Sunday, March 11, 2018

SADÉ TINUMBAS INGKANG KAPEKSA




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunsayangi Allah Subnahu wa Ta’ala,
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala SwT dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subnahu wa Ta’ala,
Agami kita inggih agami Islam, sampun paring pranatan kanggé ummatipun gegayutan kaliyan sadaya kabetahan ngagesangipun, kalebet sasambetan tiyang satunggal lan satunggalipun, ingkang kawastanan “Mu’amalat”. Mu’amalat ingkang magayutan kaliyan bandha sadé tinumbas (ba’i), séwa manyéwa,  warisan, adad biasanipun dipuntambah tembung “Maaliyah”, tegesipun “bandha”. Hananging wonten wekdal sapunika tembung mu’amalat konotasinipun inggih punika “Mu’amalat Maaliyah”.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لا تَأْكُلُوا أَمْوَالَكُمْ بَيْنَكُمْ بِالْبَاطِلِ إِلا أَنْ تَكُونَ تِجَارَةً عَنْ تَرَاضٍ مِنْكُمْ وَلا تَقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا (٢٩)
“Hé wong-wong kang padha iman, sira aja padha mangan bandha duwèkè sapadha-padhamu kanthi cara kang bathil, kajaba nganggo cara dagang kang wus kelaku kanthi padha rilané ing antarané sira. Lan sira aja nganti padha matèni awakmu dhéwé;  satemené Allah kuwi Welas Asih marang sira”. (QS. An-Nisa’ [4]:29).
Ayat punika paring pitedah dhumateng kita sadaya supados anggèn kita nindakaken mu’amalat kanthi gegondhèlan syari’at samesthinipun jumbuh kaliyan pranatan Islam.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subnahu wa Ta’ala,
Wewaton  ingkang sampun gumathok bilih sadé tinumbas barang ingkang kapeksa punika hukumipun dipunawisi déning syara’, ananging wonten ing satunggaling wekdal sadé tinumbas kapeksa boten dipunawisi; tegesipun dipunhalalaken syari’at. Kados umpaminipun tiyang dipunpeksa sadé pasitèn lan griyanipun jalaran kénging proyèk margi ageng, utawi fasilitas umum kados masjid, griya sakit, terminal, stasiun, lan sapanunggalanipun.
Awit saking punika sadé tinumbas kados kasebat hukumipun sah sanajan dipunpeksa, kanthi syarat pihak panguwaos utawi pamerintah maringi ganti rugi ingkang adil, layak, lan jumbuh kaliyan regi umumipun.
Bab punika adhedhasar kados kawicaksananipun khalifah Umar bin Khattab radliyallahu ‘anhu arikala nggusur pasitèn lan griya-griya ingkang caket kaliyan sakiwa tengenipun Masjidil Haram, lan panjenenganipun maringi ganti rugi dhumateng para tiyang ingkang kagungan griya lan pasitèn ingkang kénging panggusuran. (Atsar Riwayat Al-Baihaqie).
Kawicaksanan punika lajeng dipundadosaken ugeran déning khalifah sapungkuripun. Kados jamanipun khalifah Utsman bin Affan radliyallahu ‘anhu jalaran kaum muslimin ingkang sami ziarah dhateng Mekkah tansah tambah kémawon saben dintenipun, lajeng panjenenganipun nambah wiyaripun Masjid Al-Haram ugi kanthi tumbas pasitèn lan griya-griya sakiwa tengenipun Masjid Al-Haram kanthi maringi ganti rugi. (Atsar Riwayat Az Raqy).
Sadé tinumbas ingkang kapeksa kanggé kapentingan umum punika dipunleresaken lan dipunkukuhaken déning Majma’ Al-Fiqh Al-Islami kanthi Serat Pangenceng nomor: (29) 4/4 tahun 1988M.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subnahu wa Ta’ala,
Kalebet sadé tinumbas (ba’i) kapeksa inggih punika transaksi ingkang dipunwastani “akad iz’an”, bilih pihak ingkang kiyat ékonominipun meksa regi lan syarat-syaratipun dhatengaken kauntungan dhumateng piyambakipun tumrap pihak ingkang sèngkèk ékonominipun lan boten hanggadhahi kekiyatan panguwaosan, kados umpaminipun transaksi pemasangan instakasi toya resik saking PDAM, télpon, listrik, angkutan umum, lan sapanunggalanipun.
Gegayutan kaliyan perakawis punika para pelanggan boten saged babar pindhah ngéwahi regi saha persyaratan ingkang dipundamel déning perusahaan ingkang maringi layanan. Lan manawi boten nyarujuki, piyambakipun badhé boten pikantuk layanan ingkang dipunbetahaken. Aqad punika dipunleresaken déning Majma’ Al-Fiqh Al-Islami kanthi Serat Pangenceng nomor: 132 (6/4) Tahun 2003.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subnahu wa Ta’ala,
Tiyang gesang punika boten mesthi ajeg, pikantuk margi ingkang tansah mulus, hananging anuju satunggaling wekdal kita kedah hangadhepi lan hamanggihi kawontenan ingkang hambokbilih boten kanyana-nyana, lan ugi boten kita ajeng-ajeng sadèrèngipun.
Anuju satunggaling wekdal kita kedah hangadhepi perkawis ingkang kapeksa sadé barang ingkang mesthinipun boten kedah kita sadé. Inggih jalaran kawontenan kapeksa kedah sadè barang ingkang aji, kados umpaminipun anak nandhang sakit, anak betah arta kanggé bayar sekolah, tiyang sepuh kita betah arta ingkang kedah dipuncekapi, lan sapanunggalanipun.
Gegayutan kaliyan perkawis punika kedah sadé barang ingkang hambokbilih kapeksa dipunsadé kanthi mirah jalaran kawontenan handhesak lan boten wonten malih ampilan arta ingkang tanpa bunga riba. Awit saking kawontenan punika kepeksa sadé barang kanthi regi mirah sangandhapipun regi umum.
Sadé tinumbas kados makaten punika mayoritas para ulama hanggadhahi pinanggih bilih sadé tinumbas kados makaten sah hukumipun. Jalaran tiyang ingkang tumbas handhèrèk ngènthèng-ngènthèngaken tiyang ingkang sadé.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subnahu wa Ta’ala,
Ing wasana mugi-mugi para pangemban panguwaos tansah gegondhélan paugeran ingkang sampun gumathok, inggih kanthi cara syar’i, ingkang salajengipun boten badhé nuwuhaken fitnah lan handhatengaken kapitunan dhumateng tiyang kathah.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
-=(hms,160916, 07.08)=-

No comments:

Post a Comment