Thursday, October 9, 2014

SARAS PUNIKA NIKMAT

SARAS PUNIKA NIKMAT



-=[21]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandang lan tedha dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin, jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Swt.
Bagas kesarasan punika satunggaling nikmat peparingipun Allah Swt., mujudaken donya brana ingkang awis reginipun. Bagas kesarasan punika saged kaumpamikaken rambut ing sirah. Minangka makutha ingkang kedah dipunrumat lan dipunupakara kanthi sae, amrih sekeca manawi dipunraosaken lan katingal ngresepaken manawi dipunpriksani tiyang sanes. Agami kita Islam mrayogekaken dhumateng umatipun saben satunggal minggu sapisan paling boten manawi badhe tindak shalat Jum’at kadhawuhan adus kanthi sacara syari’at. Kanthi punika kajawi badhe nambah saenipun rambut ugi badhe dados sampurnanipun ibadah shalat Jum’ah. Emanipun rambut boten gampil dipunpriksani, kajawi sampun kataman sakit. Manawi sampun kataman sakit nembe kraos manawi nggadhahi rambut ingkang endah lan awis reginipun. Makaten gambaranipun bagas kuwarasan.     
Kathahipun tiyang punika sami lena boten kraos dhumateng kesarasan ingkang dipunparingaken dening Allah Swt., jalaran kesarasan mujudaken nikmat peparingipun Allah Swt. ingkang sanget ageng, lan boten namung samadya kemawon. Lan inggih jalaran ageng punika kathah tiyang ingkang sami lena lan supe boten syukur dhumateng Allah Swt.
Badhe nyukuri nikmat kesarasan peparingipun Allah Swt. punika pancen angel sanget, pramila kathah tiyang ingkang nglenggana lan eling rumaos bagas kesarasan sasampunipun tiyang kataman sakit. Piyambakipun rumaos manawi saras punika nikmat ingkang ageng.
Badan kraos boten sekeca nembe rumaos bilih bagas kesarasan punika ageng sanget paedahipun, lan nembe emut dhumateng Allah Swt.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ibnu Abbas ra., salah satunggaling shahabat Nabi saw. ngendika bilih piyambakipun nate mireng Rasulullah saw. paring dhawuh:
نِعْمَتَانِ مَغْبُوْنٌ فِيْهِمَا كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ. (رواه احمد).
“ Ana nikmat loro kang keuntungan karone ora bisa dijupuk manfaat tumrap wong akeh, yaiku kesehatan lan wektu longgar.”  (HR. Ahmad).
Wonten ing riwayat sanes Rasulullah saw. dhawuh: ”Ana nikmat loro kang akeh-akehe manungsa padha lena, yaiku nikmat kawarasan lan kasempatan.” (HR. Bukhari saking Ibnu Hibban).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Makaten lan pancen nyata kathahipun tiyang sami lena lan boten rumaos pikantuk nikmat ingkang ageng saking Allah Swt. awujud bagas kesarasan, lan nembe rumaos manawi kataman sakit.
Tiyang nembe rumaos nikmat saged ambegan kanthi longgar, sasampunipun sakit pilek utawi kataman sakit polip. Rumaos pikantuk nikmat ingkang ageng, sasampunipun mirsani tiyang mimisen, lan getihipun jendhel lan kristal saderengipun medal saking irung lan kedah dipunoprasi amprih saged ambegan liwat irung.
Tiyang rumaos nikmat saged dhahar eca sasampunipun dhangan saking sakit sariawan. Nikmat dipunparingi saras mripatipun sasampunipun dhangan sakit belekipun utawi ical anggenipun klilipen.
Rumaos pikantuk nikmat ingkang ageng saged tindak pundi kemawon sasampunipun mangertosi tiyang ingkang dipundangu dening dokter bedhah; ndangu dhumateng satunggaling pasien: “ Pak, panjenengan dipunkubur sukunipun rumiyin punapa sareng sadaya raga panjenengan?” Suku kula rumiyin dokter, atur jawabipun pasien, jalaran sakit gula ingkang kedah dipunamputasi.
Makaten pangandikanipun tiyang ingkang pikantuk rahmatipun Allah Swt. nalika kataman sakit. Anggenipun sakit ndadosaken tambah syukur lan imanipun dhumateng Allah Swt. Kataman sakit dados margining ngibadah sangsaya tambah lan temtu kemawon badhe nambahi ganjaran saking Allah Swt. Nanging tumrapipun tiyang ingkang kafir, kataman sakit malah dados tambah kufuripun dhumateng Allah Swt.
Jama’ah Jum’ah ingkang dipun-mulyakaken Allah Swt.
Satunggaling carios nalika nabi Ayub as. nandhang gerah ingkang kedah dipunasingaken dening kaumipun, malah garwanipun piyambak boten kersa ngopeni jalaran kawotenan sakitipun. Nabi Ayub as. dipunaturi donga nyuwun enggal dipunparingi saras anggenipun sakit dening para shahabatipun, nabi Ayub as. malah ngendika makaten: “Aku isin marang Allah Swt., jalaran anggonku lara iki lagi sawetara sasi wae, banjur anggonku saras peparingane Allah Swt. kuwi luwih suwe sasuwene uripku sadurunge.”
Allah Swt. dhawuh minangka ngemutaken dhumateng kita:
øŒÎ)ur šc©Œr's? öNä3š/u ûÈõs9 óOè?öx6x© öNä3¯RyƒÎV{ ( ûÈõs9ur ÷LänöxÿŸ2 ¨bÎ) Î1#xtã ÓƒÏt±s9 ÇÐÈ  
“Lan (elinga uga), arikalane Pangeran ira kabeh mbiwarakake (kang surasane): “Sayekti kalamun sira kabeh padha syukur, mesthi Ingsun bakal paring tambahan (nikmat) marang sira kabeh, lan kalamun sira kabeh padha ngingkari (nikmat Ingsun), mula satemene siksaingsun iku banget larane.” (QS. Ibrahim [14]:7).
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

-=(hms)=-




No comments:

Post a Comment