. Kuciwanipun kita taksih kémawon éndha, ngumpet lan alesan ing ukara kanthi
tembung boten mampu, utawi alesan dèrèng dipunanggaraken. Na’udzu
billahi min dzalik.
Para sedhèrèk, ngaturi uninga, bilih namung Allah Ta’ala ingkang maringi
kasugihan lan kacekapan. Kados dhawuhipun Allah Ta’ala wonten ing Al-Qur’an:
وَأَنَّهُ
هُوَ أَغْنَى وَأَقَنَى. (النجم 48).
"Lan satemené hiya Panjenengané kang
maringi kasugihan lan maringi kacukupan”. (QS. An-Najm [53]: 48).
Para sedhèrèk, kathah nikmatipun Allah SwT. ingkang sampun dipunparingaken
dhumateng kita. Nikmat kasempatan lan kasehatan saha nikmat sanès-sanèsipun,
ingkang cetha kita boten kuwawi ngetang menggah sapinten gunggungipun nikmat
ingkang kita tampi.
Kathah nikmat
ingkang kita lirwakaken lan kita gorohaken. Sahingga Allah SwT. ngantos
makaping-kaping hamangsuli paring pitakèn dhumateng kita, lan ing antawisipun
kasebat wonten ing Al-Qur’an surat Ar-Rahman [55] ayat 13:
فَبِأَيِّ
آلآءِ رَبِكُمَا تُكَذِّبّانِ. (الرحمن 13).
“Mangka nikmat
Pangéran ira kang endi kang sira gorohaké.” (QS. Ar-Rahman [55]: 13).
Jama’ah Jum’ah, sedhèrèk kula kaum Muslimin rahimakumullah,
Cobi kita galih
sesarengan, pinten kémawon rahmat lan nikmatipun Allah Ta’ala ingkang sampun
dipunparingaken dhumateng kita.
Nikmat
kasempatan lan kaséhatan saha nikmat-nikmat sanèsipun kita boten kuwawi ngétang
sapinten gunggungipun nikmat ingkang sampun dipunparingaken dhumateng kita.
Kadosipun kisah
lan cariyosipun Ibu kasebat ing nginggil kalawau sampun cekap kanggé nggigah
manah kita amrih saged syukur nikmat, sanajan bokbilih namung arupi pacobèn lan
ujian dhumateng sok sintena kémawon ingkang Allah trisnani
“Lingsema dhumateng Allah Ta’ala
kanthi saèstu-èstunipun lingsem”.
Mugi Allah Ta’ala tansah maringi
taufiq lan hidayah dhumateng kita, sahingga kita dipunjagi saking tumindak maksiyat
lan dipunparingi pitulungan saged ngamal shalèh.
Para sedhèrèk, sumangga kita pungkasi khutbah Jum’ah ing siyang punika kanthi
sesarengan migatosaken dhawuhipun Allah SwT. ingkang kasebat wonten ing
Al-Qur’an Al-Karim surat no. 108:
بسم
الله الرحمن الرحيم
إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ (١)فَصَلِّ
لِرَبِّكَ وَانْحَرْ (٢)إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الأبْتَرُ (٣)
“Satemené
Ingsun wus maringaké marang sira nikmat kang akèh [1], Mula shalata sira karana
Pangéranira lan gawéya kurban sira [2], Satemené wong kang nggethingi sira,
hiya dhèwèké iku wong kang cunthel [3]".
أَقُوْلُ
قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 210816, 20.41)=-
No comments:
Post a Comment