Sunday, March 11, 2018

TAUHID MUJUDAKEN DHAWUHIPUN ALLAH INGKANG AGUNG



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ فِيْ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ لِيَزْدَادُوُآ اِيْمَنًا مَّعَ اِيْمَنِهِمْ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang mirsani sadaya ingkang nyata kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sedaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam ingkang sampun maringi tuntunan gesang lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang langkung agung inggih punika TAUHID. Tauhid inggih punika nyawijèkaken Allah Subhanahu wa Ta’ala anggènipun  nindakaken pangibadahan. Wondéné awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang langkung agung inggih punika SYIRIK. Syirik inggih punika ibadah utawi nyembah dhumateng sanèsipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ugi ngibadah lan nyembah dhumateng Panjenenganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا
“Nyembaha sira marang Allah lan aja pisan-pisan nyekuthokaké kanthi apa wahé.” (QS. An-Nisa’ [4]: 36).

Tegesipun Tauhid miturut basanipun inggih punika masdar saking fi’il: يُوَحِّدُ وَحَّدَ -  tegesipun: “Handadosaken satunggalipun perkawis punika satunggal.”
Punika boten saged mawujud, kajawi kanthi nindakaken panafi’an lan panetepan. Contonipun tiyang ngendika: “Boten sampurna tauhidipun satunggalipun tiyang, sahingga piyambakipun haneksèni bilih boten wonten Ilah kajawi Allah.” Artosipun piyambakipun nafèkaken Uluhiyah saking sanèsipun Allah lan netepaken Uluhiyah kasebat mligi namung Allah Subahanahu wa Ta’ala kémawon.
Makna Tauhid miturut istilah inggih punika “Nyawijèkaken Allah Ta’ala anggènipun ngibadah.” Maksudipun anggènipun ngibadah katujokaken hanamung dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kémawon, boten nyekuthokaken Allah Subhanahu wa Ta’ala  dhumateng nabi ingkang dipunutus, dhumateng malaikat ingkang langkung caket, dhumateng pemimpin, utawi sinten kémawon salah satunggalipun manungsa. Kita ngibadah hanamung dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kémawon, kanthi raos mahabah, takdzim, kebak pangajeng-ajeng lan raos kuwatos.
Tauhid punika kapérang dados tigang pérangan, inggih punika tauhid rububiyah, tauhid uluhiyah, lan tauhid asma’ wa sifat. Dipunsebat tauhid rububiyah inggih punika nyawijèkaken Allah Subhanahu wa Ta’ala  dhateng penciptaanipun, panguwaosipun, saha pangrumatipun. Dipunsebat tauhid uluhiyah inggih punika nyawijèkaken Allah Subhanahu wa Ta’ala anggènipun nindakaken pangibadahan. Caranipun, satunggalipun tiyang anggènipun ngibadah lan taqarup dhumateng sinten kémawon sanèsipun Allah Subhanahu wa Ta’ala  kados anggènipun ngibadah dhumteng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Tauhid asma’ wa sifat inggih punika nyawijèkaken Allah Subhanahu wa Ta’ala babagan asma lan sifatipun Allah ingkang Panjenenganipun sifataken, wonten ing kitab-Ipun saha lumantar lisan Rasul-Ipun. Anggènipun nyawijèkaken punika kanthi cara netepaken punapa ingkang sampun dipuntetepaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan nafsiraken punapa kémawon ingkang sampun dipuntafsiraken Allah Subhanahu wa Ta’ala, boten kanthi tahrif, ta”thil, takyif, lan tamtsil.
Para sedhèrèk Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ngibadah punika boten kepareng dipuntindakaken kajawi hanamung dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Sinten kémawon ingkang nglérwakaken tauhid punika, statesipun piyambakipun punika musyrik lan kafir, sanajan piyambakipun punika ngakeni tauhid rububiyah lan tauhid asma’ wa sifat kanthi sampurna, hananging piyambakipun handhatengi kuburan, ngibadah dhumateng penghuninipun utawi kagungan nadzar maringi sesajén dhumateng ahli kubur kanggé hanyaketaken dhiri dhumateng ahli kubur. Tiyang ingkang kados makaten punika kawastanan tiyang musyrik lan kafir ingkang langgeng wonten ing neraka.
Allah Subhanahu wa Ta’ala paring dhawuh:
لَقَدْ كَفَرَ الَّذِينَ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ هُوَ الْمَسِيحُ ابْنُ مَرْيَمَ وَقَالَ الْمَسِيحُ يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ اعْبُدُوا اللَّهَ رَبِّي وَرَبَّكُمْ إِنَّهُ مَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللَّهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوَاهُ النَّارُ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنْصَارٍ
“Satemené wus padha kafir wong-wong kang padha ngucap: “Sejatiné Allah kuwi (‘Isa) Al-Masih putrané Maryam.” Ing mangka (‘Isa) Al-Masih dhéwé kuwi dhawuh: “Hé Kaum Bani Israil, padha nyembaha sira kabèh marang  Allah, Pangéraningsun lan Pangéranira kabèh.” Satemené wong-wong kang padha nyekuthokaké marang Allah, mesthi Allah ngaramaké suwarga tumrap dhèwèké, lan wong-wong mau bakal dipanggonaké ana ing neraka. Lan ora ana kang bakal paring pitulung marang wong-wong kang padha dzalim.” (QS. Al-Maidah [5]: 72).
Para sedhèrèk Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang agung inggih punika syirik. Jalaran hak ingkang agung inggih punika hanamung hakipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Manawi tiyang punika boten migatosaken tauhid, ateges piyambakipun sampun nglirwakaken hak ingkang agung, inggih punika nauhidaken Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Allah Subhanahu wa Ta’ala paring dhawuh:
وَإِذْ قَالَ لُقْمَانُ لِابْنِهِ وَهُوَ يَعِظُهُ يَا بُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ
“Lan (èlinga) rikala Luqman ngendika marang putrané; kang lagi mituturi marang putrané: “Hé putraningsun, seliramu aja nganti nyekuthokaké marang Allah, sejatiné nyekuthokaké (Allah) iku yekti kaningaya kang gedhé.” (QS. Luqman [31]:13).
Ugi dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
إِنَّ اللّهَ لاَ يَغْفِرُ أَن يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَلِكَ لِمَن يَشَاء وَمَن يُشْرِكْ بِاللّهِ فَقَدِ افْتَرَى إِثْمًا عَظِيمًا. ( النساء ٤٨ )
“Satemené Allah kuwi ora bakal paring pangapura marang dosa syirik, lan Panjenengané kersa paring pangapura marang saliyané (syirik) kuwi, tumrap sapa wahé kang dikersakaké. Sing sapa wahé kang nyekuthokaké Allah, temtu dhèwèké wus nglakoni dosa kang gedhé banget.” (QS. An-Nisa [4]:48).
Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam ugi paring dhawuh:
أَعْظَمُ الذَّنْبِ أَنْ تَجْعَلَ لِلَّهِ نِدًّا وَهُوَ خَلَقَكَ.
“Dosa kang gedhé banget, yaiku sliramu ndadèkakè sekutu tumrapé Allah, ing mangka Allah kang wus nyiptakaké sira.” (HR. Bukhari).
Dhawuhipun Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam ugi:
مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَدْعُوْا مِنْ دُوْنِ اللهِ نِدًّا دَخَلَ النَّارِ.
“Sing sapa wongé mati, kamangka dhèwèké ngibadah marang saliyané Allah, mangka wong mau bakal mlebu ing neraka.” (HR. Bukhari).
Para sedhèrèk Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi adhedhasar katerangan ayat lan hadits kasebat ing nginggil kala wau Allah Subhanahu wa Ta’ala handhawuhaken supados ngibadah dhumateng Panjenenganipun lan ngawisi tumindak ingkang nyekuthokaken samukawis barang dhumateng Panjenenganipun (syirik). Punika ngemu suraos  awujud dhawuh supados anggènipun ngibadah punika hanamung dhumateng Panjenenganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kémawon.
Sintena tiyang  anggènipun ngibadah boten katujokaken dhumateng Panjenganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, pramila piyambakipun punika kalebet tiyang kafir lan tiyang ingkang gumedhé (sombong). Lan sintena tiyang ingkang ngibadah dhumateng Allah ugi manembah dhumateng sanèsipun Allah, pramila tiyang kasebat kalebet tiyang kafir lan musyrik. Wondéné tiyang ingkang ngibadah namung dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kémawon, pramila piyambakipun kawastanan muslim ingkang mukhlis.
Tiyang gesang punika kedah waspada lan ngatos-atos  dhumateng tumindak syirik.
Allah Subhanahu wa Ta’ala hangambali ngèngetaken lumantar dhawuhipun:
إِنَّ اللهَ لاَ يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ ... . ( النساء ٤٨ ) .
“Satemené Allah kuwi ora bakal paring pangapura marang dosa syirik.” (QS. An-Nisa [4]:48).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Gegayutan kaliyan tauhid punika tiyang-tiyang musyrik klèntu lan kasasar anggènipun ngibadah, pramila lajeng dipunperangi déning Kanjeng Nabi; bandha, griya, rahipun, lan penawanan  putra saha garwanipun dipunhalalaken. Awit saking punika dakwah ingkang dipunparingaken déning para utusanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng piyambakipun, kathah-kathahipun inggih magayutan kaliyan tauhid uluhiyah.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
 وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولًا أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوتَ ۖ فَمِنْهُمْ مَنْ هَدَى اللَّهُ وَمِنْهُمْ مَنْ حَقَّتْ عَلَيْهِ الضَّلَالَةُ ۚ فَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ
“Lan sejatiné Ingsun wis ngutus rasul marang saben-saben umat (supaya ngundhangaké): “Manembaha sira kabèh marang Allah, lan ngedohana Thaghut, mangka ana sadhéngah umat iku uwong-uwong kang diwènèhi pituduh déning Allah lan ana uga sadhéngah uwong-uwong kang wis pesthi kesasar kanggoné dhèwèké. Mula padha mlakuwa sira kabèh ing lumahing bumi lan sawangen kepriyé pungkasané wong-wong kang padha nggorohaké (para utusan).” (QS. An-Nahl [16]:36).
Para Sedhèrèk Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Tauhid punika mujudaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang agung sanget, jalaran tauhid mujudaken fondasi papan panggénan sedaya syari’at agami Islam. Awit saking punika, Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam anggènipun hamiwiti dakwahipun inggih kanthi tauhid lan anggènipun dhawuh dhumateng para utusan ingkang dipunutus anggènipun miwiti dhakwah inggih kanthi tauhid.
Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah paring pitulungan dhumateng kita sedaya saged gegodhélan tauhid kanthi teguh, inggih dhumateng tauhid ingkang leres boten nyembah lan ngibadah kajawi namung dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
-=(hms, 040916, 17.06)=-

No comments:

Post a Comment