Saturday, March 10, 2018

SAKIT JIWA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad Salallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala paring anugerah jiwa dhateng tiyang ingkang ageng sanget gina lan manfa’atipun. Kanthi jiwa tiyang saged ngraosaken seneng, susah, tentrem, gela, lan kuciwa. Jiwa mujudaken keajaiban ingkang dhateng saking Allah Subhanahu wa Ta’ala. Jiwa tansah nganthi lan nuntun tiyang tumuju dhateng Nur Ilahi, nuntun dhateng cahyaning bebener. Hananging kados ugi raga, pramila jiwa inggih saged kataman sakit.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Wondéné jiwa ingkang kataman sakit punika mawarni-warni rupinipun, lan ing antawisipun arupi:
1.      Al-Hamm = Gelisah / Cemas / tansah rumaos kuwatir.
Jiwa ingkang tansah kuwatir, cemas, lan gelisah punika jalaranipun tiyang ingkang kirang pitados ing dhiri, dhemam panggung, utawi tiyang ingkang nembé kémawon tumindak ngapusi.
Al-Hamm dipunraosaken khawatir kécalan pangkat / jabatan, utawi kécalan popularitas.
Amrih jiwa boten kataman sakit Al-Hamm utawi gelisah dipuntuntunaken supados tansah tumindak kesahénan, umpaminipun tumindak jujur. Hambudidaya amrih pangandikanipun lan tumindakipun tansah jujur. Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika, bilih jujur punika nentremaken manah:
فَإِنَّ الصِّدْقَ طُمَأْنِيْنَةٌ .... .
Tegesipun: “Satemené jujur kuwi luwih nentremaké jiwa”. (HR. Ahmad).

2.      Al-Hazan =  Sedhih.
Jiwa ingkang sedhih saged karaosaken tiyang jalaran ènget perkawis awon ingkang sampun dipunlampahi ing wekdal sadèrèngipun. Kados umpaminipun musibah, dipuntilar tiyang ingkang sanget dipuntresnani, lan wonten sambung rapetipun wekdal ingkang sampun  lumampah.
Wonten ing agami Islam sedhih punika boten dipunawisi, jalaran mujudaken nalurinipun tiyang, malah kapara sasampunipun tumindak dosa mujudaken perkawis ingkang pinuji.
Sedhih ingkang dipunawisi punika sedih ingkang kabablasan, ingkang ndadosaken manah sungkan, ical raos optimis, lan boten remen dhateng Gusti Allah Ta’ala, ingkang ndadosaken syetan njurung tumindak ingkang dipunawisi Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Syetan punika remenipun nyaladi utawi bisik-bisiki dhateng tiyang supados tumindak ingkang boten sahè.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
إِنَّمَا النَّجْوَى مِنَ الشَّيْطَانِ لِيَحْزُنَ الَّذِيْنَ آمَنُوْا ... .
Tegesipun: “Satemené rembugan kang nyaladi iku saka syetan, supaya wong-wong iman iku padha sedhih … .” (QS. Al-Mujaadilah [58]: 10).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Wondené cara nanggulangi raos sedhih punika ing antawisipun kita yakin bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah sandhing caket dhumateng kita, lan tansah tresna kanthi nikmatipun.
Kita yakin bilih gesang ing alam donya boten langgeng, asring ningali babagan kadonyan dhateng tiyang sangandhapipun. Lan supados sedhih boten kalantur-lantur, prayogi dipunkanthèni kanthi sabar lan shalat.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
3.      Al-‘Ajz = wegah.
Al-‘Ajz antonimipun Al-Hazm = tékad lan hasrat ingkang kiyat. Al-‘Ajz sifatipun boten mligi babagan kadonyan, hananging ugi babagan kaakhiratan. Saben tiyang Islam dipunsuprih supados kiyat imanipun, supados saged nindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan nilar sadaya pepacuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala rampung kanthi tuntas, saha boten ngendhé-endhé ing rèh kasahénan.
Ibnu ‘Atha’ ngendika: “Saben-saben wektu kang tumeka iku mungguhing Allah Subhanahu wa Ta’ala mujudaké kuwajiban kang anyar tumrap sira”.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Ing wasana mugi kita dipuntebihaken saking raos tansah khawatir (AL-Hamm), sedhih (AL-Hazan), lan wegahan (AL-’Ajz) ingkang ndadosaken tiyang boten saged produktif.
اَللَّهُمَّ إِنِّيْ أَعُوْذُ بِكَ مِنَ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَالْعَجْزِ ... .
 “Dhuh Allah, kula nyuwun pangreksa dhumateng Panjenengan, mugi Paduka kersa hanebihaken kula saking sifat utawi jiwa ingkang gorèh/boten jenjem/gelisah, sedhih, lan wegahan”.
Aamiin Yaa Rabbal ‘Alamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 050317, 13.36)=-



No comments:

Post a Comment