Thursday, October 9, 2014

UMUR PANJANG PUNIKA NIKMAT

UMUR PANJANG PUNIKA NIKMAT




Dening: Moh.Sumari
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan nambahi syukur kita dhateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan ndedonga mugi-mugi kita kalebet dhumateng ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmatipun Allah Swt.
Salajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Salawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang tansah manut dherek dhawuhipun. Amin YRA.
Hadirin igkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Umur  panjang punika mujudaken satunggaling nikmat, makaten miturut dhawuh pangandikanipun tiyang ingkang sami wasis lan pinter nyukuri nikmatipun Allah Swt. Umur panjang punika mujudaken kenikmatan lan anugerah peparingipun Allah Swt. tumrapipun tiyang ingkang kagungan iman, kejawi nikmat gesang punika piyambak. Kanthi umur panjang, ganjaran samsaya tambah sesarengan tambahing ketaatanipun dhumateng Allah Swt. ingkang dipun tindakaken. Inggih jalaran saking punika Rasulullah saw. ngawisi kita ngarep-arep pejah. Wonten satunggaling cerita ingkang trenyuhaken saking Abu Bakrah gegayutan satunggaling tiyang ingkang nyuwun mangertos dhumateng Rasulullah saw.:
أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ. قَالَ: فَأَيُ النَّاسِ شَرٌّ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ. (رواه احمد)
“Dhuh Rasulullah, sinten to ingkang kawastanan tiyang sae punika?”. “Wong kang dawa umure lan becik amal penggaweyane,” Dhawuh wangsulanipun Nabi saw. Saklajengipun sinten to ingkang kawastanan tiyang awon punika?. Yaiku wong kang dawa umure nanging ala panggaweyane”. (HR. Ahmad).
Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Rasulullah saw. paring dhawuh: “Aja ngangsi salah suwijining sira kabeh padha ngarep-arep marang pati. Lamun dheweke kuwi klebu wong kang becik, mbok menawa wae tumindak becik kang den lakoni bakal bisa tambah. Sak umpama dheweke kuwi klebu wong kang ala, mbok menawa dheweke bisa ngilangi aib kang ana sajroning awake kanthi tobat.” (HR. Ahmad).
Abu Hurairah ra. sampun nate wasiat, bilih anuju satunggaling wekdal Rasulullah saw. dhawuh:
أَعْذَرَ اللهُ إِلَى امْرِءٍ أَخَّرَ أَجَلُهُ حَتَى بَلَغَ سِتِّنَ سَنَةً. (رواه احمد).
“Allah Swt. paring pangapura marang suwijining wong kang Panjenenganipun dawakake umure nganti umur 60 tahun”. (HR.Ahmad).
Wondene suraosipun hadits kasebat ing nginggil inggih punika, bilih manawi tiyang sampun dumugi umur kasebat, pramila Allah Swt. boten badhe maringi malih pancatan ingkang saget dipunaturaken kangge suwala, jalaran wonten ing umur punika tiyang sampun nyaketi pejah. Wonten ing umur punika sampun samesthinipun tiyang lajeng tobat dhumateng Allah Swt. sinambi nengga dhatengipun pejah. Sahingga boten wonten malih ingkang pantes dipuntindakaken, kajawi namung sumarah lan pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt. kanthi; ngathah-ngathahaken dzikir, donga, istighfar, maos Al-Qur’an, lan enggal-enggal nindakaken amal kesaenan ingkang saget jalari caket dhumaateng ngarsanipun Allah Swt. Lan sampun dados samesthinipun wonten ing umur punika, boten wonten sanes namung nengga dhatengipun pejah.
Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Abu Hurairah ra. ngendika, Rasulullah saw. sampun nate dhawuh:
أَعْمَرُ أُمَّتِيْ مَا بَيْنَ سِتِّيْنَ إِلَى السَّبْعِيْنَ, وَأَقَلُّهُمْ مَنْ يَجُوْزُ ذَلِكَ. (رواه الترمذى).
“Umur umatku iku 60 nganti tumeka 70 tahun. Sithik banget kang bisa luwih saka iku.” (HR. Tirmidzi). 
Hadits kasebat ing nginggil nedahaken bilih, tiyang ingkang sampun ngancik yuswa punika ingkang saget dipunmangertosi kanthi kepikunan lan keringkihan, prayoginipun menggalih akhirat kanthi ngupados sangu lan cecawis kangge mangayubagya dhatengipun maut lan pinanggih kalian Allah Swt.
Ageng sangat manfaat ingkang saget dipunpetik manawi wekdal gesang langkung dangu lan dipunlandasi kanthi iman. Jalaran iman mujudaken amal ingkang langkung utami. Kanthi iman saget nglantaraken tiyang tumindak kesaenan, lan ibadah-ibadah sanesipun. Wonten ing satungguling wekdal Rasulullah saw. dhawuh:
“Ora ana suwijining wong kang luwih utama ana ing ngarsane Allah Swt., kajaba wong kang iman duweni umur dawa ngrungkebi agama Islam, amarga tasbih, tahlil kang dheweke tindakake”. (HR. Ahmad).
Lajeng kenging punapa taksih wonten kemawon tiyang ingkang nggadhahi pikajengan supados pejah? Pancen kasinggihan, kita dipunparengaken donga lan nyuwun kanthi pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt. saumpami kita saget gesang terus, lan kita was-was saha khawatir manawi sendi-sendi pokokipun agami kita badhe kropos. Rasulullah saw. dhawuh wonten ing hadits ingkang dipunastha dening shahabat Anas ra.:
“Aja nganti salah suwijining sira kabeh kang duweni pengarep arep tekane pati jalaran bebaya kang dentampa. Lamun dheweke kudu nglakoni, mula prayoga dheweke donga: “ Dhuh Gusti Allah, mugi kersa Paduka paring gesang manawi gesang punika langkung sae menggahing badan kula lan mugi kersa Paduka maringi pejah dhumateng kula manawi pejah punika langkung sae menggahing badan kula”. (HR. Ahmad).
Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Hadits kasebat ing nginggil, nedahaken bilih ngarep - arep dhatengipun pejah punika pikantuk, manawi  kanthi lelambaran manah ingkang tulus dhumateng Qadla lan Qadaripun Allah Swt. lan boten amargi jalaran nandhang susah lan pacoben gesang ingkang dipunlampahi. Agami Islam ngawisi umatipun bunuh dhiri, jalaran bunuh dhiri punika badhe rugi ing donya lan ing akhirat. Lan inggih namung tiyang ingkang bodho kemawon ingkang nyedya bunuh dhiri. Piyambakipun rumaos bilih bunuh dhiri punika saget ngrampungi sedaya perkawis. Piyambak ipun badhe nampi ganjaran arupi siksa ingkang salami-laminipun boten wonten pungkasanipun.
Saking Tsabit bin Dhahhak ra. , Rasulullah saw. paring dhawuh:
مَنْ قَتَلَ نَفْسَهُ بِشَيْءٍ فِيْ الدُّنْيَا عُذِّبَ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ. (رواه احمد).
“Sapa wae wong kang bunuh dhiri marang awake dhewe ing donya kanthi nggunaake samubarang, mangka wong kuwi mau bakal disiksa nganggo samubarang kuwi mau ana ing dina kiamat.” (HR. Ahmad).
Sanget anggenipun cilaka lan kapitunan tiyang-tiyang ingkang bunuh dhiri punika. Piyambak ipun badhe mlajar saking takdir lan pepestenipun Allah Swt. lan lila dhumateng pepesten ingkang dipuntulis wiwit zaman azali. Piyambakipun badhe pikantuk siksa donya jalaran bunuh dhiri punika lan siksa akhirat benjang. Awit saking punika, mesthinipun kita lajeng ngatos-atos sampun ngantos nglampahi. Pasrah dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh kemawon boten sampurna, kajawi kita kedah lila lan legawa dhumateng takdir lan pepestenipun Allah Swt.
Ibnu Abbas ra., salah satunggaling shahabat Nabi saw. ngendika bilih piyambakipun nate mireng Rasulullah saw. paring dhawuh:
نِعْمَمَتَانِ مَغْبُوْنٌ فِيْهِمَا كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ. (رواه احمد).
“ Ana rong nikmat kang bebathene karone ora bisa dijupuk manfaat tumrap wong akeh, yaiku kesehatan lan wektu longgar.”  (HR. Ahmad).
Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Ingkang kawastanan nikmat inggih punika satunggaling kawontenan ingkang ngremenaken lan kawontenan ingkang saget dipunmanfaataken saha dipunraosaken kenikmatanipun.
Hadits kasebat ing nginggil saboten-botenipun saget dipunmangertosi bilih kesehatan lan wekdal longgar punika satunggaling nikmat ingkang berharga sanget lan kedah dipunmanfaataken kanthi sasae-saenipun, jalaran badhe dipunsuwuni tanggel jawabipun wonten ngarsanipun Allah Swt. benjang ing akhirat samangkeh. Temtu kemawon ugi nikmat-nikmat peparinganipun Allah Swt. sanes ingkang gilir gumanti selaminipun gesang. Manawi tiyang saget nyukuri nikmat-nikmat kasebat kanthi nindhakaken hak-hakipun Allah Swt., insya Allah badhe pikantuk keuntungan lan kabagyan. Nanging manawi kosok wangsulipun, tentu kemawon tiyang badhe rugi lan boten badhe pikantuk keuntungan anggenipun ngawontenaken bebakulan kalian Allah Swt. selaminipun gesang ing alam donya punika. Tiyang boten saget mendhet manfaat nikmat umur panjang, wekdal, lan kesehatan ingkang dipunparingaken Allah Swt. kanthi sasae-saenipun.
Rasulullah saw. paring pepemut:
كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيْبٌ أَوْ عَابِرُ سَبِيْلٍ. (رواه احمد).
“Uripa sira ing donya iki kaya dene wong kang manca utawa wong kang lagi lelungan.”  (HR. Ahmad).
Umur panjang pancen nikmat, ananging sekedhik sanget tiyang ingkang ngginakaken nikmat punika kanthi sasae-saenipun. Kathah-kathah ipun tiyang ngginakaken wekdal longgar, umur ingkang sampun dungkap, badan sehat kanthi muspra. Boten dipun-ginakaken kangge perkawis ingkang migunani tumrap gesang ing akhirat. Allah Swt. ngerehaken wekdal punika kadhawuhan mendhet kenikmatan ipun. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Swt.
uqèdur Ï%©!$# Ÿ@yèy_ Ÿ@øŠ©9$# u$yg¨Y9$#ur Zpxÿù=Åz ô`yJÏj9 yŠ#ur& br& tž2¤tƒ ÷rr& yŠ#ur& #Yqà6ä© ÇÏËÈ  
“Lan Penjenengane (uga) kang nitahake wengi lan rina gilir gumanti tumrap wong kang ngarepake pitutur utawa wong kang ngarepake syukur (nyukuri nikmate Gusti Allah).” (QS. Al-Furqaan [25]: 62).
Ayat sanesipun, Allah Swt. paring dhawuh:
t¤yur ãNä3s9 }§ôJ¤±9$# tyJs)ø9$#ur Èû÷üt7ͬ!#yŠ ( t¤yur ãNä3s9 Ÿ@ø©9$# u$pk¨]9$#ur ÇÌÌÈ  
Lan Penjenengane wis ngerehake (uga) tumrap sira kabeh srengenge lan rembulan kang terus-terusan mubeng (ana ing kubengane dhewe-dhewe) lan wis ngerehake tumrap sira kabeh wengi lan rina.” (QS. Ibrahim [14]: 33).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Makaten, lan semanten khutbah ingkang saget kula aturaken wonten ing siang punika. Mugi-mugi saget nambahi iman lan takwa kita dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Amin yra.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
KHUTBAH II
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. اِنَّ اللهَ وَمَلَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.  اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَيْتَ عَلَى اِبْراَهِيْمِ وَعَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمِ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَرَكْتَا عَلَى اِبْرَاهِيْمِ وَعَلَ اَلِ اِبْرَاهِيْمِ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. آمِيْنَ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
اَلَّلَهُمَّ أَكْفِنِيْ بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَاَغْنِنِيْ بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ. اَلَّلهُمَّ إِنِّيْ أَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْغِنَى. رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ, وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ لِلَهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ, اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ, وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(291212, 09.45)=-

3 comments:

  1. matur suwun nderek copy nggiiih

    ReplyDelete
  2. nggen qur'an kok mboten tulisan arab pripun nggih

    ReplyDelete
  3. ngaputen, Quran MS word ipun boten saget dipun waca kaliyan blogger.

    ReplyDelete