Sunday, March 11, 2018

TA”RIF DAN FADLILAH PUASA




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبْيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فَيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Ma’asyiral Muslimin, arsyadakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Salajengipun,  sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan hanebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa salam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Para sedhèrèk kula kaum Muslimin, arsyadakumullah,
Tembung Shiyam utawi “Pasa” punika miturut lughzat tegesipun; ngeker. Lan miturut istilah tegesipun;   ngeker/nyirik/nyegah dhahar, ngunjuk, kumpul kaliyan garwa lan sedaya ingkang saged batalaken pasa wiwit saking mlethèking surya fajar ngantos angslupipun surya kanthi niyat ngibadah. Allah SwT. majibaken pasa dhateng umat Muhammad saw. kados Allah SwT. sampun majibaken dhateng umat-umat sadèrèngipun. Adhedhasar dhawuh pangandikanipun Allah SwT. :

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
“He wong-wong kang padha iman, diwajibké marang sira kabèh nglakoni pasa kaya olèhé diwajibké marang wong-wong sedurung ira kabèh supaya sira padha taqwa”. (QS. Al-Baqarah [2]:183).
Dhawuh pasa punika nalika semanten wonten ing dinten Senin wulan Sya’ban tahun kaping 2 (kalih) Hijriyyah. Wondéné hukumipun pasa (shiyam) Ramadhan punika wajib.
Ma’asyiral Muslimin, arsyadakumullah,
Wondéné fadhilah / kautamènipun nindakaken pasa punika ing antawisipun dipun-ngedikakaken déning Rasulullah saw. makaten:
فِتْنَةُ الرَّجُلِ فِي أَهْلِهِ وَمَالِهِ وَجَارِهِ تُكَفِّرُهَا الصَّلَاةُ وَالصِّيَامُ وَالصَّدَقَةُ
“Fitnah/dosa ana ing sawijining wong kerana kaluwarga, bandha, utawa tetanggané bakal bisa kabusek kanthi nindakaké shalat, pasa, lan sedhekah.” .” (HR. Bukhari, saka Hudzaifah radhiyallahu’anhu, Kitab as-Shiyam).
Hadits sanès ingkang nunggal makna Rasulullah saw. ngendika:
مَنْ اسْتَطَاعَ الْبَاءَةَ فَلْيَتَزَوَّجْ فَإِنَّهُ أَغَضُّ لِلْبَصَرِ وَأَحْصَنُ لِلْفَرْجِ وَمَنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَعَلَيْهِ بِالصَّوْمِ فَإِنَّهُ لَهُ وِجَاءٌ
Sapa wongé kang wus kuwasa nglakoni nikah becik prayoga nikaha. Satemené nikah iku luwih bisa nundhukaké lan ngleremaké pandelengan lan luwih bisa jaga ferji. Sapa wongé kang durung kuwasa (nikah) becik prayoga dhèwèké pasa. Satemené pasa iku bisa ngeker hawa nefsuné”.  (HR. Bukhari, saka Abdullah bin Mas’ud radhiyallahu’anhu, Kitab as-Shiyam).
Ma’asyiral Muslimin, arsyadakumullah,
Pasa saged dhatengaken manfaat rohani, sosial lan kewarasan. Sawenèhing manfaat spiritual pasa saged ngiyataken lan ngulinakaken tiyang sabar, saged ngontrol jiwa lan jagi ketaqwaan. Lan inggih taqwa punika dados tujuwanipun pasa.
Pasa ugi saged dhatengaken manfaat tumrap kesarasaning tiyang, jalaran pasa saged hangresiki usus-usus, ngresiki badan saking ampas lan endhapan, saha saged ngirangi kalemon boboting badan, jalaran lemak. Wonten ing sawenèhing hadits Rasulullah saw. ngendika:
صُوْمُوْا تَصِيْحُوْا.
“Padha pasaha sira kabèh, yekti sira bakal séhat”. (HR. Az-Zubaidi, kasebat ing kitab Tihafus sadatil Muttaqin: 7/401).
Wulan Ramadhan ugi nggadhahi kautamén lan kaistiméwaan ingkang boten dipun-gadhahi wulan-wulan sanèsipun. Kados dhawuhipun Rasulullah saw..
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَلَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sapa wongé pasa ana ing wulan Ramadhan karana iman lan ngarep-arep ganjaran (ridha Allah), mula bakal dingapura dosa-dosané kang wis kapungkur.” (HR. Bukhari: i/16, Muslim: 175, lan Abu Daud: 29, Kitab At-Tathawwu’).
Ma’asyiral Muslimin, arsyadakumullah,
Awit jalaran kautamènipun wulan Ramadhan sedaya tumindak kasahénan dados langkung utami, lan ing antawispun tumindak sahé kasebat inggih punika: 1. Sedhekah, 2. Qiyamul Lail (shalat dalu), 3. Maos lan tadabur Al-Qur’an. Rasulullah saw. dhawuh:
اقْرَءُوا الْقُرْآنَ فَإِنَّهُ يَأْتِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لأَصْحَابِه
“Padha macaha sira kabèh ing Al-Qur’an, jalaran dhèwèké (Al-Qur’an) iku bakal teka ana ing dina Kiyamat bésuk minangka bakal maringi syafa’at tumprap wong-wong kang padha sregeb macané (Al-Qur’an)”. (HR. Muslim 804, saka shahabat Abu Umamah Al-Bahili radhiallahu ‘anhu).
Rasulullah saw. maringi 2 (kalih) syarat tumrap tiyang ingkang maos Al-Qur’an, inggih punika: 1. Maos Al-Qur’an, lan 2. Ngamal kanthi cara Al-Qur’an. Jalaran tiyang maos Al-Qur’an punika wonten kalih warni (type), inggih punika: 1). Type tiyang ingkang maos Al-Qur’an nanging boten ngamal kanthi cara Al-Qur’an, boten ngimani pawartos-pawartos Al-Qur’an, boten ngamalaken hukum-hukumipun Al-Qur’an. Sahingga Al-Qur’an dados hujjah ingkang bantah dhateng piyambakipun. 2). Type sanèsipun inggih punika tiyang-tiyang ingkang maos Al-Qur’an  lan ngimani pawartos-pawartos Al-Qur’an, beneraken beneripun Al-Qur’an, lan ngamalaken hukum-hukumipun Al-Qur’an, sahingga Al-Qur’an dados hujjah ingkang bélani piyambakipun.
Ma’asyiral Muslimin, arsyadakumullah,
Mekaten menggah pangertosan (ta’rif)  lan fadhilahipun pasa ingkang saged kula aturaken wonten ing siang dinten Jum’ah punika, mugiya wonten gina lan manfaatipun tumrap kita sadaya.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 0712171, 10.01)=-

No comments:

Post a Comment