Thursday, October 9, 2014

SIFAT TIYANG MUNAFIQ

SIFAT TIYANG MUNAFIQ






-=[6]=-
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng panutan kita Nabi Muhammad saw., para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang manut ndherek dhawuhipun. Amin yra.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul Karim surat Al-Baqarah [2]:204-205-206:

  

“Lan sadhengah saking manungsa iku ana wong kang gunemane nggawok-nggawokake (nggumunake) marang sira, ana ing sajerone uripe ana ing donya iki, dheweke nyeksekake marang Allah gandheng karo apa kang ana atine, ing mangka sejatine dheweke iku musuh (nabine Allah) kang paling jahat.” (204).“Lan nalikane dheweke wis mungkur (saking sliramu), dheweke gawe kerusakan ing bumi, lan ngrusak tetanduran lan kewan raja kaya, lan Allah iku ora seneng anane kerusakan.” (205).“Lan nalikane diucapake marang dheweke: “Taqwaha marang Allah”, mangka katon gumedhene kang nyebabake dheweke tumindak dosa. Mangka cukup (piwalese) neraka Jahannam. Lan yekti neraka Jahannam iku panggonan kang ala banget.” (206).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ayat kasebat ing nginggil paring pangertosan dhumateng kita gegayutan kaliyan sifat-sifat lan kelakuwanipun tiyang munafik. Wondene sifat-sifat lan kelakuanipun tiyang munafik inggih punika:
Ayat 204 surat Al-Baqarah dipunterangaken, bilih tiyang munafik punika omonganipun nggawok-nggawokaken manah, malah boten tidha-tidha dipunseksekaken dhateng ngarsanipun Allah ing pamrih supados dipunpercaya omonganipun. Nanging saestunipun piyambakipun punika pembangkang ingkang paling bandhel. Sumpah lan janji palsu dados pakulinanipun. Sumpah lan janji pancen dipunajaraken ing Agami Islam, nanging boten saben-saben perkawis kedah mawi sumpah lan janji; kados ucapan, Dhemi Dzat kang nguwasani jiwa lan ragaku,  Wallahi, Billahi, lan Tallahi. Sifat lan kelakuanipun tiyang munafik punika ngrisak lan bebayani tiyang kathah. Tiyang munafik punika langkung bebayani katimbang tiyang fasik. Ing lambe ngaku iman kamangka ing manah ingkar lan nentang Allah Swt.
Ayat 205 surat Al-Baqarah dipunterangaken, bilih tiyang munafik punika manawi sampun ngungkuraken kita lan kita boten nggraito dhumateng piyambakipun, pramila piyambakipun lajeng damel kerisakan ing lumahing bumi; kados ngrisak tanem-taneman, negor alas tanpa waton, damel pencemaran ing lautan. Semanten ugi damel risaking kewan ternak lan rajakaya. Ingkang sadaya kalawahu jalari banjir, siti-siti kathah ingkang longsor, kelestarian tetanduran lan kewan-kewan saged terancam lan musnah. Allah Swt. boten rena dhumateng tumindak ingkang saged ngrisak alam. Penghijauan lan peternakan minangka rahmatipun Allah Swt. kedah kita upakara kanthi sahe, jalaran sanget dipunbetahaken kangge panggesanganipun manungsa.
Ayat 206 surat Al-Baqarah dipunterangaken, bilih sifat lan sikapipun tiyang munafik punika manawi dipunajak taqwa; ajrih dhumateng Allah, malah ngetingalaken takaburipun jalari piyambakipun tumindak dosa.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wonten ing surat Ali Imran ayat 167 dipunterangaken, bilih tiyang munafik punika omonganipun slenca, “lain di bibir lain di hati”, manawi dipunparingi kapitadosan piyambakipun sulaya lan boten amanah. Dhawuhipun Allah Swt.:
4 šcqä9qà)tƒ NÎgÏdºuqøùr'Î/ $¨B }§øŠs9 Îû öNÍkÍ5qè=è% 3 ª!$#ur ãNn=÷ær& $oÿÏ3 tbqßJçFõ3tƒ ÇÊÏÐÈ  
“Dheweke kabeh padha ngucapake kanthi nganggo lisane apa kang ora ana ing sajrone ati. Lan Allah mirsani apa kang dheweke kabeh padha ngumpetake.” (QS. Ali Imran [3]:167).
Rasulullah saw. ngendika:
قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صلعم. اَيَةُ الْمُنَافِقِ ثَلاَثٌ: اِذَا حَدَّثَ كَذَّبَ, وَاِذَ وَعَدَ اَخْلَفَ, وَاِذَا اؤْتُمِنَ خَانَ. (مُتَفَقٌ عَلَيْه).
“Rasulullah saw.  ngendika: “Tandha-tandhane wong munafik iku telu, yaiku lamun dheweke ngomong ghoroh, lamun dheweke janji sulaya, lan lamun dheweke dipercaya khiyanat.” (Mutafaqun ‘alaih).
Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Makaten saperangan keterangan sifat-sifat lan kelakuwanipun tiyang munafik ingkang saged kula aturaken wonten ing khutbah siang punika. Mugi-mugi kita saged hanebihi saking sifat lan kelakwuan ingkang boten sae ingkang dipunawisi syara’.
Amin Ya Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

-=(hms)=-

No comments:

Post a Comment