Sunday, March 11, 2018

TARTIL MAOS AL QUR ‘AN




 
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kita umat Islam mesthinipun kedah mangertos kéngéng punapa Al-Qur’an punika kedah dipunwaos utawi dipunungelaken?!. Jalaran manawi boten dipunungelaken naminipun sanès Al-Qur’an, hananging MUSHAF (lembaran).
Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam lan temtunipun dhawuh punika ugi dhawuh dhumateng kita umat Islam sedaya minangka pendhèrèkipun; supados manawi kita maos Al-Qur’an kanthi TARTIL (cetha lan alon-alon). Dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
أَوْ زِدْ عَلَيْهِ وَرَتِّلِ الْقُرْآنَ تَرْتِيلًا
“Utawa kena sira tambahi saka separo wengi mau, lan sira macaha  Al-Qur’an kalawan kanthi tartil, yaiku maca cetha lan alon!.” (QS. Al-Muzamil [73]: 4).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Dhawuh maos Al-Qur’an kanthi TARTIL  (cetha lan alon-alon) punika tegesipun kedah bagusaken lan ngéndahaken anggènipun maos, waspada amrih boten kaplèsèt anggènipun ngucapaken; tegesipun mlèsèt lan nalingsir saking jalur hukum ingkang sampun katemtukaken maos Al-Qur’an. Maos Al-Qur’an kanthi alon-alon tegesipun boten kesusu, lan kedah nakyinaken huruf-hurufipun, sahingga nalika  dipunwaos In sya Allah saged cetha lan terwaca huruf-hurufipun. Dados saumpami tiyang punika mirengaken anggènipun maos saged biji lan ngorèksi makna lan suraosipun. Lan inggih punika ingkang kawastanan maos Al-Qur’an kanthi TARTIL.
Dados alon-alon punika gegayutanipun kaliyan ”Wekdal” utawi “Témpo”. Pramila kanthi punika dipunsebat MUROTAL,  awit nalika maos Al-Qur’an dipunwaos kanthi TARTIL. Lan TARTIL punika ingkang langkung sahé dipun-ginakaken nalika nindakaken shalat, punapa malih nalika dados imam shalat kedah langkung TARTIL  anggènipun maos Al-Qur’an.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Para Ulama ahli maos Al-Qur’an merinci TARTIL dhumateng 2 (kalih) warni, inggih punika:
1)   . At-Tahdzir (التَّحْذِيْرُ): Tiyang ingkang anggènipun maos Al-Qur’an témponipun langkung cekak wekdalipun katimbang TARTIL. Maos  Al-Qur’an kanthi  TAHDZIR adat sabenipun dipun-ginakaken tumrap laré-laré ingkang nembé wiwitan sinau maos Al-Qur’an. Ugi asring dipun-ginakaken déning tiyang-tiyang ingkang ngapalaken Al-Qur’an utawi Muroja’ah (ambal-ambalan) kanggé ngoyak setoran amrih sadinten saged setor ngaturaken apalanipun 5 (gangsal) utawi 10 (sedasa) juz.

2)  . At-Tadwir (التّدْوِيْرُ): Tiyang anggènipun maos Al-Qur’an kanthi sumedheng, tengah-tengah antawisipun TARTIL lan TAHDZIR. Témpo punika ugi asring dipun-ginakaken para imam shalat. Kados imam shalat Masjidil Haram ing Mekkah lan imam Masjid Nabawi ing Medinah asring ugi maos Al-Qur’an kanthi TADWIR punika.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Para Ulama’ ahli maos Al-Qur’an  sarujuk lan mufakat manawi maos Al-Qur’an kanthi  TARTIL sami kaliyan  maos  Al-Qur’an kanthi  TAJWID, sahingga temponipun dipunsebat kanthi  MUJAWWAD/MUJAWADAH. Maos Al-Qur’an kanthi TAJWID / MUJAWWAD punika anggénipun ngucapaken saben-saben huruf cetha jumbuh kaliyan papan medalipun huruf (makharijul huruf), lan kanthi leres jumbuh kaliyan hak-hak lan sifatipun; kados umpaminipun hams, jahr, isti’la’ lan sapanunggalanipun.  Lan ugi kanthi mustahiq umpaminipun idhar, ihfa’, iqlab lan sapanunggalinipun.
Maos Al-Qur’an kanthi makna Tajwid punika cetha anggènipun maos hurufipun, mapan lan éndah papan medalipun huruf, cetha mapan mandheg lan papan wiwitipun, sahingga leres lan éndah manawi kapireng tiyang ingkang midhangetaken, trenyuh lan nengsemaken, lan boten mokal sesarengan hidayahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala tiyang iman tambah piyandel lan imanipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
إنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَعَلَى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ.
“Déné kang diarani wong-wong kang padha mukmin, yaiku wong-wong kang manawa asmané  Allah ditutur (disebut) padha krasa wedi lan gumeter atiné, lan manawa diwacakaké ayating Allah, ayat iku nambahi piyandelé wong mau, lan dhèwèké marang  Allah Pangéran sesembahané, padha pasrah”. (QS. Al-Anfal [8]:2).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga  kita sesarengan sinau ngaji maos Al-Qur’an kanthi TARTIL; cetha  lan alon-alon, bagusaken pangertosan babagan Tajwid, Tahsin, Tilawah, Tahfidz, lan Tadabur (6T), amrih saged dhatengaken manfa’at  lan fadhilah ingkang langkung kathah anggén kita maos Al-Qur’an tumrap kita piyambak lan ugi dhateng para sedhèrèk kita ingkang midhangetaken. Rasulullah shalallahu ‘alaihi  wa salam ngendika gegayutan manfa’at lan fadhilahipun maos Al-Qur’an kanthi TARTIL, antawisipun:

« اقْرَءُوا الْقُرْآنَ فَإِنَّهُ يَأْتِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِه »

“Padha macaha sira kabèh ing Al-Qur’an, jalaran dhèwèké (Al-Qur’an) iku bakal teka ana ing dina Kiyamat bésuk minangka bakal maringi syafa’at tumprap wong-wong kang padha sregeb macané (Al-Qur’an)”. (HR. Muslim 804, saka shahabat Abu Umamah Al-Bahili radhiyallahu ‘anhu).
Mugi kita tansah pinaringan rahmat lan taufiq saking Allah Subhanahu wa Ta’ala, gesang begya mulya donya lan akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 111217, 07.25)=-


KHUTBAH 2
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ.
 اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
أقيموا الصلاة !!!.
-=(hms, 111217, 07.30)=-








No comments:

Post a Comment