Saturday, March 10, 2018

NGREKSA SHALAT NGREKSA AGAMA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Al-Ankabut [29] ayat 45, makaten:
اِنَّ الصَّلاَةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ, ......
Tegesipun: “….. Satemené shalat iku bisa nyegah saka (penggawé-penggawé) ala lan (lelakon) kang disengiti…... .” (QS. Al-Ankabut [29]: 45).
Ayat kasebat nedahaken bilih ibadah shalat punika saged nyegah saking tumindak keji lan tumindak mungkar. Manawi tiyang shalat dèrèng mikolih hikmahipun, temtu anggènipun shalat dèrèng dipuntindakaken kanthi sahé.
Ibadah shalat ingkang sahé punika shalat ingkang ndhèrèk tuntunanipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam. Shalat ingkang dipuntindakaken kanthi nyempurnakaken syarat lan rukunnipun.
Kewajiban nindakaken shalat gangsal wekdal saben tiyang Islam punika ngemu suraos minangka pepémutipun Allah Subhanahu wa Ta’ala supados tiyang Islam tansah émut dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan ndadosaken émut dhateng dhawuh lan awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Lan inggih punika ing antawisipun hikmah dipunsyari’ataken nindakaken ibadah shalat.
Nalika tiyang Islam émut dhateng dhawuh lan awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, pramila piyambakipun lajeng manahipun krentek badhé nindakaken dhawuh lan nilar awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi makaten ibadah shalat saged dados sarana komunikasi antawisipun satunggalipun makhluk dhateng Gusti Allah Pangéranipun.
Awit saking punika shalat mesthinipun kedah nggadhahi pangaribawa ingkang positif tumrap gesang lan panggesangan kita dhateng sesami. Émanipun, kita taksih mrangguli tiyang sregep shalat hananging taksih kémawon nindakaken kemungkaran lan pendamelan ingkang dipunsengiti déning agami. Ibadah ritual shalatipun boten nilar atsar (tilas) babar pisan.
Pramila lajeng wonten pangandikan, bilih tiyang ingkang boten sabaran, suwantenipun ndadosaken mrekitik ing manah lan ngabritaken kuping. Sawenèhing tiyang ngedika makaten: “Ladéné shalat jengkang-jengking, isih tumindak murang tata, padha wahé karo wong kang ora shalat.”
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Manawi kita mireng pangucap ingkang makaten kalawau, prayogi kita boten perlu lajeng éngal duka, dhadha lajeng sakit, talingan abrit. Hananging kita cekap ngendika kanthi atur ingkang sarèh: “Mbok menawa wahé shalaté si fulan durung bener. Manawa wis apik lan bener mesthi bakal bisa tumindak kang luwih mulya katimbang tumindaké kang wis kapungkur.”
Manawi kasunyatanipun makaten anggèn kita nindakaken shalat, pramila shalat kita lajeng boten badhé nggadhahi makna lan manfa’at sakedhik kémawon. Manawi anggèn kita nindakaken shalat namung formalitas kanggé ngguguraken kewajiban kémawon, pramila shalat kita boten badhé klebet dhateng éwonipun tiyang ingkang shalatipun sahé, dhèrèk tuntunanipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ingkang ndadosaken margining kabagyan lan kamulyaning gesang kita ing dinten hisab bénjang.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلاَتُهُ, فَإِنْ صَلَحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ, وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسَرَ.
“Satemené amalé kawula kang kawitan bakal dèn hisab ana ing dina Qiyamat yaiku shalaté. Lamun shalaté apik, mula dhèwèké bakal éntuk kabegjan lan kaslametan. Lamun shalaté rusak utawa ala, mula dhèwèké bakal kaduwung lan kapitunan.” (HR. Abu Hurairah).
Awit saking punika para Jama’ah Shalat Jum’ah rahimakumullah, sumangga kita hambudidaya ngreksa shalat kita, jalaran ngreksa shalat punika èstunipun  ngreksa agami kita. Kita reksa syarat rukunipun shalat, kita reksa wekdalipun shalat, kita reksa anggèn kita jama’ah shalat kanthi hambudidaya ndhèrèk takbir imam ingkang kawitan utawi takbiratul ihramipun imam.
Kanthi makaten mugi-mugi ibadah shalat kita saged hanjalari amal lan tumindak kita dados sahé.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 020317, 11.16)=-

No comments:

Post a Comment