Sunday, March 11, 2018

TRISNA INGKANG SEYEKTOS



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga ing wekdal punika kita  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
Hadirin  Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Raos tresna punika anugerah peparingipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Wujuding raos trisna kapérang dados kalih warni; inggih punika tresna dhumateng kanikmatan donya, ingkang kawastanan hubbusy syahawat lan tresna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang kawastanan hubbul iman ingkang sifatipun ukhrawi.
Agami kita Islam boten ngawisi tiyang ingkang nrisnani dhumateng wanita, anak-anak, bandha ingkang kathah, lan pangkat utawi jabatan ingkang inggil. Namung kémawon inggih trisna ingkang kanthi lelambaran dhawuhing agami. Al-Qur’an paring pepémut, bilih kenikmatan donya punika sifatipun namung sawatawis, boten abadi, cepet  utawi dangu sedaya badhé nilaraken kita utawi kita piyambak ingkang nilaraken. Sedaya kita tilar lan boten badhé kita beta nalika sowan ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Wondéné trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala  inggih ingkang kawastanan ugi hubbul iman ingkang sifatipun ukhrawi manawi saged subur lan ngrembaka mujudaken kenikmatan ingkang langkung utami, jalaran badhé ndadosaken tiyang tebih saking kekafiran, kefasikan, lan kadurakan.
Sedaya katrisnan kasebat, inggih hubbud dunnya lan hubbul iman sedaya kedah dipunpapanaken wonten ing sangandapipun trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Trisna ingkang ngungkuli trisnanipun dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala mujudaken bencana ageng lan badhé nyengsarakaken tiyang gesang. Islam majibaken dhumateng ummatipun trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala  punika dipunpapanaken papan ingkang utami lan dados prioritas. Sadaya tiyang saged kémawon lan dipunparengaken nrisnani dhumateng sinten lan dhateng punapa kémawon, nanging trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kedah dados pancadan utaminipun.
Allah Subhanahu wa Ta’ala sanget anggènipun duka dhumateng tiyang ingkang trisnanipun dhumateng samukawis barang utawi trisnanipun dhumateng tiyang ingkang tresnanipun punika ngungkuli trisnanipun dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados kasebat wonten ing Al-Qur’anul Karim:
قُلْ إِنْ كَانَ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ وَإِخْوَانُكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيرَتُكُمْ وَأَمْوَالٌ اقْتَرَفْتُمُوهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَا أَحَبَّ إِلَيْكُمْ مِنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ وَجِهَادٍ فِي سَبِيلِهِ فَتَرَبَّصُوا حَتَّىٰ يَأْتِيَ اللَّهُ بِأَمْرِهِ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ
“Dhawuha! “Menawa bapa-bapa ira, anak-anak ira, sedulur-sedulur ira, bojo-bojo ira, kaum kerabat ira, bandha-bandha ira, (kabeh mau) isih luwih sira senengi katimbang Allah lan utusan-E (katimbang) jihad ana ing dalan-E, mula entènana nganti Allah nekakaké keputusan-E. Lan Allah ora bakal paring pituduh marang wong-wong fasiq.” (QS. At-Taubat [9]: 24).
Shahabat Al-Abbas, ingkang saben dinten pandamelanipun ngurusi makmuraken Masjid Al-Haram, Thalhah bin Syaibah; ingkang nguwaosi Baitullah lan piyambakipun ingkang bekta kuncinipun, Abbas ingkang ngurusi lan ngaturi unjukanipun jama’ah haji, punika kemawon dereng kalebet tiyang ingkang trisna dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Tiyang ingkang makmuraken masjid lan sanѐs-sanѐsipun manawi dereng nggadhahi iman punika benten kaliyan tiyang ingkang iman lan jihad fi sabilillah. Semanten ugi tiyang ingkang mligèkaken satunggaling amal shaleh punika bènten kaliyan tiyang iman dhumateng Allah lan jihad ing marginipun Allah. (QS. At-Taubat [9]:17,18, lan 19).
Nabi Ibrahim as. minangka kawula pantes dados tuladha ingkang paling sahé dhumateng kita sedaya anggènipun trisna dhumateng Allah Swt.. Trisnanipun Nabi Ibrahim as. dhumateng Allah Swt. dados prioritas utami. Trisnanipun dhumateng Allah Swt. ngungkul-ungkuli. Sedaya ujian lan pacobѐn dipunlampahi kanthi sabar, ndadosaken Nabi Ibrahim as. saged lulus lan pikantuk prestasi pacobèn kanthi gemilang.
Anuju satunggaling wekdal Nabi Ibrahim as. kadhawuhan milih, milih trisna dhateng tiyang sepuhipun punapa tresna dhateng Allah SwT., Nabi Ibrahim as. trisna dhateng Allah SwT. tinimbang trisnanipun dhateng tiyang sepuhipun, sanajan inggih awrat raosipun. Nabi Ibrahim as. taksih ndongakaken dhateng tiyang sepuhipun, lajeng Allah Swt. paring aruh dhumateng Nabi Ibrahim as., jalaran tiyang mukmin boten dipunparengaken ndongakaken dhateng tiyang ingkang musyrik. Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul karim:
وَمَا كَانَ اسْتِغْفَارُ إِبْرَاهِيمَ لِأَبِيهِ إِلَّا عَنْ مَوْعِدَةٍ وَعَدَهَا إِيَّاهُ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهُ أَنَّهُ عَدُوٌّ لِلَّهِ تَبَرَّأَ مِنْهُ ۚ إِنَّ إِبْرَاهِيمَ لَأَوَّاهٌ حَلِيمٌ
“Lan panyuwunan pangapura saka Ibrahim (marang Gusti Allah) kanggo bapaké, iku ora liya mung karana sawijine janji kang wis diikrarake Ibrahim marang bapaké. Mula kalamangsané wis dadi cetha tumrap Ibrahim, yèn satemené bapaké iku musuhe Gusti Allah, mula Ibrahim mbebasaké awaké saka bapaké. Sejatiné Ibrahim iku sawijiné  (nabi) kang banget lembut atiné tur aris.” (QS. 9 [At-Taubah: 114).
Allah Swt. maringi pangalembana dhumateng Nabi Ibrahim as. jalaran trisna lan taatipun dhumateng Allah Swt. linangkung ageng katimbang sanès-sanèsipun, dipunlestarèkaken Allah Swt. kanthi syare’at kewajiban haji saben-saben tahun tumrap tiyang ingkang saged nyekapi syarat-syaratipun. Malah tumrap tiyang ingkang boten saged nindakaken haji kadhawuhan nindakaken korban. Pangalembana lan pujianipun Allah Swt. dhumateng Nabi Ibrahim as. punika dipunlanggengaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’anul Karim surat Ash-Shaaffat [37]: ayat 108-111:
وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الآخِرِينَ (١٠٨) سَلامٌ عَلَى إِبْرَاهِيمَ      (١٠٩)كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (١١٠) إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ   (١١١)
 “Lan ingsun langgengaké (pangalembana bagus) marang Ibrahim ana ing umat-umat kang akhir [108], (hiya) iku “Rupa kaselametan iku (muga) tetep kaparingaké marang Ibrahim”. [109], Kaya mangkono iku Ingsun paring piwales marang wong-wong kang padha tumindak bagus. [110], sejatiné dhèwèké (Ibrahim) iku kalebu kawula-kawulaningsun kang padha iman.” [111].
Makaten ingkang kawastanan trisna sejati. Trisnanipun tiyang dhumateng Gusti Allah Swt. ngungkuli trisnanipun dhumateng sanès-sanèsipun.  Allah Swt. paring ketegasan, bilih tiyang ingkang trisnanipun ngungkuli trisnanipun sanak kadang, kaluwarga lan bandhanipun katimbang trisnanipun Allah lan Rasul-Ipun saha jihad fi sabilillah dipunancam adzab saking Allah Swt. (QS. At-Taubat [9]:24).
Allah swt. badhé maringi rahmat, kacekapan sandhang pangan, lan kawilujengan dhumateng tiyang ingkang trisnanipun dhateng Allah Swt. ngungkuli sanès-sanèsipun. (QS. At-Taubah [9]:28). Kajawi punika manawi kita kersa dhèrèk sadaya dhawuhipun Allah lan Rasulullah, pramila Allah Swt. badhé nrisnani, lan paring pangapunten sadaya kalepatan kita, saha badhé  nglebetaken kita dhateng suwarga-Nipun. (QS. Al-Imran [3]:31).
Mugi-mugi kita saged mujudaken trisna ingkang sejati. Trisna kita dhumateng kaluwarga, anak lan bojo, dhumateng bandha, dhumateng pangkat lan jabatan dhumawah kantun lan dipunutamèkaken trisna kita dhumateng Allah Swt. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 051217, 10.32)=-
Khutbah 2
اَلْحَمْدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِهِ، وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلَى رِضْوَانِهِ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ,  اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَاكُمْ, وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَنْبِيَآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَتِكَ الْمُقَرَّبِيْنَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِيْ بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيْنَ الْمُخْلِصِيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ ودَمِّرْ أَعْدَآئَنَا وَأَعْدَآءَ الدِّيْنِ وأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنا إِنْدُوْنِيْسِيَا خَآصَّةً وَعَنْ سَائِرِ الْبُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَآمَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَآءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكم، وَلَذِكرُ اللهِ أَكْبَرُ. أقيموا الصلاة !!!
-=(hms, 051217, 10.35)=-

No comments:

Post a Comment