Thursday, October 9, 2014

AMRIH NURANI TETEP TAJEM NINGALI KASUNYATAN

AMRIH NURANI TETEP TAJEM  NINGALI KASUNYATAN




-=[13]=-
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.  يَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nurani kita badhe ngraosaken susah lan nalangsa, manawi mirsani panggesangan ing zaman samangke. Manawi dipuntingali para tiyang samangke kathah ingkang dhangan (sehat) secara fisik, nanging nuraninipun gerah (sakit). Piyambakipun mratelakaken minangka tiyang modern, nanging miskin adab lan condhong dhateng primitif. Piyambakipun punika tiyang sekuler, misahaken makhluq saking Dzat Ingkang Maha Nyipta. Allah Swt. dhawuh:

                
Îû NÎgÎ/qè=è% ÖÚz£D ãNèdyŠ#tsù ª!$# $ZÊttB ( óOßgs9ur ë>#xtã 7OŠÏ9r& $yJÎ/ (#qçR%x. tbqç/Éõ3tƒ ÇÊÉÈ  
Ing atine wong-wong munafiq ana penyakite, nuli dheweke ditambahi penyakit dening Allah, lan dheweke bakal oleh siksa kang banget larane, sebab anggone padha goroh.” (QS. Al-Baqarah [2]:10).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Amrih manah kita tetep tajem utawi landhep mirsani kasunyatan, antawisipun inggih punika:
            1. Mbudidaya sadaya pangibadahan namung kita aturaken dhumateng ngarsanipun Allah Swt. piyambak. Allah Swt. dhawuh:
$tBur àMø)n=yz £`Ågø:$# }§RM}$#ur žwÎ) Èbrßç7÷èuÏ9 ÇÎÏÈ  
“Lan Ingsun ora nggawe jin lan manungsa kejaba supaya dheweke kabeh padha nyembah marang Ingsun.“ (QS. Adz-Dzariyaat [51]: 56).
            2. Ngathah-ngathahaken dzikir nalika wonten ing wekdal rame sesarengan tiyang kathah utawi wonten ing wekdal sepi piyambakan. Allah Swt. dhawuh:
$pkšr'¯»tƒ tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä (#râè0øŒ$# ©!$# #[ø.ÏŒ #ZŽÏVx. ÇÍÊÈ  
“He wong-wong kang padha iman, padha dzikira sira kabeh (kanthi nyebut asma) Allah, kelawan dzikir kang saakeh-akehe.” (QS. Al-Ahzab [33]: 41).
Kanthi dzikir badhe nggadhahi raos ajrih dhumateng Allah lan badhe rumaos dipunpirsani dening Allah Swt. wonten ing papan pundi kemawon. Salajangipun badhe sadhar, lajeng tobat lan istighfar nyuwun pangapunten dhumateng Allah Swt. ing pangajab badhe dipunngapunten dosa maksiyat ingkang dipunlampahi.
            3. Sregep nindakaken shalat dalu (lail). Rasulullah saw. ngendika: “Padha nenetepana sira kabeh nindakake shalat wengi, jalaran shalat wengi iku mujudake pakulinane wong-wong shalih sadurungira, bisa marekake marang Allah, ngedohake saka tumindak dosa, bisa mbusek panggaweyan kang ala, ngedohake lelara kang saka jero awak.” (Riwayat At-Tirmidzi, Al-Hakim lan Al-Baihaqi).
            4. Remen sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang shalih. Allah dhawuh dhumateng kita supados sesarengan kaliyan tiyang-tiyang ingkang leres (shalih).


“He wong-wong kang padha iman! Padha takwaha sira kabeh marang Gusti Allah, lan anaha sira kabeh bebarengan wong-wong kang padha bener.” (QS. At-Taubah [9]:119).
 Wondene tandha-tandhanipun tiyang shalih inggih punika tiyang ingkang tansah taat lan ajeg ngamal kanthi mbudidaya tansah ikhlas, sregep tumrap pribadinipun kangge nyumerepi kekiranganipun piyambak lan boten sregep pados awonipun tiyang sanes, mrihatosaken dhumateng umat Islam, lan nggadhahi greget (gairah/semangat) ngadhepi perkawisipun umat.
            5. Ngathah-ngathahaken muhasabah. Muhasabah inggih punika ngetang-etang lan ngangen-angen dhumateng sadaya pandamelan ingkang sampun dipuntindakaken. Muhasabah punika mujudaken perangan perkawis ingkang sanget wigatos gegayutan kaliyan takwanipun tiyang. Allah swt. dhawuh:



“He wong-wong kang padha iman, padha takwaha marang Allah lan prayogane saben awak-awakan migatekake apa kang wis den lakoni kanggo dina mburi (akhirat) lan padha takwaha marang Allah, satemene Allah Maha Pirsa kelawan apa wae kang sira kabeh padha lakoni.” (QS. Al-Hasyr [59]: 18).

Nasehatipun Umar al-Faruq: “Hisaben awakira kabeh sadurunge sira kabeh den hisab, timbangen sira kabeh sadurunge sira kabeh dentimbang, lan siap-siapa sira kabeh kanggo ngadhepi tontonan kang banget gedhene (dina kiyamat). Ing dina iku sira ditemokake marang papriksan kang ora ana sawiji apa wahe kang ora katon sangka amal penggaweyanira.”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Makaten khutbah ingkang saged kula aturaken wonten ing shalat Jum’at punika, mugi-mugi Allah Swt. tansah maringi kekiyatan dhumateng kita murih nurani kita tetep tajem/landhep kangge mirsani kasunyatan panggesangan ing wekdal samangke. Ing wusana mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

-=[hms]=-


No comments:

Post a Comment