السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا
لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ
بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ
الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah
Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan
ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala
ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga ing
wekdal punika kita saged kempal manunggal
wonten ing Baitullah punika kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Kalebet wujud syukur kita dhumateng Allah
Subhanahu wa Ta’ala punika sumangga kita nambahi kualitas iman lan taqwa kita
dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi taqwa ingkang saleres-leresipun
wonten ing sadhéngah papan lan kawontenan punapa kémawon.
Salajengipun sumangga kita handedonga
dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah
dipunparingaken dhumateng junjungan kita
Nabi agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap
kita.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken
Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kathah katerangan
Al-Qur’an lan Al-Hadits ingkang nyebataken kewajiban dakwah tumrap tiyang
Muslim dhumateng tiyang Muslim sanèsipun. Makaten, manawi tiyang Islam
sasampunipun mangertosi agami, pramila wajib piyambakipun maringi pirsa lan
Dakwah dhumateng sedhèrèk Islam sanèsipun miturut kesanggupanipun lan saukur
kaliyan pangertosanipun. Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
وَالْمُؤْمِنُونَ
وَالْمُؤْمِنَاتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ
وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَيُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ
وَيُطِيعُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚأُولَٰئِكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللَّهُ ۗإِنَّ
اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ
“Ana déné para wong kang padha
Mukmin priya lan wanita iku sawenèh marang sawenèhé padha tulung tinulung sih
sinihan, dhèwèké padha mréntah tumindak becik, lan padha nyegah laku ala, lan
padha ngedegaké shalat sarta padha awèh zakat, apa déné padha hangéstokaké
dhawuhing Allah lan Utusan-É. Wong kang mangkono iku bakal padha kaparingan sih
rahmating Allah, sanyata Allah iku Maha Mulya sarta Maha Wicaksana”. (QS.
At-Taubat [9]:71).
Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam ngendika:
عَنْ أَبِي سَعِيْد الْخُدْرِي رَضِيَ
اللهُ عَنْهُ قَالَ : سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صلى الله عليه وسلم يَقُوْلُ : مَنْ
رَأَى مِنْكُمْ مُنْكَراً فَلْيُغَيِّرْهُ بِيَدِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ
فَبِلِسَانِهِ، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَبِقَلْبِهِ وَذَلِكَ أَضْعَفُ
اْلإِيْمَانِ. (رواه مسلم)
“Hadits saka Abu Sa’id Al-Khudri ra. nuturaké, “Aku wus krungu
Rasululullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: “Sapa kang weruh kamungkaran mula
owahana kanthi tanganmu, lamun ora kuwasa mula owahana kanthi lisané, lamun ora
kuwasa mula owahana (tolaken) kanthi
atiné lan kaya mengkono iku kalebu saapes-apesing iman”. (HR. Muslim).
Hadits sanès ingkang
nunggal makna, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
بَلِّغُوا
عَنِّى وَلَوْ آيَة
“Padha tekakna sira kabèh
saka ingsun sanajan mung saayat (Al-Qur’an)”. (HR. Bukhari saka Abdullah bin
Umar).
Hadirin
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Tiyang punika pancèn
papan panggènanipun supé lan lepat, sahingga wajar lan sampun limrah manawi
tiyang punika tumindak ingkang nalingsir saking tuntunan agami, sahé amargi
khilaf utawi amargi boten kiyat meper
dayaning hawa nefsu. Inggih wonten ing kawontenan punika pepémut lan
naséhat saking sesami Muslim sanget dipunbetahaken.
Awit saking punika,
minangka tiyang Islam ingkang Iman wajib sesarengan ngémutaken antawisipun
satunggal lan satunggalipun inggih punika kanthi Dakwah. Dakwah punika èstunipun
mujudaken kaca/cermin ukuran kawigatosanipun satunggalipun tiyang Islam
dhumateng Muslim sanèsipun, malah kapara dhumateng sedaya tiyang.
Dakwah punika mujudaken
gerakan ingkang lumintu teras boten kénging mandheg kanggé ngéwahi tiyang arupi;
pikiran lan solah bawa, pangandikan saking jahiliyah dhateng Islam, utawi
saking ingkang sampun Islam supados dados tiyang Islam ingkang paripurna,
sahingga ngantos dados satunggalipun masyarakat ingkang Islami.
Hadirin
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kanthi katerangan
ringkes gegayutan kaliyan dakwah kasebat, pramila dakwah punika nggadhahi tujuwan
ingkang luhur lan mulya, lan ing antawisipun tujuwan punika:
1)
Nyuwijèkaken (Tauhidaken) Allah Subhanahu wa Ta’ala;
Tiyang
ingkang nggadhahi tauhid artosipun tiyang ingkang sampun beneraken kanthi leres,
mesthi lan yakin dhateng wontenipun Allah, sifat lan asma-asmanipun, saha saged
dadosaken tiyang iman dhateng Malaikat, Kitab, Rasul, Dinten Akhir lan Qadha’
Qadaripun Allah.
Dakwah punika
tujuwan pokokipun supados tiyang kiat lan kukuh aqidahipun.
2)
Dadosaken agama Islam
minangka paugeranipun tiyang gesang;
Misi Islam
punika ngajak dhumateng sadaya tiyang nyuwijèkaken Allah lan dadosaken Islam
minangka rahmat dhateng sadaya alam. Iman dhateng Allah boten namung pitados
dhateng wujud utawi wontenipun Allah, hananging kedah dipunsarani kanthi
kapitadosan dhateng sadaya hukum lan syari’atipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Manawi Rasulullah shallahu ‘alaihi wasallam punika kadhawuhan bekta rahmat,
pramila rahmat kasebat sampun saged dipunraosaken déning sadaya masyarakat
manawi syari’at Allah sampun katindakaken wonten ing gesangipun masyarakat.
Inggih wonten ing mriki punika rahmat ingkang dipunjanjékaken Islam badhé
kawujud.
3)
Nyuprih ridhanipun Allah
Subhanahu wa Ta’ala.
Nyuprih
ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala punika mujudaken tujuwan ingkang langkung
utami, jalaran Dakwah kalebet salah satunggalipun ibadah. Minangka ibadah,
dakwah kedah dipuntindakaken ugi kanthi ikhlas (khalisan) lan dipuntindakaken
kanthi leres (shawaban).
Para da’i lan
kalebet para Nabi kathah ingkang boten hasil ngajak nyuwijèkaken lan nauhidaken
anak lan garwanipun utawi kaluwarganipun punika boten ateges gagal anggènipun
dakwah, jalaran dakwahipun In sya Allah tetep kémawon dipun-ganjar Allah
minangka amal shalih.
Awit saking
punika kedah tetep dados tujwuan utami (prioritas) kanthi cara nindakaken dakwah
jumbuh kaliyan tuntunan agami lan dipuntindakaken kanthi ikhlas hanamung pados
ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Dakwah pancèn kedah
dipuntindakaken sadaya tiyang Islam jumbuh kaliyan wekdal lan kamampuanipun
amrih sadaya tiyang saged wangsul lan tetep nyuwijèkaken dhateng Allah Subhanahu
wa Ta’ala, syari’at agami Islam saged dipunagem lan dipuntindakaken sedaya
tiyang. Ing pangajab para tiyang tansah pikantuk rahmatipun Allah Subhanahu wa
Ta’ala, gesang mulya ing donya lan ing akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ
كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 131217, 11.29)=-
No comments:
Post a Comment