السلام
عليكم ورحمة الله وبركته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
قَالَ
اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا
النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً
وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ
عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ
وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ
ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا
بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ
مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا
وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي
النَّارِ.
Para sadhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Puji syukur tansah kita aturaken dhumateng Allah SwT. ingkang Maha Mirsani
sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang lepas
saking pamirsanipun Allah SwT. dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan
ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng
junjungan kita Rasulullah saw. ingkang sampun maringi tuntunan gesang, tuladha
ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Para sadhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Anuju
satunggaling dinten Atha’ As-Salami, panjenengapunipun punika kalebet shahabat
Tabi’in ingkang hanggadhahi seja badhé sadé kain ingkang sampun dipuntenun.
Sasampunipun dipuntingali déning satunggalipun saudagar kain, Sang saudagar
kain lajeng paring pangandikan dhumateng Atha’. Makaten atur pangandikanipun: “Dhuh
Atha’, sajatiné kain tenunmu iki lumayan apik, nanging éman banget ana ciriné, mula
yèn aku dikon tuku ora bisa.”
Atha’
sasampunipun mirengaken atur pangandikanipun Sang Saudagar kalawau lajeng kèndel
sawatawis mengnggalih lan lajeng muwun. Mirsani Atha’ muwun, Sang Saudagar
lajeng ngendika malih: “Atha’ shahabatku! Aturku marang sliramu iku kanthi atur
kang samesthiné, Pancèn kainmu iku ana cacaté handadèkaké aku ora bisa nuku.
Nanging manawa tangismu iku jalaran kain kang ciri iku, aku tetep bisa nuku
kanti rega kang murwat.”
Midhanget atur pangandikanipun Sang Saudhagar kalawau
Atha’ lajeng matur: “Dhuh shahabat kula! Panjenengan kinten manawi anggèn kula
nangis punika jalaran kain ingkang ciri punika?. Nyaosi priksa bilih anggèn
kula nangis boten jalaran kain punika. Kula nangis jalaran kula kinten kain
ingkang kula damel pinten-pinten wulan punika boten wonten cirinipun, hananging
wonten ing ngarsa panjenengan minangka ahlinipun kasunyatanipun taksih wonten ciri
lan cacatipun.”
“Makaten kula
nangis wonten ngarsanipun Allah Ta’ala jalaran kula kinten amal ibadah kula
ingkang sampun kula lampahi salami matahun-tahun punika wonten cacatipun, mokal
wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala minangka ahlinipun wonten
cacatipun, punika ingkang hanjalari kula punika lajeng nangis.”
Para sadhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kisah kasebat
ing nginggil mujudaken tadabur saking dhawuhipun Allah SwT.:
هَلْ
أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ (١) وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ (٢) عَامِلَةٌ
نَّاصِبَةٌ (٣) تَصْلَىٰ نَارًا حَامِيَةً (٤)
“Apa wus teka marang sira
kabar (ngenani) dinané nampa piwales? [1]. Rahi-rahiné (wong-wong) akèh ing
dina iku padha dhingkluk ina [2]. Banget kangélan lan payah,[3]. Padha
kacemplung geni kang banget panasé (neraka) [4]. (QS. Al-Ghasyiyah [88]:
1-4).
Para sedhèrèk
ingkang kula hormati lan ingkang tansah dipunrahmati Allah Ta’ala,
Kénging punapa
piyambakipun wonten ing Neraka?. Piyambakipun sregep ngibadah, namung kémawon sadaya
muspra tanpa gina, malah kepara jalari mlebet Neraka. Punapa Allah Ta’ala dlalimi
piyambakipun?. Temtu kémawon boten jalaran Allah Ta’ala boten naté dlalimi dhateng
kawulanipun. Allah Ta’ala ngaramaken dhateng pribadinipun dlalimi dhumateng
kawulanipun. Lajeng punapa sebabipun?. Sebabipun, piyambakipun salah anggènipun
ngibadah manembah dhumateng Allah Ta’ala.
Piyambakipun nyambut damel ing alam donya, nanging nindakaken damelan maksiat
lan sedaya damelan ingkang Allah boten ridha, sahingga pungkasanipun
dipunlebetaken ing Neraka ingkang latunipun mulat-mulat, mbakar lan musnahaken.
Ing alam donya
punika, kathah tiyang ingkang nyambut damel lan ngibadah kanti susah payah
ngupados ganjaran, hananging kanthi keyakinan lan kapitadosan ingkang sasar,
ngibadah kanthi cara ingkang lepat, nyambut damel kanthingaya, nanging
pungkasipun mlebet Neraka. Piyambakipun boten marem dhateng dhawuhipun Allah
SwT. lumantar Rasul-Ipun, lajeng damel tata cara ingkang cengkah lan bènten
kaliyan Al-Qur’an lan As-Sunnah. Kasunyatanipun taksih kathah tiyang Islam
ingkang salah mahami agami Islam. Allah SwT. dhawuh:
قُلْ
هَلْ نُنَبِّئُكُمْ بِالْأَخْسَرِينَ أَعْمَالًا,(103) الَّذِينَ ضَلَّ سَعْيُهُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا
وَهُمْ يَحْسَبُونَ أَنَّهُمْ يُحْسِنُونَ صُنْعًا,(104) أُولَئِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ
وَلِقَائِهِ فَحَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فَلَا نُقِيمُ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ
وَزْنًا.(105).
“Dhawuha sira!: “Apa toh bakal
Ingsun paring pangertèn marang sira ngenani wong-wong kang banget rugi (saking)
kelakuwané? [103]. Hiya iku wong-wong kang wis muspra tumindaké sajroné
urip ana alam donya iki, sedheng dhèwèké
kabèh padha ngira yèn dhèwèké kabèh wis padha
nglakoni saapik-apiké [104].
Dhèwèké kabèh iku wong-wong padha kafir (ngingkari) ing atasé ayat-ayaté
Pangérané dhèwèké kabèh lan (kufur ing atasé)
sapatemon karo Panjenengané (Gusti Allah), mula banjur sirna
amalan-amalané dhèwèké kabèh, lan Ingsun ora bakal ngétung /ngrèken tumrap
(amalan) dhèwèké kabèh ana ing dina Kiyamat. (QS. Al-Kahfi [18]:103-105).
Para sadhèrèk kula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Sanès kathahing
amal ingkang dipunkersakaken dening Allah Ta’ala, hananging ingkang
dipunkersakaken Allah Ta’ala, amal punika leres punapa klèntu. Wonten 2 (kalih)
syarat dipuntampinipun amal, inggih punika ikhlas lan leres (mutaba’ah). Ikhlas
tegesipun ngamal kunjuk Allah Ta’ala, lajeng ingkang kanti leres tegesipun
cocok kaliyan sunnahipun Rasulullah saw. Awit saking punika, sumangga kita amal
kanthi sahé lan leres. Kanthi cara sinau agami supados mangertosi syari’at
agami ingkang dipunkersakaken dening Allah SwT.
Sedhèrèk kula
ingkang tansah winengku ing karaharjan, boten sadaya tiyang ing Neraka punika
tiyang-tiyang ingkang selaminipun wonten ing alam donya remenipun tumindak
maksiat, ketagihan narkoba, korupsi, tumindak zina, lan sapanunggalanipun.
Kasunyatanipun penghuni Neraka punika wonten ingkang sregep ngibadah, sregep
ngamal, malah kapara ngantos kesayahan anggènipun ngamal, hananging anggènipun ngamal lan ngibadah
punika kalebet ngamal ingkang klèntu lan sasar.
Kita sadaya
sampun hanggadhahi pawitan iman, kantun saatipun kita mbudi daya amrih amal kita
dipuntampi Allah Ta’ala. Mbudi daya supados amal ingkang dipuntindakaken punika
kalebet amal ingkang leres. Leres jumbuh kaliyan kriteria ingkang sampun dipun-garisaken
dening syari’at.
Mugi-mugi
sadaya amal ibadah kita dipuntampi déning Allah Ta’ala, lan kita dipun
tebihaken saking amal-amal ingkang muspra.
Amin Yaa Rabbal
‘Alamin.
أَقُوْلُ
قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 050716, 07.15)=-
No comments:
Post a Comment