Sunday, March 11, 2018

KALEPATAN MAPAG AWAL TAHUN ÉNGGAL HIJRIYAH



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدَ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَلِيُّ الصَّالِحِينَ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا خَاتَمُ الأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِيْ تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. 
 أَمَّا بَعْدُ: فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhumateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kureping langit.

Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad salallahu ‘alaihi wasalam, kulawarga lan para shahabatipun, sumrambah dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Wonten ing agami kita, wulan Muharram ingkang tiyang Jawi nyebat wulan Sura, mujudaken salah stunggalipun wulan ing antawisipun wulan ingkang dipunsebat wulan haram (suci). Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ ۚ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِينَ كَافَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَافَّةً ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ.
"Sejatiné wilangané wulan mungguhing Gusti Allah iku ana rolas wulan, sajroné katetepan Gusti Allah ing wektu Panjenengané nitahaké langit lan bumi, ing antarané ana papat (wulan) kang dimulayakaké. Hiya iku (katetepan) agama kang jejeg.
Mula aja nganti sira kabèh nganiaya awak ing sajeroné wulan papat iku, lan perangana kaum musyrikin iku sekabèhané, kaya déné dhèwèké kabèh uga padha merangi sira kabèh sekabèhané; lan ngertiya yèn Gusti Allah iku nyartani wong-wong kang padha takwa”. (QS. At-Taubat [9]:36).

Salajengipun punapa kémawon sekawan wulan haram kasebat. Hadits saking Abu Bakrah radhiyallahu ‘anhu, bilih Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam ngedika:

الزَّمَانُ قَدِ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالأَرْضَ ، السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا ، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ، ثَلاَثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ ، وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِى بَيْنَ جُمَادَى وَشَعْبَانَ
“Setahun mubeng kaya dènè kahanan wiwit Allah ndadèkaké langit lan bumi. Setahun iku ana rolas sasi. Lan ing antarané ana papat sasi kang haram (suci). Telu sasiné urut-urutan, yaiku Dzulqa’dah, Dzulhijjah, lan Muharram. Lan sesasi sijiné yaiku Rajab Mudhor sing manggon ana antarané Jumadil (akhir) lan Sya’ban”. (HR. Bukhari no3197, Muslim no. 1679).

Dados sekawan wulan haram punika ingkang dipunmaksud; (1). Dzulqa’dah, (2). Dzulhijjah, (3). Mharram, lan (4). Rajab.
Awit saking punika Muharram kalebet wulan haram.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Salajengipun gegayutan kaliyan wulan Muharram sapérangan ageng kaum muslimin lepat anggènipun mapag wulan kasebat. Manawi mapag tahun Masèhi kanthi megah lan meriah, hananging manawi mapag tahun Hijriyah boten semeriah tahun Masèhi. Sanajan èstunipun boten wonten tuntunan ingkang gumathok kados pundi caranipun mapag wulan Muhrram utawi warsa énggal Hijriyah wiwit saking kanjeng Nabi salallahu ‘alaihi wasalam, para shahabat, lan generasi sapungkuripun.

Para ulama ahli sunnah boten naté kèndel saben-saben wekdal ngaturaken tembung:
لَوْ كَانَ خَيرْاً لَسَبَقُوْنَا إِلَيْهِ
“Lamun amalan kuwi mau bagus, yekti dhèwèké (para shahabat) wis ndhisikki kita nindakaké.”  (Ibnu Katsir, tafsir surat Al-Ahqaf [46]: 11).
Makaten aturipun para ulama ahli sunnah gegayutan kaliyan amal ingkang boten naté dipuntindakaken déning Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam lan para shahabat. Para ulama hanggolongaken tumindak ingkang kados makaten minangka bid’ah. Jalaran para shahabat boten mirsani satungaling amal kesaénan, kajawi piyambakipun lajeng hanindakaken. (Ibnu Katsir, tafsir surat Al-Ahqof [46]: 11).
Sapangertosan kula, boten wonten tuntunan ingkang khusus kanggé mapag warsa énggal Hijriyah. Namung kémawon sapérangan kaum Muslimin anggènipun ngawontenaken keramaiyan mapag tahun énggal Hijriyah boten adhedhasar dalil. Pramila dhasaripun boten kiyat ateges lemah.
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Kalepatan mapag warsa énggal Hijriyah ing antawisipun:

1.      Donga ing awal lan akhir tahun.
Amalan punika èstunipun boten wonten tuntunanipun babar pindhah wonten ing agami kita Islam. Amalan punika boten naté dipuntindakaken déning Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam, para shahabat, tabi’in lan ulama-ulama ageng sanèsipun. Amalan punika boten kita panggihi wonten ing kitab-kitab hadits utawi musnad. Amalan punika namung anggitanipun para ahli ibadah. Fadhilah lan kautamènipun donga punika boten kanthi dhasar wahyu babar pindhah, malah kepara ingkang nganggit hadits kasebat sampun tumindak dora / ngapusi dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan Rasululullah salallahu ‘alaihi wa salam. Lajeng kados pundi amalan punika saged dipunamalaken. (Majalah Qiblati edisi 4/III).

2.      Shiyam ing awal lan akhir tahun.

Sapérangan tiyang ingkang hamligèkaken shiyam wonten ing awal lan akhir wulan. Shiyam unika ingkang kawastanan shiyam awal lan akhir wulan. Dalila ingkang dipun-ginakaken dhasar inggih punika:
مَنْ صَامَ آخِرَ يَوْمٍ مِنْ ذِي الحِجَّةِ ، وَأَوَّلِ يَوْمٍ مِنَ المُحَرَّمِ فَقَدْ خَتَمَ السَّنَةَ المَاضِيَةَ بِصَوْمٍ ، وَافْتَتَحَ السَّنَةُ المُسْتَقْبِلَةُ بِصَوْمٍ ، جَعَلَ اللهُ لَهُ كَفَارَةٌ خَمْسِيْنَ سَنَةً
“Sing sapa wongé pasa sedina ana ing akhir sasi Dzulhijjah lan pasa sedina ana ing awal sasi Muharram, mula dhèwèké wis temen-temen mungkasi tahun kang wis kapungkur kanthi pasa lan buka tahun sing bakal tumeka kanthi pasa. Lan Allah Ta’ala handadèkaké kaffarat (katutup) dosané sajroné 50 (sèket) tahun.”
Salajengipun kados pundi para pakar ahli hadits magayutan kaliyan riwayat hadits kasebat ing nginggil kalawau:
  1. Adz-Dzahabi wonten ing Tartib Al Mawdhu’at (181)  ngendikakaken bilih Al-Juwaibari lan gurunipun –Wahb bin Wahb- ingkang  hangriwayataken hadits punika kalebet pemalsu hadits.
  2. Asy-Syaukani wonten ing Al Fawa-id Al Majmu’ah (96) ngendikaken bilih wonten kalih perowi ingkang kalebet pendusta ingkang hangriwayataken hadits punika.
  3. Ibnul Jauzi wonten ing Mawdhu’at (2/566) ngedikaken bilih Al-Jawaibari lan Wahb ingkang hangriwayataken hadits punika kalebet tiyang pendusta lan pemalsu hadits. (Hasil panelusuran ing http://dorar.net).
Awit saking punika minangka dudutanipun hadits ingkang hanyariosaken fadhilah shiyam awal lan akhir wulan punika hadits ingkang lemah ingkang boten saged dipundadosaken dalil lan dhasar amal. Sahingga kita boten perlu hamijèkaken shiyam awal lan akhir tahun, jalaran haditsipun cetha-cetha lemah.
3.      Ngramèkaken tahun énggal hijriyah.

Hagramèkaken warsa énggal Hijriyah kanthi pésta kembang api, hamijèkaken dzikir Jama’i, hamijèkaken shalat tasybih, hangawontenaken pengaosan khusus kanggé mapag warsa énggal Hijriyah, lan pésta-pésta sanèsipun cetha-cetha manawi boten wonten tuntunanipun.

Jalaran mapag warsa énggal Hijriyah ingkang kados makaten punika boten naté dipuncontohaken déning Kanjeng Nabi Muhammad sallallahu ‘alaihi wasalam, Shahabat Abu Bakar, ‘Umar, ‘Utsman, ‘Ali, lan para shahabat sanèsipun, para tabi’in lan para ulama sasampunipun.

Ingkang hangramèkaken warsa énggal Hijriyah hamnamung badhé hanandhingi warsa ènggal Masèhi ingkang dipunramèkaken déning kaum Nasrani. Kamangka amal tumindak punika cetha-cetha sampun hanyamèni piyambakipun.
Kanthi gamblang Rasulullah sallallahu ‘alaihi wasalam ngendika:
مَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْمٍ فَهُوَ مِنْهُمْ
“Sing sapa wongé madhani suwijining kaum, mula dhèwèké kalebu pérangané / golongané dhèwèké.” (HR. Ahmad lan Abu Daud).
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;
Nyambut warsa énggal Hijriyah punika boten kedah mèngeti saha meriahaken. Hananging ingkang kedah kita émut-émut inggih punika kanthi tambahipun wekdal kita samsaya caket ugi kaliyan maut (pejah / kematian).
Para sedhèrèk, gesang ing alam donya punika hanamung sakedhap, lan tambahipun wekdal ateges tambah caket ugi dhateng ajal.
Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam dhawuh:
مَا لِى وَمَا لِلدُّنْيَا مَا أَنَا فِى الدُّنْيَا إِلاَّ كَرَاكِبٍ اسْتَظَلَّ تَحْتَ شَجَرَةٍ ثُمَّ رَاحَ وَتَرَكَهَا
“Aku ora ateges dhemen marang donya lan uga ora ngarep-arep saka dhèwèké. Aku ana donya ora ana liya kajaba mung kaya déné wong kang lagi numpak tetumpakan kang ngéyub ana sangisoré wit-witan lan istirohat banjur ninggalaké.” (HR. Tirmidzi no. 2551).
Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah maringi kekiyatan wonten ing tengah-tengah keterasingan.
Sedaya puji hanamung kagunganipun Allah subhanahu wa Ta’ala ingkang kanthi nikmatipun sedaya kesaénan saged sampurna.
Amin Ya Rabbal ‘Alaim.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 180916, 16.18)=-



No comments:

Post a Comment