Sunday, March 11, 2018

HANGGINAKAKEN WEKDAL GESANG KANTHI LELAMBARAN AL-QUR’AN



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ للَّهِ حَقَّ حَمْدِهِ, وَالسُّكْرُ لِلَّهِ حَقَّ شُكْرِهِ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, , وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَنَيِيَّ يَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ, وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَهُ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Jum’ah rahimani wa rahimakkmullah,
Alhamdulillah, puji lan syukur kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang Nyipta, Ngreksa lan Ngatur dhumateng sadaya alam, kanthi qadrat-Ipun ingkang Maha Agung, ngerèh punapa kémawon dhumateng sadaya makhluk wonten ing lumahing bumi lan kureping langit.

Salam lan shalawat mugi tansah lumèbèr dhumateng junjungan lan panutan kita  Nabi Muhammad salallahu ‘alaihi wasalam, kulawarga lan para shahabatipun, sumrambah dhumateng kita sadaya, amin.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Saben lembar panggesangan mesthi dipunisi kanthi kalih perkawis, inggih punika perkawis donya lan perkawis akhirat. Semanten ugi kabegjan punika inggih wonten kalih perkawis; inggih punika begja mulya ing donya lan begja mulya ing akhirat.
Sintena kémawon mesthi tansah kepéngin gesang begja mulya tetep wonten ing manahipun. Jama’ah Jum’ah rahimakukmullah;
Kepingin gesang begja mulya punika boten gampil lan boten gratis. Hananging kedah nyambut damel ingkang saèstu, lan kedah ngginakaken akal fikiran kanthi maksimal.
Manawi tiyang gesang boten sregeb nyambut damel temtu badhé gesang sarwo kekirangan, miskin, lan sangsara.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Riwayat gesang tiyang punika sanget winates. Ajal lan wates wekdal tiyang gesang ngraosaken kenikmatan donya tansah nglirak-nglirik kepéngin sandhing lan cinaketan. Lan sadaya ngamal wonten ing donya kedah dipuntanggeljawabaken wonten ing ngarsanipun Allah Pangèran ingkang Nguwaosi sedaya alam punika. Lan inggih wonten ing wekdal punika badhé saged mriksani kasunyatanipun begja punapa cilaka.
Manawi begja tiyang badhé tambah kabegjanipun, arupi kanikmatan lan rahmat wujudipun suwarga. Hananging manawi boten begja, gesangipun tiyang badhé keduwung, kapitunan lan boten wonten gina lan manfaatipun.
Awit saking punika gesang ingkang sarwa ringkes wekdalipun punika kedah dipunkelola kanthi managemen inkang sahé jumbuh kaliyan pitedahipun ingkang sampun dipun-garisaken déning Allah Subhanahu wa Ta’ala, sahingga kita tansah pikantuk rahmatipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Nikmat ing donya punika sanget winates, hananging sanget wigatos minangka modal pokok kanggé gesang ing akhirat. Lan kabegjan akhirat punika dados tujuwan ingkang utami.
Kanggé mujudaken kabegjan akhirat punika tiyang kedah pinter-pinter ngelola gesangipun kanthi lelambaran pitedahipun Al-Qur’an, jalaran ing Al-Qur’an wonten ajaran lan pitedah kados pundi caranipun saged gesang ing akhirat kanthi begja mulya tanpa kekirangan. Kanthi atur ingkang ringkes, bilih kita kedah sinau, ngamalaken lan ngelola wekdal gesang ingkang Qur’ani. Sadaya tindak tanduk tatakelola panggesangan kedah jumbuh kaliyan pitedah Al-Qur’an minangka pratandha keimanan kita kiat lan kukuh.

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Ngupados gesang Qur’ani punika pancén kedah dipunwuudaken amrih gesang kita bénjang ing akhirat boten rugi lan kapitunan. Hananging pancén kedah saged ngelola wekdal gesang kanthi sistimatik lan antisipatif sacara Qur’ani minangka cara ingkang pas lan migunani ngirangi resiko ingkang badhé kadadosan.
Émanipun wekdal ingkang  badhé dumados punika boten wonten satunggal tiyang kémawon ingkang mangertosi, hanamanung Allah Pangéran piyambak Dzat ingkang Maha Mangertosi wekdal ingkang badhé dumugi. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

إِنَّ اللَّهَ عِنْدَهُ عِلْمُ السَّاعَةِ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَ وَيَعْلَمُ مَا فِي الْأَرْحَامِ ۖوَمَا تَدْرِي نَفْسٌ مَاذَا تَكْسِبُ غَدًا ۖوَمَا تَدْرِي نَفْسٌ بِأَيِّ أَرْضٍ تَمُوتُ ۚإِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ

"Sanyata mung Allah piyambak kang Kagungan ‘ilmuné dina Qiyamat, lan Panjenenga-Né kang nurunaké udan sarta Panjenenga-Né Nguningani apa kang ana ing pranakaaning wong wadon. Lan sawijining badan ora sumurup apa kang bakal dilakoni sésuk, lan sawijining badan ora sumurup ana ing Bumi ngendi dhèwèké bakal mati. Sanyata Allah iku Uninga (Mirsani), tur Maha Nupiksa (Waspada)”. (QS. Luqman [31]:34).
Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Sumangga kita dhèrèkaken sesarengan ngelola wekdal gesang kita kanthi piwucal Al-Qur’an amrih gesang kita boten kaduwung ing tembé wingkingipun.
Wiwit mangkat tilem, wungu tilem, nyambut damel punapa kémawon  kanthi lelambaran pitedah Al-Qur’an.
Kita makarya punapa kémawon namung kanggé ngisi nengga wekdal shalat / meeting dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Lan poma dipoma kita nindakaken shalat boten namung hangginakaken wekdal tirahan kémawon.
Kita ngadeg, kita ndhodhok (lungguh), kita mlampah, kita tilem miring lan mlumah tetep lelambaran Al-Qur’an, dzikir lan tansah émut dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kita dhahar lan ngunjuk manut lan miturut tuntunan Al-Qur’an.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُلُوا مِنْ طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ وَاشْكُرُوا لِلَّهِ إِنْ كُنْتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ
“Hé para Mukmin, padha mangana ing rizki kang becik-becik kang ingsun paringaké marang sira, sarta padha syukura marang Allah, manawa nyata sira iku padha nyembah marang Panjenegan-Né.” (QS. Al-Baqarah [2]:172).

Ayat sanès ingkang nunggal makna, Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
فَإِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلَاةَ فَاذْكُرُوا اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِكُمْ ۚ فَإِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۚ إِنَّ الصَّلَاةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ كِتَابًا مَوْقُوتًا
“Manawa sira wus padha rampung shalat, nuli padha élinga ing Allah, kalawan ngadeg lan lungguh sarta teturon miring. Ing mangka manawa sira wus padha tentrem kahanané, supaya sira nindakaké shalat kaya adaté, jalaran shalat iku tumraping wong Mukmin dadi kuwajiban kang katamtokaké wayahé.” (QS. An-Nisa [4]:103).

Ma’asyiral Muslimin rahimani wa rahimakumullah;
Ing wusana sumangga kita tansah nyenyuwun dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi kita tansah pinaringan hidayah lan taufiq, sahingga kita saged hangginakaken wekdal gesang ing donya punika kanthi lelambaran Al-Qur’an.
Lan sumangga kita gesang ingkang Qur’ani, amrih gesang kita boten tuna lan kapitunan.  Ing wasana mugi gesang kita tansah pinaringan begja mulya, ayem tentrem donya lan akhiratipun.
Amin yaa Rabbal ‘Alamin.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,
 وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 121217, 18. 25)=-

No comments:

Post a Comment