Sunday, March 11, 2018

AKIBAT BANDHA HARAM TUMRAP PRIBADI



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga kula dhèrèkaken sesarengan ngaturaken puji lan syukur dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat dhumateng kita sadaya, sahingga kita ing wekdal punika  saged kempal manunggal wonten ing  Baitullah punika  kanggé nindakaken shalat Jama’ah Jum’ah.
Salajengipun sumangga kita handedonga dhumateng Allah SwT. , mugi-mugi shalawat lan salam tansah dipunparingaken  dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang sadaya tindak tandukipun dados tuladha tumrap kita.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Bandha haram punika saged ndhatengaken pangaribawa utawi dhampak ingkang awon tumrap pribadhi lan umat.
Ingkang kawastanan bandha haram inggih punika saben-saben bandha ingkang mujudaken pikolèh saking margi ingkang dipun-awisi déning syari’at.
Ing zaman modern punika tiyang gesang dipuntuntut numpuk-numpuk lan ngumpulaken bandha ingkang layak lan tenang kanggé ngadhepi wekdal ingkang badhé dumugi samangké lan khususipun kanggé putra-putra wayahipun.
Wonten ing wekdal punika tiyang sampun boten menggalih malih saking pundi  pikolèhipun bandha punika,  pikolèh saking margi ingkang halal punapa saking margi ingkang haram.
Rasulullah salallahu ‘alaihi wasalam ngendika:
لَيَأْتِيَنَّ عَلَى النَّاسِ زَمَانٌ, لاَيُبَالِي الْمَرْءُ بِمَا أَخَذَّ الْمَالُ, أَمِنْ حَلاَلِ أَمْ مِنْ حَرَمٍ.
“Bakal tumeka suwijining mangsa, wong-wong ora pedhuli sangka ngendi bandha kuwi dihasilaké, apa saka  dalan kang halal utawa saka dalan kang haram”. (HR. Bukhari).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Gegayutan kaliyan babagan punika tiyang-tiyang kasebat dipunpérang dados 2 (kalih) pérangan, inggih punika:
1.      Sapérangan tiyang ingkang boten peduli menggalihaken kaidah Rabbani anggènipun ngupados bandha. Pérangan utawi golongan punika dipundhawuhi niti prika akidhah piyambakipun. Golongan utawi kelompok punika sampun handadosaken dinar lan dirham minangka sesembahanipun saha boten hanggatosaken aturanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
2.      Sapérangan malih, inggih punika tiyang ngkang taksih hanggadhahi dhamir (manah) ingkang peka, hananging amargi wiwit alitanipun boten naté mangertosi lan nyinahu agami utaminipun babagan mu’amalat. Pramila pérangan punika inggih lajeng nerak paugeran syari’at agami anggénipun ngumpulaken bandha.
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Bandha haram ingkang dipunhasilaken déning tiyang-tiyang kasebat badhé handhatengaken akibat ingkang awon dhumateng tiyang ingkang nglampahi mliginipun lan tiyang sanès umumipun. Akibat awon kasebat saged dipunandharaken makaten:
1.      Dhahar lan hangginakaken bandha haram punika kalebet nggorohaken Allah Subhanahu wa Ta’ala saha dhèrèk lampahipun syéthan.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ كُلُوا مِمَّا فِي الْأَرْضِ حَلَالًا طَيِّبًا وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ

“Hé para manungsa! Padha mangana sira kabèh saking sadhéngah apa kang ana ing bumi, kang halal tur bagus; lan sira kabèh aja padha manut langkah-langkah syéthan; sebab syéthan iku musuh kang wus jelas kanggoné sira kabèh.” (QS. Al-Baqarah [2]:168)
Sasampunipun Allah Subhanahu wa Ta’ala handhawuhaken dhumateng sedaya tiyang supados pados bandha kanthi margi ingkang halal, salajengipun khusus Allah dhawuh dhumateng para rasul supados dhahar lan hangginakaken  bandha ingkang halal kémawon.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
يَا أَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوا مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَاعْمَلُوا صَالِحًا ۖإِنِّي بِمَا تَعْمَلُونَ عَلِيمٌ
“Hé rasul-rasul, padha mangana sira kabèh panganan kang apik-apik lan padha ngamala sira kabèh kanthi ngamal kang shalèh. Sejatiné ingsun iku Mirsani apa kabèh kang sira lakoni.” (QS. Al-Mukminun [23]:51).
Dhahar saha hangginakaken bandha haram punika dados ciri lan tandhanipun tiyang Yahudi ingkang dipunabadhèkaken Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an Al-Karim.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

وَتَرَى كَثِيرًا مِنْهُمْ يُسَارِعُونَ فِي الإثْمِ وَالْعُدْوَانِ وَأَكْلِهِمُ السُّحْتَ لَبِئْسَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
“Lan seliramu bakal mirsani yèn akèh-akèhé wong (Yahudi) mau padha gegancangan nglakoni dosa, agawé sesatron lan padha mangan barang haram. Saktemené ala banget sekabèhing perkara kang padha dilakoni.” (QS. Al-Maidah [5]:62).
3.      Dhahar saha hangginakaken bandha haram mujudaken petaka ingkang sanget awon saha hanggegirisi kanggé tiyang ingkang saben-saben wekdal dhahar lan nglebetaken wonten ing padharanipun bandha ingkang haram.
Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam dhawuh:
يَا كَعْبَ بْنَ عُجْرَةَ, إِنَّهُ لاَ يَرْبُوْ لَحْمٌ نَبَتَ مِنْ سُحْتٍ إِلاَّ كَانَتِ النَّارُ أَوْلَى بِهِ.
“Hai Ka’ab bin Ujrah, satemené ora bakal thukul saben-saben daging kang diwènèhi asupan panganan kang haram kajaba neraka kang handuwèni hak ngobong.” (HR. Ahmad  lan Turmudzi).
4.      Dhahar saha hangginakaken bandha haram donganipun boten dipunijabahi Allah Subhanahu wa Ta’ala. Donga mujudaken inti ibadah shalat. Pramila manawi donga dipuntolak dipunkhwatiraken shalatipun tiyang ingkang dhahar bandha haram inggih badhé dipuntolak.
Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam dhawuh:
لاَ يَقْبَلُ اللهَ صَلاَةَ إمْرِئٍ فِيْ جَوْفَيْهِ حَرَامٌ.
“Allah ora bakal nampa shalat sawijining wong kang ing jero wetengé ana panganan haram.” (Hadits saka Ibnu Abba ra.).
5.      Bandha haram punika hanjalari saha handadosaken tumindak ino, tumindak nistho, saha handadosaken umat Islam wekdal samangké mundur.
Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam dhawuh:
إِذَا تبَايَعْتُمْ بِالْعِنَةِ, وَأَخَذْتُمْ أَذْنَبَ الْبَقَرِ, وَرَضِيْتُمْ بِالزَّرْعِ, وَتَرَكْتُمُ الْجِهَادَ, سَلَّطَ اللهُ عَلَيْكُمْ ذُلاًّ لاَ يَنْزِعُهُ حَتَّى تَرْجِعُوْا إِلَى دِنِكُمْ.
“Lamun sira nglakoni transaksi ribawi, manut lan tundhuk  karo bandha, ngagungaké tetanduran lan ninggalaké jihad, mula Allah Subhanahu wa Ta’ala bakal nurunaké kehinaan kang ora adoh saka sira nganti sira kabèh bali marang pranatan syari’at Allah Subhanahu wa Ta’ala.” (HR. Abu Daud).
6.      Bandha haram ingkang merajaléla perlambang azab badhé dumugi lan badhé hangrisak masyarakat ing pundi bandha haram punika wonten.
Rasulullah salallahu ‘alaihi wa salam dhawuh:
إِذَا ظَهَرَ الزِّنَا وَالرِّبَا فِيْ قَرْيَةٍ, فَقَدْ أَحَلُّوْا بِأَنْفُسِهِمْ عَذَابَ اللهِ.
“Lamun perzinahan lan riba meraléla ana sawijining kampung, temen dhèwèké wis ngundang azab tumrap dhèwèké.” (HR. Al-Hakim).
Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Mekaten pangaribawanipun utawi dhampak lan akibatipun badha haram punika tumrap tiyang ingkang dhahar lan ngginakaken bandha haram, badhé ndrawasi sanget sahé tumrap pribadhi lan umat.
Awit saking punika sumangga kita ingkang waspada anggèn kita ngupados bandha, amrih wilujeng lan dipuntebihaken saking rubèda.
Kita makarya saha nyambut damel ingkang sregeb, setiti ngati ati, saha nggatosaken perkawis ingkang halal lan harom.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 090916, 13.34)=-



No comments:

Post a Comment