السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ
لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا
وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى
يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ
وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا
رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا
وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ
تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا,
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ
وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ
وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ
اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ
ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin
Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah
subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya
alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang
maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra)
lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan
taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi
kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan
karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah
dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul
pungkasan; Muhammad shalallahu ‘alaihi wa salam, sumrambah
dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan
mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin
jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Dakwah amar ma’ruf
nahi mungkar punika pancèn dados
kewajibanipun dhateng saben-saben tiyang Islam. Ngajak tumindak sahé lan
ngémutaken supados nilar tumindak awon, nyuwijèkaken lan boten nyekuthokaken
Allah SwT., saha nindakaken sedaya syari’atipun Allah SwT. amrih pikantuk
rahmatipun Allah SwT.
Manawi dakwah kasebat
dipuntilar sampun mesthi kémawon tujuan dakwah ingkang luhur lan mulya punika
boten badhé kawujud. Lajeng manawi makaten temtu badhé tuwuh kemusyrikan
lantaran tauhidipun cacat lan boten leres. Manawi ketauhidan dhumateng Allah
SwT. boten wonten utawi wonten hananging boten leres, temtu boten wonten ugi
hukum Allah SwT.. Manawi tiyang punika gesang kanthi hukum Jahiliyah, pramila
sanès rahmat Allah SwT. ingkang badhé dipunpanggihi, hananging laknat ingkang
badhé dipunsandhang, ingkang wujud karisakan, kejahatan lan sapanunggalanipun.
Kejahatan lan karisakan
punika boten namung khusus tumama lan kasandhang dhateng tiyang dhalim kémawon,
nanging badhé kasandhang dhateng sadaya tiyang, kalebet tiyang Islam. Malah
badhé kalampahan ugi kita badhé kapimpin déning tiyang ingkang awon akhlaqipun,
lajeng kawontenan masyarakat badhé morak-marik boten wonten juntrungipun.
Pungkasanipun badhé gesang nalangsa lan sangsara. Kanthi punika temtu kita
minangka tiyang Islam ingkang nggadhahi iman boten rila lan lega ningali
kawontenan kasebat.
Awit saking punika poma
dipoma kita sampun ngantos nilaraken dakwah. Pepémutipun Allah SwT. gegayutan
kaliyan tiyang ingkang boten kersa dakwah kasebat wonten ing Al-Qur’an surat
Al-Baqarah [2]: 174;
إِنَّ
الَّذِينَ يَكْتُمُونَ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ مِنَ الْكِتَابِ وَيَشْتَرُونَ بِهِ
ثَمَنًا قَلِيلًا ۙ أُولَٰئِكَ مَا يَأْكُلُونَ فِي بُطُونِهِمْ إِلَّا النَّارَ
وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللَّهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيهِمْ وَلَهُمْ
عَذَابٌ أَلِيمٌ
“Sanyata wong kang padha
ngumpetaké barang kang wus diturunaké Allah yaiku Al-Kitab, lan padha ngedol
barang iku sarana rega kang sethithik, mangka dhèwèké ora padha mangan
nglebokaké ing wetengé, kajaba mung geni; lan bésuk ing dina Qiyamat Allah ora
kersa ngresikaké wong mau, lan bakal padha kapatrapan siksa kang nglarani
banget.” (QS. Al-Baqarah [2]: 174).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Tiyang Islam ingkang
nilar Dakwah punika sami ugi piyambakipun mirsani tiyang sanès tumindak lepat, lan
supé, hananging lajeng boten kersa ngémutaken lan ngleresaken saha paring
pangertosan. Ingkang makaten tiyang
sanès lajeng gesang boten sumerep paugeran (syari’at) Islam, tumindak lan angen-angenipun
tansah lepat lan nalingsir saking Islam. Salajengipun panggesanganipun tiyang
bandhé gesang rekaos, nalangsa lan ina wiwit ing donya lan akhirat.
Hanaging manawi tiyang
punika tansah iman lan taqwa dhumateng Allah SwT., badhé gesang sinandhing
kaliyan berkahipun Allah SwT.
Berkahipun Allah saking
langit lan bumi badhé kaparingaken dhateng tiyang ingkang iman lan taqwa
dhumateng Panjenenganipun. Kados dhawuipun Allah SwT. wonten ing Al-Qur’an
surat Al-A’raf [7]: 96), makaten:
وَلَوْ
أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ
مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا
يَكْسِبُونَ
“Mangka saupama
wong-wong penduduking Negara mau padha gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti
dhèwèké Ingsun bukakaké berkah saka ing langit lan bumi, ananging bareng
dhèwèké malah padha anggorohaké. Ingsun banjur matrapi paukuman marang
wong-wong mau, sabab saka tingkah lakuné kang wus padha ditindakaké”. (QS.
Al-A’raf [7]:96).
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Allah SwT. sampun
dadosaken dakwah minangka solusi kanggé ngentasaken sadaya perkawising umnat.
Manawi kémawon kita kersa sinau lan kersa maos sejarah wonten ing Al-Qur’an,
pramila sapérangan ageng wosing carita awujud kisah-kisah dakwah lan kados
pundi anggènipun para Nabi lan Rasul nindakaken dakwah. Awit saking punika,
tiyang kedah kersa mikul tugas dakwah kados déné para shahabat Nabi saw.
nindakaken dakwah.
Dakwah punika kedah
dipuntindakaken kanthi wicaksana, lan kanthi paring tuladha ingkang sahé amrih
dakwah kasebat saged kasembadan kanthi sahé. Allah SwT. suka paring pitedah
amrih dakwah saged kasembadan jumbuh kaliyan tujuwanipun, inggih punika:
ادْعُ
إِلَىٰ سَبِيلِ رَبِّكَ بِالْحِكْمَةِ وَالْمَوْعِظَةِ الْحَسَنَةِ ۖ
وَجَادِلْهُمْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَنْ
ضَلَّ عَنْ سَبِيلِهِ ۖ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ
“Sira ngajaka marang agamané
Pangéranira (dakwah Islamiyah) kalawan kawicaksanan, lan pitutur kang becik,
lan sira mangsulana wong-wong kang ambantah ing sira nganggo alesan kang becik.
Satemené Pangéranira iku luwih Ngawuningani marang wong-wong kang olèh
pituduh”. (QS. An-Nahl [16]: 125).
Kita saged gambaraken
manawi dakwah boten katindakaken, mesthi ing donya badhé tuwuh kebak
kemungkaran, kekacauan, lan kanisthan. Na’udzu billahi min dzalik.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ
كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms,141217, 10.56)=-