Sunday, March 11, 2018

ANGGAYUH SUWARGA LUMANTAR AMALAN TAQWA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدَ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَلِيُّ الصَّالِحِينَ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا خَاتَمُ الأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِيْ تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.  أَمَّا بَعْدُ:

Ma’asyiral Muslimin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah;

Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah SwT., Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kurebing langit.

Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad saw., kulawarga lan para shahabatipun, sumrambah dhumateng kita sedaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Suwarga punika dipuncawisaken kanggé tiyang ingkang taqwa, lan piyambakipun punika ingkang dados penghuninipun. Salajengipun Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi sifat tiyang ingkang taqwa lan amalanipun kasebat wonten ing Al-Qur’an Al-‘Adhim surat Ali Imran [3] ayat 133-134, makaten:

وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ (133)
الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ (134)
“Lan padha énggal-énggala sira kabèh (luruwa) marang pangampunan saka Pangéranira kabèh lan (luruwa) marang suwarga kang ambané iku kaya ambané langit lan bumi kang kacawisaké kanggo wong-wong kang padha taqwa, [133]. (hiya iku) wong-wong kang nginfakaké (bandhané), padha uga ing wektu kajembaran utawa ing wektu karupekan, lan wong-wong kang nesuné, lan wong-wong kang mènèhi pangapura (kaluputané liyan). Allah seneng marang wong-wong kang agawé kabecikan.[134]”
Ayat kasebat ing nginggil paring pangertosan dhumateng kita gegayutan kaliyan amalan-amalanipun tiyang taqwa, inggih punika:
1.      { الذين ينفقون في السراء والضراء } = Dhemen infaq,
Inggih punika tiyang-tiyang ingkang kathah anggènipun ngedalaken infaq, sahé wonten ing wekdal susah manahipun utawi seneng, gampil lan angèl, longgar lan rupek, sehat lan sakit, lan wonten ing sadaya kawontenan punapa kémawon. Manawi wonten ing kawontenan gampil lan pinaringan rizki ingkang langkung piyambakipun infaq, semanten ugi wonten ing wekdal rupak (susah), piyambakipun tetep infaq sanajan namung sakedhik.
2.      { والكاظمين الغيظ } = Ngempet amarah,
Inggih tiyang ingkang taqwa punika tiyang ingkang saged ngempet amarah. Manawi wonten ingkang damel sakit, limrahipun tiyang, salebetipun manah badhé ndhongkol, lan badhé males kanti pangucap lan tumindak. Punika limrahipun tiyang ingkang dipunsakiti. Hananging tiyang taqwa ingkang dipun janjèkaken badhé mlebet suwarga déning Allah SwT. badhé ngempet manahipun saking amarah, hambudidaya amrih sabar sanajan sampun dipundamel sakit. Rasulullah saw, paring dhawuh:
الغَضَبُ يَجْمَعُ الشَّرَّ كُلَّهُ
“Amarah  iku bakal ngumpulaké sakabèhing tumindak kang ala.” (HR. Ahmad).
3.      { والعافين عن الناس } = Ngapura kapulutané liyan.
Kalebet maringi pangapunten dhateng tiyang sanès inggih punika maringi pangapunten dhumateng sedaya tiyang ingkang sampun damel sakit sahé kanti tumindak lan pangucap.
Maringi pangapunten dhumateng tiyang sanès punika langkung utami katimbang ngempet amarah, jalaran paring pangapunten dhumateng tiyang sanès punika tegesipun boten mbales dhendham dhateng tiyang ingkang damel sakit lan nglonggaraken manah dhumateng piyambakipun. Allah SwT. paring dhawuh:
فَمَنْ عَفَا وَأَصْلَحَ فَأَجْرُهُ عَلَى اللَّهِ
”Mula sing sapa wongé awèh pangapura (maaf) lan tumindak becik, mula ganjaranè dén tanggung déning Allah.” (QS. Asyura [42] : 40).
Rasulullah saw. sampun paring pangadika:
ثلاث أُقْسِمُ عليهن: ما نقص مال من صدقة، وما زاد الله عبدا بعفو إلا عِزا، ومن تواضع لله
 رفعه الله
“Telung perkara kang Allah sumpah marang perkara kang telu iku: [1]. Bandha ora bakal suda kanti shadaqah, [2]. Allah ora bakal nambah marang wong kang mènèhi pangapura kajaba kamulyan, [3]. Lan sapa wongé kang tawadhu’ (andhap asor) karana Allah Ta’ala, mula Allah Ta’ala bakal ngangkat derajaté wong mau.” (HR. Tirmidzi).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Mugi-mugi kita tansah dipunparingi sifat taqwa déning Allah Subhanahu wa Ta’ala. Sawenèhing sifat wujudipun taqwa punika hanjagi shalat gangsal wekdal ingkang Allah Ta’ala pancèn sampun dhawuh dhumateng kita. Allah Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an Al-‘Adhim:
حَافِظُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَالصَّلَاةِ الْوُسْطَى
“Padha ngreksaha sekabèhé shalat (ira), lan (ngreksaha) shalat wustha (shalat ‘Ashar utawa Shubuh).” (QS. Al Baqarah [2] : 238).
Lan Allah Ta’ala ngawisi ugi dhumateng kita nilar perkawis ingkang agung punika, jalaran amalan shalat punika amalan ingkang kawitan badhé dipunhisab (dipunétang) wonten ing dinten Qiamat bénjang. Rasulullah saw. sampun naté ngendika:
أَوَّلُ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ الصَّلَاةُ وَأَوَّلُ مَا يُقْضَى بَيْنَ النَّاسِ فِي الدِّمَاءِ
“Amalan kang kawitan bakal dèn hisab sawijinéng kawula yaiku shalat. Lan perkara kang kawitan dèn putuské yaiku urusan getih.”  (HR. An-Nasa’i lan Ath-Thobroni).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Awit saking punika sampun ngantos nganggep ènthèng babagan shalat punika, lan poma dipoma sampun ngantos nilaraken shalat. Rasulullah saw. ugi sampun dhawuh:
إِنَّ بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكَ الصَّلاَةِ
“Satemené kang hambédakaké antarané wong muslim kelawan kesyirikan lan kekafiran yaiku babagan ninggal shalat.” (HR. Muslim).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah;

Sumangga kita amalaken sapérangan sifatipun tiyang ingkang taqwa; remen infaq, ngempet amarah, lan kersa paring pangapunten dhumateng tiyang ingkang damel sakit, saha Allah tresna dhumateng tiyang ingkang tansah tumindak ing kesaénan. Sesarengan rahmatipun Allah SwT. mugi kita dipunlebetaken dhateng suwarganipun Allah ‘Azza wa Jalla. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 170716, 17.35)=-

No comments:

Post a Comment