Sunday, March 11, 2018

REZEKI BAROKAH



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan nambahi taqwa kita dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun lan taqwa wonten ing sadhéngah perkawis, kalebet  taqwa nalika kita pados rezeki, lan utaminipun nalika kita pados bandha.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Rasulullah  Muhammad shalallahu ‘alaihi  wa sallam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang taqwa punika tansah ngajeng-ajeng bandha ingkang berkah (barokah). Berkah punika hanggadhahi kalih teges (makna), inggih punika: 1). Tambah, ngembang, thukul., lan 2). Kesahénan ingkang tansah sambung sinambung, gilir gumanti dhatan wonten pedhotipun. Imam Nawawi ngendika bilih makna berkah punika kesahénan ingkang kathah lan langgeng (abadi).  Bandha berkah punika bandha ingkang dipunpikolih saking cara ingkang halal. Lajeng dipunresiki (dipunzakati), lan dipuninfaqaken sapérangan wonten ing marginipun Allah (fii sabilillah). Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika:
آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَأَنْفِقُوا مِمَّا جَعَلَكُمْ مُسْتَخْلَفِينَ فِيهِ ۖ فَالَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَأَنْفَقُوا لَهُمْ أَجْرٌ كَبِيرٌ
“Padha imana sira kabèh marang Allah lan Rasul-É lan padha mblanjakna sadhéngah saking bandhanira kabèh kang Allah wus ndadèkaké sira kabèh bisa nguwasani. Mula wong-wong kang padha iman ing antarané sira kabèh lan blanjakaé (sadhéngah) saking bandhané, merkoléh ganjaran kang gedhé”. (QS. Al-Hadid [57]:7).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ayat punika paring katerangan dhumateng kita bilih èstunipun bandha ingkang kita darbèki punika kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang dipunampilaken utawi dipunkuwaosaken dhumateng kita. Dados kita èstunipun boten dados panguwaos mutlak. Awit saking punika kita kedah sumadya ngedalaken infaq sapérangan.
Nyaosi priksa bilih kajawi bandha punika minangka ampilan saking Allah Subhanahu wa Ta’ala, bandha punika mujudaken ujian lan pacobèn saking Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an surat Al-Anfal [8] ayat 28 makaten:
وَاعْلَمُوا أَنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ اللَّهَ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ
“Lan padha mangertiya sira, yèn bandhanira lan anak-anak ira kuwi mung minangka pacoban lan satemené ing ngersané Allah ana ganjaran kang gedhé”. (QS. Al-Anfaal [8]: 28).
Minangka ujian utawi pacobèn, bandha saged mulyakaken lan saged handhatengaken kabagyan dhumateng kita. Hananging ugi saged hanyilakakaken kita. Awit saking punika, gegayutan kaliyan bandha prayogi kita kedah ngatos-atos lan waspada.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Tiyang Islam ingkang sejati punika rumaos begya manawi saged zakat, infaq, lan sedhekah. Sakedhik kemawon manahipun boten rumaos awrat manawi piyambakipun saged ngedalaken zakat lan sedhekah. Punapa malih piyambakipun hanggadhahi kapitadosan bilih zakat lan sedhekah punika boten ngirangi bandha, hananging malah kepara nambahi bandha.
Bandha punika boten badhé suda jalaran sedhekah. Jalaran sedhekah lan infaq punika hakékatipun bandha ingkang dipunampilaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Lan Allah Subhanahu wa Ta’ala badhé mangsulaken kanthi tikel-matikel, sahé wonten ing donya ugi wonten ing akhirat.
Tiyang ingkang iman boten gampil kabujuk déning bujuk lan rayunipun syetan ingkang pancèn kulina bujuk lan ngrayu.  Bilih syethan bujuk lan ngajrih-ajrihi manawi zakat lan infaq saha sedhekah punika badhé handadosaken fekir lan miskin.
Kados dhawuh pangandikanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
الشَّيْطَانُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاءِ ۖ وَاللَّهُ يَعِدُكُمْ مَغْفِرَةً مِنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
“Syethan njanjèkakeé (medèn-medèni) sira kabèh kanthi kamiskinan lan préntah marang sira kabèh tumindak jahat (medhit), sedheng Allah njanjèkaké kanggo sira kabèh pangapuran saka Panjenegané lan kanugrahan. Lan Allah iku Maha Jembar (kanugrahan-É) tur Maha Mirsani”. (QS. Al-Baqarah [2]:268).
Tiyang Mukmin punika pitados bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala punika Dzat ingkang jembaraken lan ngrupekaken rezeki, lan maringi rezeki dhateng makhluk punapa kémawon, kalebet kewan ingkang gumremet ing bumi. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
اللَّهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ وَفَرِحُوا بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا فِي الْآخِرَةِ إِلَّا مَتَاعٌ
“Gusti Allah njembaraké rezki lan ngrupekaké marang sapa wahé kang Panjenengané kersakaké. Dhèwèké kabéh padha seneng-seneng penguripan ing donya, kamangka penguripan ndonya iku (kabandhing) karo penguripan akhérat, mung rupa kasenengan (kang sethithik)”. (QS. Ar-Ra’d [13]: 26).
Para sadhèrèk, ngaturi uninga bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala punika Dzat ingkang maringi rezeki dhateng makhluk punapa kémawon, lan makhluk wonten ing pundi kémawon kalebet kewan ingkang gumremet ing bumi. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۚ كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
“Lan ora ana satukéwan kang gumremet ana ing lumahé bumi kajaba Gusti Allah kang nanggung rezekiné. Lan Panjenengané (Gusti Allah) pirsa marang panggonan netepé kéwan iku lan disimpené. Sakabèhé katulis ana ing Kitab kang nyata (Lauh Mahfudz)”. (QS. Hud [11]: 6).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ing wasana pungkasanipun khutbah wonten ing siyang punika, sumangga kita tansah dhedhèpé rinten lan dalu handedonga dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala mugi-mugi anggèn kita pados saha mblanjakaken rezeki lan bandha kita tansah pikantuk ridlonipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kita remen lan ikhlash zakat lan sedhekah saha ngedalaken rezeki kanggé ragad perjuangan fii sabilillah. Lan mugi rezeki lan bandha kita dados rezeki utawi bandha ingkang barokah.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 051217, 09,45)=-



No comments:

Post a Comment